Teks Khutbah Jumat Singkat

Piala Dunia lan Piala Akhirat

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

.

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sapunika, kula lan panjenengan nembe mirsani euforia ingkang luar biasa, inggih punika wontenipun Piala Dunia. Milyaran manungsa ing saindenging jagad, kalebet kula lan panjenengan, rumaos semangat, bungah, sarta rila ngurbanaken wektu, tenaga, sarta bandha demi mriksani lan nyengkuyung tim kesayanganipun supados saged ngrebut "Piala Dunia".

Ananging, minangka tiyang mukmin, wonten pitakenan ageng ingkang kedah dipun-gagas: “Yen kula lan panjenengan saged semanten semangatipun nggayuh piala dunya, kados pundi kaliyan usaha kula lan panjenengan nggayuh 'Piala Akhirat'?”

Jamaah jumah rahimakumullah

Jamaah ingkang dipun rahmati Allah, Islam mboten menging kula lan panjenengan remen bal-balan utawi nderek euforia piala dunia, amargi dunya punika pancen nggenipun hiburan. Ananging, ampun ngantos kula lan panjenengan kesupen, bilih dunya punika namung sawetawis. Dunya punika sanes finish, nanging namung lapangan papan kula lan panjenengan pados "poin" utawi ganjaran.

Tujuan utama kula lan panjenengan inggih punika kesuksesan wonten ing akhirat, nggayuh ridha-Nipun Allah, lan mlebet swarga. Punika ingkang dipunsebat Piala Akhirat ingkang sejati. Allah SWT sampun ngetingalaken piweling wonten Surah Al-Qashas ayat 77:

وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ ۖ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا

Artosipun (Ngoko): "Lan pada goleka apa kang wus diparingake Allah marang sira (wujud kabagyan) omah akhirat, lan aja sira lali bageanmu saka dunya..."

Dados, konsep gesang ingkang leres punika Seimbang. Nalika paningal kula lan panjenengan kiyat mirsani pertandhingan dunya, manah lan niat kedah tetep kenceng nuju akhirat. Ampun ngantos amargi mirsani bal-balan ngantos subuh, banjur shalat subuhipun kasep utawi malah bablas. Punika tegesipun kula lan panjenengan "kalah" ing pertandhingan akhirat.

Mila Supados kula lan panjenengan mboten ketungkul ing euforia dunya lan saged sukses wonten ing akhirat, wonten kalih tips ibadah ingkang kedah dipun-gadhahi:

1.Njagi Shalat Fardhu Wonten Ing Wekdalipun.

Wonten ing piala dunia, wekdal 90 menit punika dipunjagi sanget, mboten pareng telat. Mekaten ugi kaliyan shalat fardhu. Shalat gangsal wekdal punika pondasi utami. Ampun ngantos jadwal pertandhingan dunya ngrusak "jadwal pepanggihan" kula lan panjenengan kaliyan Allah SWT.

Ngenani babagan punika, sahabat Abdullah bin Mas'ud nate nyuwun pirsa dhumateng Kanjeng Nabi ngenani amalan ingkang paling dipun-tresnani Allah, Kanjeng Nabi paring dhawuh:

الصَّلَاةُ عَلَى وَقْتِهَا

Artosipun: "Shalat ing dhasar wektune (tepat wektu)." (HR. Bukhari lan Muslim)

Tiyang ingkang sukses inggih punika ingkang saged ngatur wekdal dunya tanpa ngurbanaken wekdal shalat fardhunipun.

2. Istiqomah Amalan Sunnah sanadyan Alit utawi Sekedhik

Saben tim bal-balan mbetahaken gol lan poin ekstra kagem menang. Wonten ing akhirat, poin ekstra punika wujudipun amalan sunnah, kados dene shalat tahajjud, dhuha, utawi sedekah. Sanadyan alit, ananging menawi dipun-tindakaken kanthi istiqomah (ajeg), punika badhe dados tabungan ageng ingkang nylametaken kula lan panjenengan ing dinten kiamat.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW paring dhawuh wonten ing hadits shahih:

أَحَبُّ الْأَعْمَالِ إِلَى اللهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ

Artosipun: "Amalan kang paling ditresnani dening Allah yaiku amalan kang ajeg (istiqomah) sanajan ta sithik." (HR. Bukhari lan Muslim)

Jamaah ingkang minulya,

Sumangga momen piala dunia punika kula lan panjenengan dadosaken kaca benggala (cermin). Menawi para pemain bal saged disiplin, latihan rekasa, lan rila sayah demi piala dunya ingkang saged rusak, kula lan panjenengan kedah langkung semangat, disiplin, lan lan kersa ngurbanaken wekdal kagem Piala Akhirat lan swarganipun Allah ingkang kekal abadi.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

  Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama