Teks Khutbah Jumat Singkat
Nuladhani Lampah
Gesangipun Rasulullah ﷺ
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Menawi
kula lan panjenengan nggatosaken kahanan donya ingkang kebak pacoban punika,
kathah tiyang ingkang sami bingung lan goncang manahipun amargi ngadhepi
awratipun gesang: wonten ingkang kaparingan pacoban ruwet ing babakan ekonomi,
wonten ingkang kataman sakit ingkang mboten kunjung saras, ugi wonten ingkang
tansah ketaman raos sumelang amargi kahanan ingkang mboten mesthi. Ing
tengahing kahanan ingkang kados punika, boten wonten lampah ingkang langkung
sae lan saged dados obor ing saklebeting pepeteng kajawi nuladhani lampah
gesangipun Rasulullah SAW.
Pramila wonten khutbah siang punika sumangga kula lan
panjenegan mendet piwucal saking lampah gesangipun Rasulullah SAW. Mugi- mugi
kanthi nuladhani Rasulullah SAW saget andamel ayem tentremipun panggesangan
kula lan panjenegan.
1. Keyakinan Ingkang Bakoh Dhumateng Pesathenging Allah
SWT
Rasulullah SAW ngajaraken supados manah kula lan
panjenengan tansah tentrem lan ridha dhumateng sedaya titahipun Allah. Punapa
ingkang dipun takdiraken Allah dhumateng kula lan panjenengan, punika ingkang
paling sae lan paling pas. Allah boten nate paring beban gesang ingkang
ngungkuli kekiyatanipun manungsa.
Sedaya pacoban ingkang dipunsanggi kula lan
panjenengan, sadaya sampun kawukur kanthi adil lan wicaksana déning Allah SWT.
Allah sampun dhawuh wonten ing QS. Al-Baqarah: 286:
لَا يُكَلِّفُ اللَّهُ نَفْسًا
إِلَّا وُسْعَهَا
Artosipun: "Allah
ora bakal mbebani siji-sijining jiwa kajaba manut karo
kekuatane." (QS. Al-Baqarah: 286)
Nalika manah kula lan panjenengan ngraos awrat, sumanggat
emut bilih Allah langkung pirsa menawi kula lan panjenengan kuwawi ngadhepi
pacoban kasebat. Raos yakin punika ingkang damel jiwa kula lan panjenengan
boten gampil putus asa lan tansah husnuzhan dhumateng Gusti Allah.
2. Akhlaq Tawadhu' (Rendah Hati) ing Tengahing
Masyarakat
Menawi kula lan panjenengan sampun nggadhahi keyakinan
bilih sedaya ing dunya punika titipaning Allah, mila wohe keyakinan wau inggih
punika akhlaq tawadhu' (rendah hati). Rasulullah SAW punika paraga ingkang
paling inggil drajatipun, nanging panjenenganipun uga paraga ingkang paling
tawadhu'.
Kanjeng Nabi boten nate ngraos langkung suci, langkung
pinter, utawi langkung inggil tinimbang tiyang sanes. Panjenenganipun remen
srawung lan mbantu sinten mawon tanpa membentenaken drajat lan pangkat.
Tawadhu' punika ingkang dados kunci utama kagem ngraketaken raos pasederekan
lan ngedhahaken sifat sombong ing saklebeting manah kula lan panjenengan.
Allah SWT paring dhawuh babagan sifat tawadhu' wonten
ing QS. Al-Furqan: 63:
وَعِبَادُ الرَّحْمَٰنِ
الَّذِينَ يَمْشُونَ عَلَى الْأَرْضِ هَوْنًا
Artosipun: "Dene hamba-hamba Allah Kang Maha
Murah iku yaiku wong-wong kang mlaku ing bumine Allah kanthi rendah hati
(tawadhu')." (QS. Al-Furqan: 63)
Rasulullah SAW uga paring pemut wonten ing hadits
riwayat Muslim:
وَمَا تَوَاضَعَ أَحَدٌ لِلَّهِ
إِلاَّ رَفَعَهُ اللَّهُ
Artosipun: "Ora ana siji wae wong kang tawadhu'
amarga Allah, kajaba Allah bakal ngangkat drajate."
Sikap tawadhu' punika badhe nebihaken kula lan
panjenengan saking sifat adigang, adigung, lan adiguna. Menawi kula lan
panjenengan saged ngamalaken sikap rendah hati punika ing kulawarga lan tangga
teparo, mila gesang ing masyarakat badhe tansah rukun, ayem, tentrem, lan kebak
ing berkah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Pinutuping
atur, mugi-mugi Allah SWT tansah paring pepadhang, keteguhan iman, lan pitulung
dhumateng kula lan panjenengan sami supados saged ngamalaken piwucal mulya punika ing saklebeting gesang, satemah kula lan panjenengan tansah pinaringan
katenteraman ing donya lan kawilujengan ing akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

Posting Komentar