Teks Khutbah Jumat Singkat
Ampun Ngersulo Mawon
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ
اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ
اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ﷺ ingkang
tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Agami islam ngawisi sedaya
pemelukipun anggadahi sifat gampil ngresula lan gampil ngeluh. Gesang punika
kedah dipun lampahi kanthi tabah lan sabar sanadyan kadospundi awratipun. Ngeluh
lan ngresula punika boten badhe ngrampungi masalah ananging malah ndandosaken
masalah tambah rumit lan awrat. Menawi kula lan panjenengan tabah lan sabar
ngadepi awratipun panggesangan mila Allah badhe paring pitulungan, margi
ingkang gampil lan ngicalaken sedaya kesusahan. Ngendika Allah Subhanahu
Wata’ala :
وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا
“Sing sapa wonge taat marang
Allah, mula Panjenegane Allah bakal anggampangake dalane wong iku”. (QS. At- Thalaq:2).
Jamaah jumah rahimakumullah
Islam
sampun paring margi kadospundi caranipun ngadepi masalah panggesangan supados
saget gampil lan entheng.
1.
Nyaket dhumateng Allah.
Margi ingkang paling pokok
supados lampah panggesangan kula lan panjenegan punika gampil lan entheng
inggih kanthi nyaket dhumateng Allah Subhanahu Wata’ala. Dipun akeni
punapa boten, sejatosipun menawi setunggal kawula punika nyaket dhumateng Allah
mila badhe anjalari raos tenang wonten ing manah. Kosok wangsulipun tansaya
tebih dhumateng Allah mila tansaya tebih manah punika saking katentreman.
Pramila nyaket dhumateng Allah kanthi nindhakaken dawuh- dawuhipun lan nebihi
awisanipun punika dados sarana panggesangan gampil lan ayem. Ngendika Allah :
وَاسْتَعِينُواْ بِالصَّبْرِ وَالصَّلاَةِ وَإِنَّهَا لَكَبِيرَةٌ إِلاَّ
عَلَى الْخَاشِعِينَ
“Lan
sira pada nyuwuna pitulungan marang Allah kanthi sabar lan salat, lan satemene
perkara iku (sabar lan salat) temen abot rasana kejaba tumrap wong kang
khusyuk”
(QS. Al- Baqarah:45).
2.
Husnudzan dhumateng Allah
Kalebet perkawis ingkang saget
andadosaken panggesangan kula lan panjenegan punika entheng lan gampil inggih
punika kanthi husnuzan dhumateng Allah. Kula lan panjenengan kedah husnuzan
bilih Allah boten maringi kejawi peparing punika sae lan pas tumrap kula lan
panjenengan. Mekaten ugi Allah mboten nyobi utawi paring pacoben kejawi sak
kiat kemampuan kula lan panjenengan. Ngendika Allah :
لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۗ
“Allah
ora merdi (paring ujian) sawiji awak kejaba sakuwate…”. (QS. Al- Baqarah: 286).
Sedaya manungsa ingkang tasih kaparingan yuswa punika mesthi nampi pacoben, werninipun pacoben punika maneka warna gumantung kawicaksananipun Allah Subhanahu Wata’ala . Boten wonten setunggal tiyang ingkang boten kaparingan pacoben. Pacoben punika sampun kaukur miterat kekiyatan manungsanipun piyambak- piyambak. Allah boten badhe paring pacoben kejawi manungsa punika estu kiyat nampi pacoben kasebat. Mila mboten perlu sambat, ngeluh, ngresula napa malih nyalahke Allah lan nganggep Allah punika boten adil utawi mboten welas.
Jamaah jumah rahimakumullah
Akhiripun
sumangga kula lan panjenengan tansah yakin lan husnudzan dumateng Allah. Mugi kanthi punika
panggesangan kula lan panjanengan tansah ayem, padhang lan Bahagia.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
Posting Komentar