Teks Khutbah Jumat Singkat
Kautaman Wulan Sya’ban
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا
أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Amiin.
Jamah jumah rahimakumullah
Kalebet
nikmat agung ingkang Allah paringaken dumateng kula lan panjenengan inggih
punika dipun kepanggihaken kaliyan wulan sya’ban. Wulan sya’ban kalebet wulan minulya
ingkang katah sanget kautaman lan kesaenanipun. Miterat para ulama sya’ban
punika kapendet saking tembung ( يَتَشَاعَب) : yatasya’ab
khairan katsiran artosipun: kesaenan ingkang katah lan bercabang.
Maksudipun wulan punika sejatosipun wulan ingkang katah kautaman lan kesaenan
tumrap kula lan panjenengan.
Mila
wonten mimbar khutbah siang punika khatib bade ngaturaken seperangan kautaman
wulan sya’ban.
1.
Wulan sya’ban
amalan manungsa dipun angkat wonten ngarsanipun Allah Ta’ala.
Wonten
wulan punika malaikat ingkang tugasipun nyatet amal umat manungsa ngangkat lan
ngaturaken catatan amal sakdagunipun setunggal tahun dhumateng Allah Ta’ala.
Usamah bin Zaid nate nyuwun pirsa dhumateng Rasulullah: Wahai rasul, kula
mboten nate mangertosi panjenengan nindhakaken shiyam wonten wulan sanes
kadosdene ing wulan sya’ban? Rasulullah ngendika:
وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ
فِيْهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ
عَمَلِـيْ وَأَنَا صَائِمٌ
“Wulan
sya’ban iku wulan diangkate amal- amal marang Allah Ta’ala, mula aku pingin
nalika amalku diangkat aku lagi ana ing kahanan pasa” (HR. An-Nasaa-i).
Miterat
Sayyid Muhammad Alawi sedaya amalan manungsa saben rinten lan dalu sejatosipun
sampun langsung dipun aturaken Allah SWT. Ananging Kumpulan catatan amal ing
dalem setunggal tahun dipun aturaken sedaya wonten ngarsanipun Allah ing wulan
sya’ban.
2.
Wulan turunipun
dhawuh maos shalawat
Wonten
ing wulan sya’ban Allah nurunaken ayat dhawuh shalawat wonten ing surat al-ahzab
ayat 56. Ngendika Allah:
إِنَّ اللَّهَ
وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
“satemene
Allah lan para malaikat wus maca shalawat marang nabi Muhammad. He para wong
mukmin, sira pada nyuwuna Rahmat lan karaharjan kanggo deweke (Muhammad) kalawan
temenan”. (Al- Ahzab:56).
Miterat
Imam Syihabuddin Al-Qasthalani ing kitab Al-Mawahib-nya, lan Ibnu Hajar
Al-Asqalani bilih ayat punika mandap wonten ing wulan sya’ban tahun kaping
kalih saking hijrahipun Rasulullah SAW.
3.
Wulan Istimewa
kagem maos al- quran
Maos al-quran punika
prayoginipun saben wekdal boten kedah nengga dinten utawi wulan tertentu.
Ananging khususipun wulan sya’ban panci kagungan kautaman ingkang agung tumrap
kaum muslimin ingkang kersa maos al-quran. Salamah bin Kuhail rahimahullah ngendika:
كَانَ يُقَالُ شَهْرُ شَعْبَانَ
شَهْرُ الْقُرَّاءِ
“Jaman biyen disebut wulan
sya’ban amarga wulane para qurra’ (Pembaca al-quran).
Mekaten ugi setunggal
ulama: ‘Amr bin Qais menawi dumugi wulan sya’ban piyambakipun nutup tokonipun
lajeng fokus maos al- quran (Lathaiful-Ma’arif libni Rajab Al-Hanbali hal. 138)
Jamah jumah rahimakumullah
Kanthi punika sampun
samestinipun kula lan panjenegan ningkataken semangat pangibadahan ing wulan
sya’ban. Mugi Allah Ta’ala tansah paring Taufiq satemah kula lan panjenengan
kalebet umatipun nabi Muhammad SAW ingkang pinaringan kamulyan panggesangan ing
dunya lan akhirat. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق