Teks Khutbah Jumat Singkat
Nalika Panen Melimpah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam
mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung
Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir. Amin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten mimbar khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi
sedaya awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan wiwit ing dunya ngantos dumugi akhirat. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wekdal
sapunika seperangan ageng saking jamaah lan warga masyarakat nembe sengkuyung
makarya ing wana, sawah lan tegalan ngunduh pepanenan. Wonten ingkang nembe
panen pantun, wonten ingkang panen jagung, wonten ingkang panen kacang lan
sanesipun. Alhamdulillah, miterat kabar ingkang kula lan panjenegan tampi bilih
wonten pundi- pundi warga tani panenipun ningkat katah, malah kepara melimpah. Malah
saking remenipun katah warga tani ingkang mosting kegiatan panenipun wonten
media sosial, estu ketingal sanget ayem lan bahagianipun.
Jamaah jumah rahimakumullah
Peparing
saking ngarsanipun Allah SWT ingkang arupi panen punika estu wajib dipun
syukuri. Awit sih kawelasanipun Allah SWT, ing tahun punika kula lan panjenegan
nampi nugraha ingkang agung. Allah ngendika:
وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ
مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۚ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ نَبَاتَ
كُلِّ شَيْءٍ فَاَخْرَجْنَا مِنْهُ خَضِرًا نُّخْرِجُ مِنْهُ حَبًّا
مُّتَرَاكِبًاۚ
“Lan
Panjenengane Allah kang wus nurunake banyu saka langit, banjur Ingsun nuwuhake
sakabehing tethukulan sawiji- wiji, lan saweneh saka tethukulan iku Ingsun
nuwuhake gaga kan ijo, saka gaga mau ingsun angetokake wiji kang dedhompolan…”
(QS.Al- An’am: 99).
Saking
ayat punika Allah paring kabar bilih namung Panjeneganipun ingkang kuwaos
ngatur sedaya rejeki ing alam donya. Allah piyambak ingkang kuwaos nurunaken
jawah, nuwuhaken taneman banjur nukhulaken sedaya wiji lan woh- wohan. Mila kula
lan panjenegan sampun samestinipun syukur dhateng sedaya nikmat rejeki punika.
Jamaah jumah rahimakumullah
Kadospundi
caranipun kula lan panjenegan syukur nikmat awit sampun kaparingan rejeki
ingkang melimpah punika?
1.
Ningkataken
ketaatan dhumateng Allah SWT.
Cara
ingkang paling pokok kagem syukur tentunipun kanthi saya nyaket dhumateng Dzat
ingkang maringi rejeki inggih punika Allah Ar- Razaq. mila kula lan panjenegan
kedahipun tansaya taat dhumateng dhawuhipun Allah lan tansaya ajrih lan nebihi
sedaya awisanipun. Menawi kula lan panjenegan tansaya taat esthu Allah badhe
nambahi lan terus nambahi anggenipun paring rejeki. Ngendika Allah:
وَلَوْ
اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ
مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ
“Menawa
penduduk negara iku pada gelem iman lan taqwa, yekti Ingsun bakal mbukak berkah
saka langit lan bumi…..” (QS. AL- A’raf: 96).
2.
Remen shadaqah
Cara
ingkang pokok ugi kagem mbuktekaken bilih kula lan panjenegan punika manungsa
ingkang syukur inggih punika kanthi remen shadaqah. Perlu dipun mangertosi
bilih wonten saklebetipun bandha kula lan panjenegan punika wonten seperangan
hak ipun tiyang sanes. Mila kula lan panjenegan kedah ngedalaken hakipun
tiyang- tiyang pinangka taat mituhu dhawuhipun Allah lan ugi pinangka sarana
kagem nyuceni bandha ingkang kita tampi. Ngendika Allah:
وَآتُوا
حَقَّهُ يَوْمَ حَصَادِهِ ۖ وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ
الْمُسْرِفِينَ
“…
Lan padha menehna bageyan zakate ana ing saben mangsa panen, lan sira aja padha
leluwihan anggonmu padha mangan, jalaran Panjenegane Allah iku ora remen marang
wong kang padha leluwihan”. (QS- Al- A’am:141).
Ayat
punika dhawuh supados kula lan panjenegan ngedalaken zakat saben mangsa panen
menawi sampun dumugi nisab. Ananging menawi dereng dumugi nisab kula lan
panjenegan tetep dipun anjuraken ngedalaken seperangan kagem shadaqah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanthi punika sumangga kula
lan panjenegan tansah syukur dhumateng Allah SWT awit sedaya nikmat ingkang
terus dipun paringaken. Mugi kanthi syukur Allah SWT andadosaken kula lan
panjenegan kawulanipun ingkang dipun tresnani ugi dipun paring panggesangan
ingkang minulya wonten ing dunya ngantos dumugi akhirat. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق