Teks Khutbah Jumat Singkat
Amalan Ing Awal Wulan Dzulhijjah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ
اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ
اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung
Muhammad ﷺ ingkang tansah kula lan
panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Salah setunggal wekdal ingkang dipun mulyaaken Allah Ta’ala inggih punika 10 dinten awal wulah
Dzulhijjah. Awit mulyanipun dinten- dinten punika Allah ngantos ngendika
wonten ing Al- Quran.
وَالْفَجْرِ - وَلَيَالٍ عَشْرٍ - وَالشَّفْعِ
وَالْوَتْرِ
Artosipun; Demi pajar, Demi
sepuluh wengi saka sasi besar, Demi cacah genep lan cacah ganjil. (QS. Al Fajr:1-3)
Rasulullah ﷺ ugi nate paring pangandika babagan kautaman 10 dinten awal sasi
Dzulhijjah:
مَا مِنْ أَيَّامٍ
الْعَمَلُ الصَّالِحُ فِيْهَا أَحَبَّ إِلَى اللهِ مِنْ هَذِهِ اْلأَيَّامِ -
يَعْنِي أَيَّامَ الْعَشْرِ.
Artosipun:
“ora ana
dina sing amal shaleh iku luwih ditresnani Allah ngungkuli amal shaleh kang dilakoni ana ing dina-dina iki yaiku 10 dina awal saka wulan dzulhijah... (HR. Bukhari)
Ibnu Rajab Al Hambali ngendika: “Hadits iku njelasake menawa amalan ing 10 dina awal wulan Dzulhijjah luwih
ditresnani Allah SWT tinimbang ana ing dina liyane” (Lathoifu Al Ma’arif : 469)
Jamaah jumah rahimakumullah
Lajeng punapa kemawon amalan ingkang
dipun anjuraken wonten ing 10 dinten awal wulan Dzulhijjah?
Sepisan: Dzikir
Wonten ing 10
dinten awal wulan Dzulhijjah punika kita dipun anjuraken
ngatah- atahi dzikir lan maos kalimat thayibah.
Allah paring
pangandikan wonten ing Al- Quran:
وَيَذْكُرُوا اسْمَ
اللهِ فِي أَيَّامٍ مَعْلُوْمَاتٍ
Artosipun: “Lan supaya padha nyebut asmane Allah ana ing dina- dina kang wus ditemtokake
(dina- dina qurban)” (Al-Hajj: 28)
Wonten ayat sanes Allah SWT ugi ngendika:
وَاذْكُرُوا اللهَ فِي أَيَّامٍ مَعْدُوْدَاتٍ
Artosipun: “Lan padha nyebuto anmane Allah ana in dina- dina kang wus
ditemtokake” (Al-Baqarah: 203)
Kalebet dzikir ingkang
dipun anjuraken inggih punika ngatah- ngatahi maos
istighfar amargi wonten dinten dinten punika utami sanget kita nyuwun pangapura dumateng Allah
Ta’ala.
Rasulullah ﷺ paring
pangandikan:
مَا مِنْ يَوْمٍ
أَكْثَرَ مِنْ أَنْ يُعْتِقَ اللهُ فِيْهِ عَبْدًا مِنَ النَّارِ مِنْ يَوْمِ
عَرَفَةَ
Artosipun: “ora ana dina, kang Allah mbebasake kawulane seka neraka luwih akeh tinimbang dina Arafaf.” (HR. Muslim)
Kaping Kalih: Ngatah- ngatahi
Takbir
Ibnu Abbas nate ngendika bilih ing 10 dinten awal
wulan dzulhijjah pirsa Abu Hurairah ugi Ibnu Umar ngajak para sahabat maos
takbir:
وَكَانَ ابْنُ عُمَرَ وَأَبُو هُرَيْرَةَ
يَخْرُجَانِ إِلَى السُّوقِ فِى أَيَّامِ الْعَشْرِ يُكَبِّرَانِ ، وَيُكَبِّرُ
النَّاسُ بِتَكْبِيرِهِمَا
“Ibnu Umar lan Abu Hurairah
pernah mlebu ana ing pasar maca takbir, banjur para sahabat melu maca takbir
kabeh..” (Riwayat
Imam Bukhari).
Takbir ingkang dipun waos para sahabat nabi
inggih punika: Allahu Akbar, Allahu Akbar, Laa ilaha illallah, Wallahu
Akbar, Allahu Akbar, Walillahil Hamd.
Takbir ing awal wulan dzulhijjah punika boten
kedah dipun lampahi wonten ing masjid- masjid, ananging langkung prayogi wonten
ing ndalem utawi papan makaryo. Tinimbang ing ndalem namung nonton TV, dolanan
HP, utawi ngobrol ingkang boten wigatos langkung prayogi anggota keluarga dipun
ajak maos takbir.
Kaping Tiga :
Shiyam Sunnah
Inggih punika nindakaken shiyam Arafah utawi shiyam wonten ing
tanggal 9 Dzulhijjah. Rasulullah SAW ngendika:
صِيَامُ
يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى
قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ وَصِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ
عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ
Artosipun: “Pasa Arafah (9 Dzulhijjah) pinangka panglebur dosa setahun sing wus kapungkur lan setahun sing
bakal tumeka. Puasa Asyura
(10 Muharram) pinangka panglebur dosa setahun
sing wus kapungkur” (HR. Muslim: 1162)
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga kula lan
panjenengan tansah sengkut nindhakaken amalan- amalan ing wulan dzulhijjah,
mugi Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing donya lan akhirat. Aamiin.
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
Posting Komentar