Teks Khutbah Jumat Singkat

Nggayuh Kamulyan

ing Wulan Dzulqa’dah

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

Khutbah Awal

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.

Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Islam sampun paring piwucal dhumateng kula lan panjenengan menggah tata cara nggayuh kamulyan panggesangan. Piwucal islam punika lengkap lan sampurna maringi tatacara ibadah, adab lan muamalah ingkang prayogi kula lan panjenegan gatosaken saben dintenipun. Punapa malih kula lan panjenengan wekdal sapunika sampun mlebet wonten wulan dzulqa’dah, kalebet 4 wulan ingkang dipun mulyaaken Allah SWT. Mila wonten ing mimbar khutbah jumat siang punika kepareng badhe khatib aturaken seperagan amalan ingkang saget andadosaken mulyanipun panggesangan kula lan panjenegan.

1.     Sengkuyung sinau al- quran.

Sinau al- quran punika amal ingkang agung lan istimewa tumrap kula lan panjenegan sedaya. Al- quran punika sumber hukum, sumber pitedah ingkang dipun turunaken Allah SWT pinangka margi keslametan tumrap sedaya umat manungsa.  Ngendika Allah SWT:

قَدْ جَاءَكُمْ مِنَ اللَّهِ نُورٌ وَكِتَابٌ مُبِينٌ

“… Yekti wus teka marang sira kabeh kelawan iki Quran cahaya saka ngarsane Allah lan kitab kang nerangake” (QS. Al- Maidah:15)

Wonten ing kitab Aisarut Tafâsîr dipun ngendikaaken: “Wong- wong kang pada temen anggone cecekelan marang al- quran yekti bakal pinaringan rahmat saka ngarsane Allah. Lan ana ing dina kiyamat bakal dislametake saka neraka sarta dilebokake marang surga, kang mengkono iku kabegjan kang agung”.

Sinau al- quran saget dipun lampahi kathi cara:

1)     Sinau tatacara maos ayat- ayat al-quran, misalipun kanthi TPA lan sanesipun.

2)     Sinau isi kandungan al- quran, saget kanthi ngrawuhi kajian al-quran kadosdene kajian tafsir ugi sanesipun.

3)     Sinau hukum- hukum ingkang wonten ing al- quran, saget kanthi ngrawuhi majelis taklim, pengajian umum lan sanesipun.

 

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Jaman sapunika sampun tansaya majeng, badhe sinau al- quran tansaya gampil. Menawi jaman rumiyin nembe wonten metode turutan juz amma, lha sapunika sampun katahah sanget metode ingkang tansaya nggampilaken tata cara maos al- quran saget kanthi metode iqra’, metode tsaqifa lan sanesipun. Mekaten ugi wonten saben masjid sampun umum lan lumrah dipun wonteni forum- forum sinau tata cara maos al- quran, sahingga boten wonten malih alesan tumrap kula lan panjenegan kok boten saget maos al- quran.

2.     Istiqamah njagi salat berjamaah

Sarana ingkang saklajengipun kagem nggayuh kamulyan panggesangan inggih punika kanthi njagi salat berjamaah. Salat berjamaah punika ibadah ingkang agung sanget kautamanipun. Sinten kemawon ingkang saget istiqamah njagi salat berjamaah badhe dipun jamin pinaringan kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Wonten ing katah hadits Rasulullah paring pangandikan menggah kautaman- kautaman njagi salat berjamaah. Ngendika Rasulullah SAW:

“Para malaikat iku padha ndogaake sira kabeh menawa isih ana ing papan salat berjamaah lan durung berhadats (durung batal wudhune): Dongane malaikat: “Ya Allah mugi panjenegan paring pangapura dhumateng tiyang punika, Ya Allah mugi panjenegan paring rahmat dhumateng tiyang punika..” (HR. Bukhari).

Hadits punika paring piwucal bilih sinten kemawon ingkang istiqamah nindhakaken salat bejamaah wonten papan dipun kumandangaken azan (wonten masjid) mila para malaikat badhe ndogaaken kesaenan tumrap sedaya jamaah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenegan istiqamah njagi sedaya amal kesaenan wonten ing wulan dzulqa’dah punika. Mugi kanthi istiqamah ing margi kesaenan Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama