Teks Khutbah Jumat Singkat

Nalika Panen Melimpah

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

Khutbah Awal

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Amin.

Jamaah  jumah rahimakumullah

Wonten mimbar khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wiwit ing dunya ngantos dumugi akhirat. Amiin.

Jamaah  jumah rahimakumullah

Wekdal sapunika seperangan ageng saking jamaah lan warga masyarakat nembe sengkuyung makarya ing wana, sawah lan tegalan ngunduh pepanenan. Wonten ingkang nembe panen pantun, wonten ingkang panen jagung, wonten ingkang panen kacang lan sanesipun. Alhamdulillah, miterat kabar ingkang kula lan panjenegan tampi bilih wonten pundi- pundi warga tani panenipun ningkat katah, malah kepara melimpah. Malah saking remenipun katah warga tani ingkang mosting kegiatan panenipun wonten media sosial, estu ketingal sanget ayem lan bahagianipun.

Jamaah  jumah rahimakumullah

Peparing saking ngarsanipun Allah SWT ingkang arupi panen punika estu wajib dipun syukuri. Awit sih kawelasanipun Allah SWT, ing tahun punika kula lan panjenegan nampi nugraha ingkang agung. Allah ngendika:

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۚ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ نَبَاتَ كُلِّ شَيْءٍ فَاَخْرَجْنَا مِنْهُ خَضِرًا نُّخْرِجُ مِنْهُ حَبًّا مُّتَرَاكِبًاۚ

“Lan Panjenengane Allah kang wus nurunake banyu saka langit, banjur Ingsun nuwuhake sakabehing tethukulan sawiji- wiji, lan saweneh saka tethukulan iku Ingsun nuwuhake gaga kan ijo, saka gaga mau ingsun angetokake wiji kang dedhompolan…” (QS.Al- An’am: 99).

Saking ayat punika Allah paring kabar bilih namung Panjeneganipun ingkang kuwaos ngatur sedaya rejeki ing alam donya. Allah piyambak ingkang kuwaos nurunaken jawah, nuwuhaken taneman banjur nukhulaken sedaya wiji lan woh- wohan. Mila kula lan panjenegan sampun samestinipun syukur dhateng sedaya nikmat rejeki punika.

Jamaah  jumah rahimakumullah

Kadospundi caranipun kula lan panjenegan syukur nikmat awit sampun kaparingan rejeki ingkang melimpah punika?

1.     Ningkataken ketaatan dhumateng Allah SWT.

Cara ingkang paling pokok kagem syukur tentunipun kanthi saya nyaket dhumateng Dzat ingkang maringi rejeki inggih punika Allah Ar- Razaq. mila kula lan panjenegan kedahipun tansaya taat dhumateng dhawuhipun Allah lan tansaya ajrih lan nebihi sedaya awisanipun. Menawi kula lan panjenegan tansaya taat esthu Allah badhe nambahi lan terus nambahi anggenipun paring rejeki. Ngendika Allah:

وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ

“Menawa penduduk negara iku pada gelem iman lan taqwa, yekti Ingsun bakal mbukak berkah saka langit lan bumi…..” (QS. AL- A’raf: 96).

2.     Remen shadaqah

Cara ingkang pokok ugi kagem mbuktekaken bilih kula lan panjenegan punika manungsa ingkang syukur inggih punika kanthi remen shadaqah. Perlu dipun mangertosi bilih wonten saklebetipun bandha kula lan panjenegan punika wonten seperangan hak ipun tiyang sanes. Mila kula lan panjenegan kedah ngedalaken hakipun tiyang- tiyang pinangka taat mituhu dhawuhipun Allah lan ugi pinangka sarana kagem nyuceni bandha ingkang kita tampi. Ngendika Allah:

وَآتُوا حَقَّهُ يَوْمَ حَصَادِهِ ۖ وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ

“… Lan padha menehna bageyan zakate ana ing saben mangsa panen, lan sira aja padha leluwihan anggonmu padha mangan, jalaran Panjenegane Allah iku ora remen marang wong kang padha leluwihan”. (QS- Al- A’am:141).

Ayat punika dhawuh supados kula lan panjenegan ngedalaken zakat saben mangsa panen menawi sampun dumugi nisab. Ananging menawi dereng dumugi nisab kula lan panjenegan tetep dipun anjuraken ngedalaken seperangan kagem shadaqah.

Jamaah  jumah rahimakumullah

Kanthi punika sumangga kula lan panjenegan tansah syukur dhumateng Allah SWT awit sedaya nikmat ingkang terus dipun paringaken. Mugi kanthi syukur Allah SWT andadosaken kula lan panjenegan kawulanipun ingkang dipun tresnani ugi dipun paring panggesangan ingkang minulya wonten ing dunya ngantos dumugi akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama