Teks Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa

Piwucal Panggesangan

Saking Ibadah Qurban

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

Khutbah Awal


اللَّه أَكْبَرُ  اللَّه أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.  لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ. وَاللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Maa’syiral muslimin rahimakumullah, Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah ing dinten idul adha enjang punika kula lan panjenengan saget pinanggih kahthi suka bahagia nir ing sambekala.

Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamin.

Maa’syiral muslimin rahimakumullah, Wonten mimbar khutbah idul Adha enjang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring kamulyan panggesangan wiwit ing donya ngantos dumugi akhirat. Aamiin.

اللَّه أَكْبَرُ  اللَّه أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.  لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ. وَاللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

Maa’syiral muslimin rahimakumullah, Alhamdulillah enjang punika kula lan panjenegan saget pinanggih dinten riyaya idul adha 1446 H. Idul adha utawi idul qurban punika dinten ingkang agung lan minulya awit katahi kautaman lan kamulyan ing saklebetipun dinten punika. Qurban punika ibadah agung ingkang dipun syariataken Allah SWT dhumateng putra turunipun nabi adam ngantos umat akhir zaman. kanthi nyariataken ibadah qurban Allah SWT kagungan karsa paring piwucal panggesanagan dhumateng sedaya umat manungsa. Mila wonten ing mimbar khutbah idul adha enjang punika kepareng khatib aturaken seperangan piwucal panggesangan saking ibadah qurban.

اللَّه أَكْبَرُ  اللَّه أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.  لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ. وَاللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

1.     Piwucal syukur.

Maa’syiral muslimin rahimakumullah, piwucal agung ingkang sepisan, kanthi qurban Allah SWT ngersaaken umat manungsa tansah syukur awit sedaya nikmat ingkang Allah paringaken saben dintenipun. Dipun sebataken wonten ing al- quran surat al- maidah ayat 27 nalikanipun Allah sampun paring nikmat rejeki dhumateng putranipun nabi adam a.s., Allah SWT banjur ndawuhi putranipun adam a.s nindhakaken qurban pinangka bukti raos syukur. Ngendika Allah SWT:

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ ابْنَيْ آدَمَ بِالْحَقِّ إِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ أَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْآخَرِ

“He Muhammad, sira macakna marang umat ira bab sejarahe putrane loro nabi Adam(Qabil lan Habil) kalawan bukti sejarah kang bener. Yaiku nalika sakarone padha caos qurban mangka kang siji katampa lan sijine durung katampa…” ( Al Maidah; 27) .

Maa’syiral muslimin rahimakumullah, Allah SWT punika anggenipun paring kanikmatan mboten nate kendat, saben detik, saben menit, saben jam, saben dinten, saben wulan saben tahun lan sak lami- laminipun. Allah bonten badhe kendel anggenipun paring kanikmatan sauger kula lan panjenegan tasih gesang inga lam donya punika. Mila awit saking katahipun kanikmatan ingkang dipun paringaken dhumateng kula lan panjenegan ngantos andadosaken kula lan panjenegan boten saget ngetang malih. Ngendika Allah:

   وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ۝١٨

“Lan menawa sira bakal ngetung kanikmatan saka ngarsane Allah, mula mesthi sira ora bisa anggunggung. Satemene Allah iku Maha Ngapura tur Maha Asih” (QS. An- Nahl: 18).

Maa’syiral muslimin rahimakumullah, Nalikanipun kula lan panjenegan ing wayah enjang wungu sare lajeng saget nafas/ ambegan kanthi lancar lan seger kadhang- kadhang boten dipun gatosaken nikmatipun, ing mangka saget ugi kahanan punika mujudaken kepingingan lan idam- idaman sanak sederek ingkang nembe pilek  utawi flu. Mekaten ugi, kadhang- kadhang kula lan panjenegan nalika dahar ngunjuk kanthi eca sekeca kok kadosipun namung dipun anggep biasa- biasa mawon, ing mangka kahanan punika sejatosipun kanikmatan agung ingkang tansah dipun idam- idamaken sanak sederek ingkang nembe gerah waja/ untu utawi nembe sariawan. Utawi nalikanipun saben enjang kula lan panjenegan saget tindhak makarya sawah ladang, ing pasar, ing kantor kanthi kondisi fit kadhang- kadhang mboten dipun syukuri, ing mangka kahanan punika sejatosipun dados idam- idaman sanak sedereng ingkang nembe gerah utawi ingkang boten kagungan pakaryan. 

Artosipun katah sanget kanikmatan saking ngarsanipun Allah SWT ingkang sampung dipun paringaken dhumateng kula lan panjenegan. Mila leres saking dene katahipun nikmat kasebat malah andadosaken manungsa mboten saget syukur dhumateng Allah. Ngendika Allah:

اِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ ۝٢٤٣

“…Satemene Allah iku wus akeh banget anggone paring nikmat marang manungsa, ananging akeh- akehe manungsa iku padha ora gelem syukur” (QS. AL- Baqarah: 243).

 

2.     Perduli dhumateng tiyang sanes.

Maa’syiral muslimin rahimakumullah, piwucal kaping kalih saking ibadah qurban inggih punika dhawuh perduli dhumateng tiyang sanes. Daging qurban ingkang kula lan panjenegan caosaken dhateng tanggi tepalih punika pinangka piwucal wigatosipun netepi sifat perduli. Ing islam tiyang ingkang kacekapan bandha wajib caos pambiyantu dhateng tiyang miskin, tiyang ingkang kagungan ilmu wajib caos wewarah dhateng ingkang awam tiyang ingkang kagungan jabatan wajib ngayomi dhateng masyarakat alit, lan sanesipun. Perduli dhateng tiyang sanes punika mujudaken tanda iman, dereng leres iman kula lan panjenegan menawi tasih egois lan mboten perduli. Ngendika Rasulullah :

لا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ

“durung bisa disebut iman sira kabeh, nganti deweke nresnani sedulure kayadene nresnani badane dewe”. (HR. Bukhari lan Muslim).

            Maa’syiral muslimin rahimakumullah Kula lan panjenegan gesang ing donya punika boten piyambakan, ananging wonten tangga- tepalih lan masyarakat sanes. Islam boten remen dhumateng umatipun ingkang egois lan boten kagungan manah. Pirsa tangga tepalihipun rekaos, badhe dahar boten kagungan beras kok mendel mawon boten kersa caos pambiyantu, mila punika ciri tiyang ingkang sampun mati manahipun. Pirsa tangga tepalihipun gerah badhe ngobatke boten kagungan biaya ugi mendel mawon, mboten tuwuh raos welasipun, mila punika estu sanes ahlakipun tiyang muslim. Artosipun menawi wonten tiyang ingkang gesangipun kacekapan sampun eca sekeca lajeng boten kersa perduli dhateng tiyang sanes, mila punika dereng pantes dipun sebat tiyang muslim.

اللَّه أَكْبَرُ  اللَّه أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.  لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ. وَاللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

Maa’syiral muslimin rahimakumullah, Cekak aosipun ibadah qurban  paring piwucal bilih nindhakaken agami punika boten sekedar teori. Amargi boten wonten manfaatipun agami punika menawi namung kakatahen teori. Mila sumangga dipun praktekaken anggenipun sinau agami paling mboten kanthi syukur dhumateng Allah lan perduli dhumateng tiyang sanes. Mugi- mugi kanthi remen syukur lan perduli dhateng tiyang sanes kula lan panjenegan sedaya pantes ngaku- ngaku umatipun nabi agung Muhammad .

Akhiripun sumangga kula lan panjengan tansah ndedonga dumatheng Allah, mugi Allah Ta’ala tansah andadosaken kula lan panjenegan tiyang- tiyang ingkang manggih kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah.

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ

يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلاَلِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ

. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمـُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمـُؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ فيَا قَاضِيَ الحَاجَاتِ.

اللّهُمَّ اِنَّا نَسْأَلُكَ سَلاَمَةً فِى الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ ٱلْوَهَّابُ.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.

رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ  وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah Idul Adha berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama