Teks Khutbah Jumat Singkat

Kautaman Ibadah Qurban

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

Khutbah Awal

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.

Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kula lan panjenengan sekedap malih badhe mlebet wonten ing wulan agung dzulhijjah. Wulan dzulhijjah punika wekdal ingkang katah sanget dipun syariataken amal shalih tumrap kamu muslimin. Ing antawisipun: nindhakaken rukun islam kaping 5 inggih punika ibadah haji, nindhakaken shiyam sunnah arafah, nindhakaken ibadah qurban lan syariat sanesipun. Sedaya ibadah- ibadah kasebat sejatosipun nedhahaken agung lan minulyanipun wulan dzulhijjah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila wonten ing mimbar khutbah jumat siang punika kepareng khatib aturaken kautaman nindhakaken ibadah qurban. Mugi kanthi mangertosi katahipun kautaman ibadah qurban kula lan panjenegan tambah semangat nindhakaken qurban wonten ing tahun punika.

1.     Bukti raos syukur

Ibadah qurban ingkang kula lan panjenegan tindhakaken punika pinangka bukti raos syukur dhumateng Allah SWT. Syukur punika boten sekedar amalan lisan kanthi ngucap Alhamdulillah, ananging syukur punika kedhah dipun lampahi kanthi nindhakaken ketaatan dhumateng Allah. Ngendika Allah:

اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ ()  فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ

“Temen ingsung wus paring marang sira (Muhammad) nikmat kabecikan kang akeh. Mula saka iku sira nindhakna salat ing pangeranira lan nyembeliha qurban”. (QS Al- Kautsar: 1,2).

2.     Amalan ingkang dipun tresnani Allah.

Ibadah qurban punika amalan agung ingkang sanget dipun tresnani Allah, lan kalebet amalan ingkang paling dipun tresnani Allah tinimbang amalan sanesipun. Ngendika Rasulullah :

مَا عَمِلَ آدَمِيٌّ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ

“Ora ana amalan anak adam ana ing dina nahr iki (10,11,12,13 dzulhijjah) kang luwih ditresnani Allah tinimbang mbeleh qurban…” (HR. At- Tirmidzi).

3.     Amalanipun para Nabi lan Rasul.

Qurban punika ibadah istimewa amargi mujudaken amalanipun para nabi lan rasul. Kawiwitan saking nabi Adam A.s banjur  kalajenganaken dening putra putra nipun ngantos dumugi kanjeng nabi agung Muhammad . Ngendika Allah ing Al- quran:

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ ابْنَيْ آدَمَ بِالْحَقِّ إِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ أَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْآخَرِ قَالَ لَأَقْتُلَنَّكَ قَالَ إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِينَ

“He Muhammad, sira macakna marang umat ira bab sejarahe putrane loro nabi Adam(Qabil lan Habil) kalawan bukti sejarah kang bener. Yaiku nalika sakarone padha cahos qurban mangka kang siji katampa lan sijine ora katampa. Deweke kang ora katampa iku ngucap: “satemene aku mesti mateni kowe” Dheweke kang katampa mangsuli: “satemene Allah hamung anampa qurban saka amale wong kang padha taqwa marang Panjenengane.” ( Al Maidah; 27)   

Jamaah jumah rahimakumullah

Cekak aosipun, ibadah qurban punika mujudaken ibadah agung ingkang dipun syariataken Allah SWT tumrap umat manungsa. Mila sumangga kula lan panjenegan tansah estu anggenipun nindhakaken syariat agung punika. Mugi kanthi nindhakaken ibadah qurban kula lan panjenengan tansah kagolong umatipun kanjeng nabi agung Muhammad . Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini 


Post a Comment

أحدث أقدم