Teks Khutbah Jumat Singkat
Keutamaan Wulan Dzulqa’dah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung
Muhammad ﷺ ingkang tansah kula lan
panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Kula
lan panjenengan sampun lumebet malih wonten ing wulan Dzulqa’dah. Wulan Dzulqa’dah
punika kalebet wulan minulya tumrap kula lan panjenengan kaum muslimin. Katah
sanget kautaman ingkang Allah lan rasulipun kabaraken wonten al-quran lan ugi
hadits- hadits shahih. Mila wonten mimbar khutbah jumat siang punika khatib
badhe ngaturaken seperangan kautaman wulan dzulqa’dah.
Sepisan, Wulan pinilih kagem nurunaken
wahyu dhateng nabi Musa a.s.
Ngendika
Allah:
وَوَاعَدْنَا مُوسَى
ثَلَاثِينَ لَيْلَةً وَأَتْمَمْنَاهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيقَاتُ رَبِّهِ
أَرْبَعِينَ لَيْلَةً
Ayat
kasebat nyariosaken nalikanipun Allah paring wahyu kitab taurat dhateng nabi
Musa, Allah milih wulan dzulqa’dah ingkang minulya pinangka wekdal kagem
nurunaken wahyu suci dhateng Musa a.s.
Kaping kalih, Wulan pinilih kagem
Rasulullah nindhakaken ibadah umrah.
Sahabat
Anas bin Malik radliyallahu ‘anhu ngendika:
اعْتَمَرَ رَسُولُ اللَّهِ
صلى الله عليه وسلم أَرْبَعَ عُمَرٍ، كُلَّهُنَّ فِي ذِي القَعْدَةِ
“Rasulullah
nindhakake umrah kaping papat, kabeh katindhakake ana ing wulan dzulqa’dah…”
(HR. Bukhari).
Kaping tiga, Wulan dzulqa’dah kalebet al-
asyhur al- Hurum.
Al-
Asyhur al- Hurum inggih punika wulan- wulan suci ingkang dipun mulyaaken.
Wonten sekawan wulan hurum ingkang dipun sebataken ayat suci al- quran inggih
punika: dzulqa’dah, dzulhijjah, Muharram lan rajab. Wonten wulan- wulan punika
Allah ngawisi peperangan lan memengsahan ing antawisipun umat manungsa.
Ngendika Allah:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا
عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ
مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ
“Satemene
wilangan sasi mungguhing Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus kapacak ana ing
kitabe Allah wiwit tumitahing langit lang bumi, ing antarane ana sasi papat
kang Mulya (dzulqa’dah, dzulhijjah, Muharram lan rajab)…” (QS. At- Taubah 36).
Jamaah jumah rahimakumullah
Cekak aosipun wulan Dzulqa’dah punika wulan utama tumrap kula lan
panjenengan. Kanthi punika sampun sakmestinipun kula lan panjenengan mulyaaken wulan punika kanthi ngatah- ngatahi amal
kabecikan ing bab punapa kemawon. Mugi kanthi mulyaaken wulan punika kula lan
panjenengan tansah kagolong umatipun baginda
nabi agung
Muhammad ﷺ.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
nUntuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
إرسال تعليق