Teks Khutbah Jumat Singkat
Kautaman Wulan Muharram
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ
اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ
اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ﷺ ingkang
tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Muharram punika wulan sepisanan ing kalender hijriyah utawi kalender islam.
Muharram punika artosipun suci utawi kinurmatan, dipun sebat wulan muharram amargi
katah sanget kautaman wonten ing saklebetipun wulan punika. Allah Subhanahu Wata’ala Ngendika:
إِنَّ
عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ
يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ
الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ
“Satemene wilangan sasi mungguhing
Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus kapacak ana ing kitabe Allah, wiwit
tumitahing langit lan bumi, ing antarane yaiku sasi papat kang mulya
(Dzulkaidah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab) kang mengkono iku agama kang
bener… “ (QS. At Taubah;36)
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten mimbar khutbah jumat siang punika kepareng badhe khatib aturaken
seperangan kautaman wulam muharram.
1.
Wonten
ibadah minulya inggih punika pasa asyura (10 muharram)
Rasulullah ﷺ ngendika:
أَفْضَلُ
الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلاَةِ
بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلاَةُ اللَّيْلِ
“Pasa kang paling afdhal sakwuse pasa ramadhan yaiku
pasa ing wulan muharram. Lan shalat kang paling afdhal sakwuse shalat wajib
yaiku shalat wengi. (HR. Muslim no. 1163).
Imam Nawawi –rahimahullah– ngendika:“Hadits
iku mujudake dhawuh
menawa wulan muharram iku wulan kang afdhal kanggo nindakake pasa.” (Syarh Shahih Muslim, 8: 55)
Ing hadits sanes Abu
Qatadah ngriwayataken bilih nabi ngendika:
قَالَ وَسُئِلَ عَنْ صَوْمِ يَوْمِ عَاشُورَاءَ
فَقَالَ : يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ
“Nabi shallallahu ’alaihi wa sallam
ditakoni bab pasa asyura, panjenengane ngendika: pasa asyura iku nglebur dosa
setahun kapungkur”. (HR. Muslim no. 1162).
2. Kedadosan wigatos ing wulan Muharram
a) Nabi Adam a.s lan Hawa dipun cipta denging
Allah Subhanahu Wata’ala wonten
ing wulan Muharram. Lan wonten ing wulan Muharram ugi Allah Subhanahu
Wata’ala paring ampunan dhateng Adam
lan Hawa saksampunipun Adam lan Hawa dipun dukani Allah Subhanahu Wata’ala amargi nyelaki wit khuldi ingkang dipun awisi
Allah.
b) Allah Subhanahu Wata’ala nylametaken nabi Nuh a.s lan sedaya
penderekipun saking banjir bandang wonten ing wulan Muharram.
c) Allah Subhanahu Wata’ala nylametaken nabi Ibrahim a.s. nalika dipun
obong namrud wonten ing wulan Muharram.
d) Nabi Yusuf a.s. dipun bebasaken saking
pakunjaran wonten ing wulan Muharram
e) Wonten ing wulan Muharram Allah Subhanahu
Wata’ala paring kesehatan dhateng
nabi Ayub saking penyakitipun.
f) Wonten ing wulan Muharram Allah Subhanahu
Wata’ala nurunaken kitab Taurat
dhateng nabi Musa a.s. Lan wonten ing wulan Muharram ugi Allah Subhanahu
Wata’ala nylametaken Musa lan
penderekipun saking Firaun kanthi Allah Subhanahu Wata’ala nglelepaken firaun wonten ing laut merah.
g) Nabi Yunus a.s. slamet saget medal saking
weteng iwak nun wonten ing wulan Muharram
h) Nabi Muhammad ﷺ hijrah saking Makkah tumuju
Madinah wonten ing wulan Muharram.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mila sumangga kula lan panjenegan tansah
mulyaaken wulan Muharram punika kanthi ngatah- ngatahi amal kesaenan. Mugi
Allah tansah paring kamulyan panggesangan dhumateng kula lan panjenengan wonten
ing dunya lan akhirat. Aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا
اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
Posting Komentar