Teks Khutbah Jumat Singkat

Ngunduh Wohing Pakarti

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

Khutbah Awal

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

Jama’ah jumah rahimakumullah

Gesang punika sejatosipun paribasan tiyang ingkang nenandur, sinten ingkang nanem pantun (pari) biasanipun mesthi ngunduh pantun, sinten ingkang nanem jagung biasanipun ugi ngunduh jagung, sinten ingkang nanem sayuran ugi ngunduh sayuran. Artosipun kula lan panjenegan punika mesti badhe nampi piwales lan akibat saking tumindhak ingkang sampun kalampah. Ngendika Allah:

فَمَنۡ يَّعۡمَلۡ مِثۡقَالَ ذَرَّةٍ خَيۡرًا يَّرَه   وَمَنۡ يَّعۡمَلۡ مِثۡقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَّرَه

“Mula sing sapa wonge tumindhak becik sanadyan mung sakbobote dzarah (wiji sawi) mesthi bakal meruhi piwalese. Lan sing sapa wonge tumindhak ala sanadyan mung sakbobote wiji sawi mesthi bakal meruhi piwalese”. (Az- Zalzalah:7-8).

Abdullah bin Mas’ud ngendika: “ayat iku pinangka al-jâmi’ah al-fâdzdzah ayat kang ringkes ananging maknaning agung (cekak aos).

Setunggal wekdal sahabat As Sha’sha’ah bin Najiyah sowan rasul nyuwun dipun waosaken ayat al- quran, banjur Rasulullah maosaken surat az- zalzalah ayat 7 lan 8. Shahabat As Sha’sha’ah matur: “Cekap punika kemawon ayat ingkang kula mireng, kula mboten perduli malih kaliyan nasehat sanesipun”.  Maksud pangandikanipun As Sha’sha’ah mboten mbetahaken nasihat sanes inggih awit kalih ayat ing surat az- zalzalah punika sejatosipun sampun saget makili sedaya nasehat kesaenan.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing al- quran Allah nate ngisahaken setunggal tiyang ingkang wicaksana lan minulya inggih punika Luqman. Setunggal wekdal Luqman paring piwucal dhumateng putranipun kanti nasehat ingkang utama. Nasehatipun Luqman punika dipun ngendikaaken Allah wonten ing ayat al- quran.

 Ngendika Allah Ta’ala:

يَا بُنَيَّ إِنَّهَا إِنْ تَكُ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِنْ خَرْدَلٍ فَتَكُنْ فِي صَخْرَةٍ أَوْ فِي السَّمَاوَاتِ أَوْ فِي الْأَرْضِ يَأْتِ بِهَا اللَّهُ إِنَّ اللَّهَ لَطِيفٌ خَبِيرٌ

(Nasehate Luqman): “He anakku, satemene menawa ana amal tumindhak sanadyan mung sakbobote dzarah (wiji sawi) lan kaurug ing sajeroning bumi utawa langit, temen Allah bakal nekakake piwalese amal iku, satemene Allah iku Maha Alus lan Maha Waspada”. (Luqman: 16).

Ibnu katsir ngendika: “Iku mujudake wasiat kang utama, saben wong mukmin supaya bisa netepi lan nuhoni wasiat kasebut. Tumindhak becik lan ala sanadyan mung sakwiji sawi bobote sesuk ana ing dina akhir kabeh bakal mangerteni piwalese”. (Tafsir Al-Quranul Adzim: 11: 55).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila mboten wonten pilihan sanes tumrap kula lan panjenengan kejawi ngatah- ngatahi tumindhak sae ing bab punapa kemawon. Amargi namung tumindhak kesaenan ingkang badhe dados jalaran mulyanipun panggesangan wonten ing dunya lan akhirat. Ngendika Rasulullah:

لاَ تَحْقِرَنَّ مِنَ الْمَعْرُوفِ شَيْئًا وَلَوْ أَنْ تَلْقَى أَخَاكَ بِوَجْهٍ طَلْقٍ

“Sira aja pada nyepelekake tumindhak becik sanadyan mung sepele, kayadene nemoni sedulurira kanthi wajah kang sumringah”. (HR. Muslim).

Jama’ah Jumah rahimakumullah

Kanthi punika sumangga sesarengan istiqamah lumampah ing margi kesaenan, mugi Allah SWT tansah andadosaken kula lan panjenengan kawulanipun ingkang kaparingan kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Aamiin.

 

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

  

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم