Teks Khutbah Jumat Singkat

Kautaman Wulan Sya’ban

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

Khutbah Awal

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Amiin.

Jamah jumah rahimakumullah

Kalebet nikmat agung ingkang Allah paringaken dumateng kula lan panjenengan inggih punika dipun kepanggihaken kaliyan wulan sya’ban. Wulan sya’ban kalebet wulan minulya ingkang katah sanget kautaman lan kesaenanipun. Miterat para ulama sya’ban punika kapendet saking tembung (  يَتَشَاعَب) : yatasya’ab khairan katsiran artosipun: kesaenan ingkang katah lan bercabang. Maksudipun wulan punika sejatosipun wulan ingkang katah kautaman lan kesaenan tumrap kula lan panjenengan.

Mila wonten mimbar khutbah siang punika khatib bade ngaturaken seperangan kautaman wulan sya’ban.

1.     Wulan sya’ban amalan manungsa dipun angkat wonten ngarsanipun Allah Ta’ala.

Wonten wulan punika malaikat ingkang tugasipun nyatet amal umat manungsa ngangkat lan ngaturaken catatan amal sakdagunipun setunggal tahun dhumateng Allah Ta’ala. Usamah bin Zaid nate nyuwun pirsa dhumateng Rasulullah: Wahai rasul, kula mboten nate mangertosi panjenengan nindhakaken shiyam wonten wulan sanes kadosdene ing wulan sya’ban? Rasulullah ngendika:

وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيْهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِـيْ وَأَنَا صَائِمٌ

“Wulan sya’ban iku wulan diangkate amal- amal marang Allah Ta’ala, mula aku pingin nalika amalku diangkat aku lagi ana ing kahanan pasa” (HR. An-Nasaa-i).

Miterat Sayyid Muhammad Alawi sedaya amalan manungsa saben rinten lan dalu sejatosipun sampun langsung dipun aturaken Allah SWT. Ananging Kumpulan catatan amal ing dalem setunggal tahun dipun aturaken sedaya wonten ngarsanipun Allah ing wulan sya’ban.

2.     Wulan turunipun dhawuh maos shalawat

Wonten ing wulan sya’ban Allah nurunaken ayat dhawuh shalawat wonten ing surat al-ahzab ayat 56. Ngendika Allah:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

satemene Allah lan para malaikat wus maca shalawat marang nabi Muhammad. He para wong mukmin, sira pada nyuwuna Rahmat lan karaharjan kanggo deweke (Muhammad) kalawan temenan”. (Al- Ahzab:56).

Miterat Imam Syihabuddin Al-Qasthalani ing kitab Al-Mawahib-nya, lan Ibnu Hajar Al-Asqalani bilih ayat punika mandap wonten ing wulan sya’ban tahun kaping kalih saking hijrahipun Rasulullah SAW.

3.     Wulan Istimewa kagem maos al- quran

Maos al-quran punika prayoginipun saben wekdal boten kedah nengga dinten utawi wulan tertentu. Ananging khususipun wulan sya’ban panci kagungan kautaman ingkang agung tumrap kaum muslimin ingkang kersa maos al-quran. Salamah bin Kuhail rahimahullah ngendika:

كَانَ يُقَالُ شَهْرُ شَعْبَانَ شَهْرُ الْقُرَّاءِ

“Jaman biyen disebut wulan sya’ban amarga wulane para qurra’ (Pembaca al-quran).

Mekaten ugi setunggal ulama: ‘Amr bin Qais menawi dumugi wulan sya’ban piyambakipun nutup tokonipun lajeng fokus maos al- quran (Lathaiful-Ma’arif libni Rajab Al-Hanbali hal. 138)

Jamah jumah rahimakumullah

Kanthi punika sampun samestinipun kula lan panjenegan ningkataken semangat pangibadahan ing wulan sya’ban. Mugi Allah Ta’ala tansah paring Taufiq satemah kula lan panjenengan kalebet umatipun nabi Muhammad SAW ingkang pinaringan kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kaping Kalih



الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama