Teks Khutbah Jumat Singkat
Kautaman Ibadah Qurban
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung
Muhammad ﷺ ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir. Aamin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Kula
lan panjenengan sekedap malih badhe mlebet wonten ing wulan agung dzulhijjah.
Wulan dzulhijjah punika wekdal ingkang katah sanget dipun syariataken amal
shalih tumrap kamu muslimin. Ing antawisipun: nindhakaken rukun islam kaping 5
inggih punika ibadah haji, nindhakaken shiyam sunnah arafah, nindhakaken ibadah
qurban lan syariat sanesipun. Sedaya ibadah- ibadah kasebat sejatosipun
nedhahaken agung lan minulyanipun wulan dzulhijjah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mila
wonten ing mimbar khutbah jumat siang punika kepareng khatib aturaken kautaman
nindhakaken ibadah qurban. Mugi kanthi mangertosi katahipun kautaman ibadah
qurban kula lan panjenegan tambah semangat nindhakaken qurban wonten ing tahun
punika.
1.
Bukti raos syukur
Ibadah
qurban ingkang kula lan panjenegan tindhakaken punika pinangka bukti raos
syukur dhumateng Allah SWT. Syukur punika boten sekedar amalan lisan kanthi
ngucap Alhamdulillah, ananging syukur punika kedhah dipun lampahi kanthi
nindhakaken ketaatan dhumateng Allah. Ngendika Allah:
اِنَّآ
اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ () فَصَلِّ
لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ
“Temen
ingsung wus paring marang sira (Muhammad) nikmat kabecikan kang akeh. Mula saka
iku sira nindhakna salat ing pangeranira lan nyembeliha qurban”. (QS Al-
Kautsar: 1,2).
2.
Amalan ingkang
dipun tresnani Allah.
Ibadah
qurban punika amalan agung ingkang sanget dipun tresnani Allah, lan kalebet
amalan ingkang paling dipun tresnani Allah tinimbang amalan sanesipun. Ngendika
Rasulullah ﷺ:
مَا
عَمِلَ آدَمِيٌّ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ مِنْ
إِهْرَاقِ الدَّمِ
“Ora
ana amalan anak adam ana ing dina nahr iki (10,11,12,13 dzulhijjah) kang luwih
ditresnani Allah tinimbang mbeleh qurban…” (HR. At- Tirmidzi).
3.
Amalanipun para Nabi
lan Rasul.
Qurban
punika ibadah istimewa amargi mujudaken amalanipun para nabi lan rasul.
Kawiwitan saking nabi Adam A.s banjur
kalajenganaken dening putra putra nipun ngantos dumugi kanjeng nabi
agung Muhammad ﷺ.
Ngendika Allah ing Al- quran:
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ ابْنَيْ آدَمَ بِالْحَقِّ
إِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ أَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ
الْآخَرِ قَالَ لَأَقْتُلَنَّكَ قَالَ إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ
الْمُتَّقِينَ
“He
Muhammad, sira macakna marang umat ira bab sejarahe putrane loro nabi
Adam(Qabil lan Habil) kalawan bukti sejarah kang bener. Yaiku nalika sakarone
padha cahos qurban mangka kang siji katampa lan sijine ora katampa. Deweke kang
ora katampa iku ngucap: “satemene aku mesti mateni kowe” Dheweke kang katampa
mangsuli: “satemene Allah hamung anampa qurban saka amale wong kang padha taqwa
marang Panjenengane.”
( Al Maidah; 27)
Jamaah jumah rahimakumullah
Cekak aosipun, ibadah qurban punika mujudaken ibadah agung ingkang
dipun syariataken Allah SWT tumrap umat manungsa. Mila sumangga kula lan
panjenegan tansah estu anggenipun nindhakaken syariat agung punika. Mugi kanthi
nindhakaken ibadah qurban kula lan panjenengan tansah kagolong umatipun kanjeng
nabi agung Muhammad ﷺ. Aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
Posting Komentar