Teks Khutbah Jumat Singkat
Ngunduh Wohing Pakarti
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ
لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ
اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah
kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan
panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak
kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan
panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah
siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Jama’ah jumah rahimakumullah
Gesang
punika sejatosipun paribasan tiyang ingkang nenandur, sinten ingkang nanem pantun
(pari) biasanipun mesthi ngunduh pantun, sinten ingkang nanem jagung biasanipun
ugi ngunduh jagung, sinten ingkang nanem sayuran ugi ngunduh sayuran. Artosipun
kula lan panjenegan punika mesti badhe nampi piwales lan akibat saking
tumindhak ingkang sampun kalampah. Ngendika Allah:
فَمَنۡ
يَّعۡمَلۡ مِثۡقَالَ ذَرَّةٍ خَيۡرًا يَّرَه وَمَنۡ يَّعۡمَلۡ مِثۡقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا
يَّرَه
“Mula
sing sapa wonge tumindhak becik sanadyan mung sakbobote dzarah (wiji sawi)
mesthi bakal meruhi piwalese. Lan sing sapa wonge tumindhak ala sanadyan mung
sakbobote wiji sawi mesthi bakal meruhi piwalese”.
(Az- Zalzalah:7-8).
Abdullah
bin Mas’ud ngendika: “ayat iku pinangka al-jâmi’ah al-fâdzdzah ayat
kang ringkes ananging maknaning agung (cekak aos).
Setunggal
wekdal sahabat As Sha’sha’ah bin Najiyah sowan rasul nyuwun dipun waosaken ayat
al- quran, banjur Rasulullah maosaken surat az- zalzalah ayat 7 lan 8. Shahabat
As Sha’sha’ah matur: “Cekap punika kemawon ayat ingkang kula mireng, kula
mboten perduli malih kaliyan nasehat sanesipun”. Maksud pangandikanipun As Sha’sha’ah
mboten mbetahaken nasihat sanes inggih awit kalih ayat ing surat az- zalzalah
punika sejatosipun sampun saget makili sedaya nasehat kesaenan.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten
ing al- quran Allah nate ngisahaken setunggal tiyang ingkang wicaksana lan
minulya inggih punika Luqman. Setunggal wekdal Luqman paring piwucal dhumateng
putranipun kanti nasehat ingkang utama. Nasehatipun Luqman punika dipun
ngendikaaken Allah wonten ing ayat al- quran.
Ngendika Allah Ta’ala:
يَا بُنَيَّ إِنَّهَا إِنْ
تَكُ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِنْ خَرْدَلٍ فَتَكُنْ فِي صَخْرَةٍ أَوْ فِي
السَّمَاوَاتِ أَوْ فِي الْأَرْضِ يَأْتِ بِهَا اللَّهُ إِنَّ اللَّهَ لَطِيفٌ
خَبِيرٌ
“(Nasehate
Luqman): “He anakku, satemene menawa ana amal tumindhak sanadyan mung sakbobote
dzarah (wiji sawi) lan kaurug ing sajeroning bumi utawa langit, temen Allah
bakal nekakake piwalese amal iku, satemene Allah iku Maha Alus lan Maha
Waspada”. (Luqman: 16).
Ibnu
katsir ngendika: “Iku mujudake wasiat kang utama, saben wong mukmin supaya bisa
netepi lan nuhoni wasiat kasebut. Tumindhak becik lan ala sanadyan mung sakwiji
sawi bobote sesuk ana ing dina akhir kabeh bakal mangerteni piwalese”. (Tafsir
Al-Quranul Adzim: 11: 55).
Jamaah jumah rahimakumullah
Mila mboten wonten pilihan
sanes tumrap kula lan panjenengan kejawi ngatah- ngatahi tumindhak sae ing bab
punapa kemawon. Amargi namung tumindhak kesaenan ingkang badhe dados jalaran
mulyanipun panggesangan wonten ing dunya lan akhirat. Ngendika Rasulullah:
لاَ
تَحْقِرَنَّ مِنَ الْمَعْرُوفِ شَيْئًا وَلَوْ أَنْ تَلْقَى أَخَاكَ بِوَجْهٍ
طَلْقٍ
“Sira aja pada nyepelekake
tumindhak becik sanadyan mung sepele, kayadene nemoni sedulurira kanthi wajah
kang sumringah”.
(HR. Muslim).
Jama’ah Jumah rahimakumullah
Kanthi punika sumangga
sesarengan istiqamah lumampah ing margi kesaenan, mugi Allah SWT tansah
andadosaken kula lan panjenengan kawulanipun ingkang kaparingan kamulyan
panggesangan ing dunya lan akhirat. Aamiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar