Teks Khutbah Jumat Singkat

Saking Andalusia Dumugi Piala Dunia

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Nembe mawon kula lan panjenengan sami ningali kabar ingkang ngremekaken jagad. Tim bal-balan Spanyol kasil dados juara dunia. Stadion gemuruh, bendera berkibar, jutaan tiyang sami bungah.

Nanging para bapak, kula ngajak  panjenengan sami mundur 500 taun kepengker. Ing wekdal menika, Spanyol utawi ingkang dipunwastani Andalusia, boten misuwur amargi bal-balan. Nanging misuwur amargi dados pusat peradaban Islam paling agung wonten ing dunia.

Ing mrika wonten Kutha Cordoba. Perpustakaanipun ngantos 400 ewu kitab. Universitasipun dipuntekani saking sadaya penjuru dunia. Para ulama, dokter, lan ahli ngèlmu Islam gesang sesarengan kanthi tentrem kaliyan agama sanes. Menika bukti kejayaan umat Islam.

Allah SWT sampun dawuh wonten ing Al-Qur'an:

وَتِلْكَ الْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ النَّاسِ

"Lan mangsa-mangsa kejayaan iku Ingsung gilir gumatekake marang kabeh manungsa"  (QS. Ali 'Imran: 140)

Ayat menika paring piwucal dhumateng kula lan panjenengan: Kejayaan lan karuntuhan menika ngider. Dinten menika saged dados juara, benjang saged kalah. Umat menika saged mulya, saged ugi hina. Pramila wonten ing mimbar siang menika badhe khatib aturaken 3 piwucal utama.

1. Umat Islam Mulya Amargi Ngèlmu lan Iman

Rumiyin para ulama Andalusia boten namung pinter ngèlmu agama, nanging ugi pinter ngèlmu dunia: kedokteran, astronomi, matematika. Sedaya ngelmu dipun digaaken kagem ngibadah lan madosi ridha Allah. Kados dawuh Kanjeng Nabi :

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ

"Ngudi ngèlmu iku wajib tumrap saben Muslim" (HR. Ibnu Majah)

Pramila, kagem kula lan panjenengan ing jaman modern menika, boten wonten alesan kangge umat Islam dados tiyang ingkang kesed lan ketinggalan jaman. Ngudi ngèlmu donya lan akhirat menika setunggal paket ingkang boten saged dipunpisahaken. Nalika kula lan panjenengan nguasai teknologi, kedokteran, lan sains kanthi adhedhasar iman ingkang kuat, estu saget mbekta wibawa lan kamulyan umat Islam ing peradaban dunia.

2. Umat Islam Runtuh amargi Pecah lan Nikaraken Allah

Nalika para raja Andalusia sami rebutan kuasa, sibuk kaliyan kemewahan, lan tebih saking masjid, mungsuh mlebu setunggal-setunggal. Granada, benteng pungkasan, runtuh taun 1492.

Menika dados ibrah ageng: Perpecahan menika awal saking karuntuhan.

Ibrah menika kedah dados pepènget tumrap kula lan panjenengan sedaya. Nalika umat Islam luwih seneng tukaran amargi perkara sepele, nengenaken gengsi lan hawa napsu, lan lali marang ibadah ing masjid, panguwasa sarta kakuwatan bakal sirna tanpa tilas. Boten wonten benteng ingkang paling kuat kajawi paseduluran lan persatuan umat ingkang dipuntaleni dening ketakwaan dhumateng Allah SWT.

3. Kamenangan Sejati Boten wonten ing Stadion Kemawon

Kula lan panjenengan bungah ningali Spanyol juara. Nanging kedah emut, kamenangan ingkang dipun kersaaken Allah menika kamenangan iman, kamenangan akhlak, kamenangan ngibadah. Kados dawuh Allah:

وَمَا النَّصْرُ إِلَّا مِنْ عِندِ اللَّهِ

"Lan kamenangan iku among saka ngarsane Allah" (QS. Ali 'Imran: 126)

Gempita lan keplok tumpuk ing stadion menika sifatipun namung sauntara lan cepet sirna. Ananging kamenangan ingkang sejati inggih menika nalika kula lan panjenengan saged ngalahaken hawa napsu piyambak, ngajegaken sholat berjamaah, sarta ngetrapaken akhlakul karimah wonten ing gesang saben dinten. Menika kamenangan ingkang abadi ingkang bakal dipun-apresiasi dening Allah SWT ngantos wonten ing akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Pramila, sumangga kula lan panjenengan sami ndonga supados umat Islam saged "juara" malih. Juara wonten ing sholat, juara wonten ing akhlak, juara wonten ing ngèlmu. Supados Andalusia boten namung dados sejarah, nanging dados semangat kagem kula lan panjenegan sedaya ningkataken kesaenan lan prestasi.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

  Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم