Teks Khutbah Jumat Singkat

3 Amalan ing Wulan Muharram

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Hadirin Jamaah Jumat ingkang dipunmulyaken Allah,

Samenika kula lan panjenegan wonten ing wulan Al Muharram, salah satunggal wulan ingkang dipunmulyaken dening Allah Swt. (Asyhurul Hurum). Wulan punika nggadhahi keutamaan ingkang ageng sanget, saéngga dipunsebat minangka Syarullah (Wulanipun Allah). Wonten ing wulan ingkang kebak berkah punika, wonten 3 amal ingkang sanget dipunanjuraken supados kula lan panjenegan lampahi:

 

1. Ngathah-ngathahi Siyam Sunnah

Amal ingkang kaping pisan inggih punika ngathah-ngathahi nindakaken siyam sunnah wonten ing salebeting wulan Al Muharram. Senadyan siyam Asyura sampun kalampahan, ananging dinten-dinten sanesipun ing wulan Muharram punika taksih nggadhahi kautaman ingkang ageng kagem siyam sunnah, kadosdene siyam Senin-Kamis utawi siyam Dawud.

Rasulullah saw. ngendika wonten ing hadits shahih:

أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللهِ الْمُحَرَّمُ

"Pasa sing paling utama sakwise pasa Ramadhan yaiku pasa ing sasine Allah, yaiku sasi Muharram." (HR. Muslim).

Hadirin, mangga dipunpenggalih mawi manah ingkang wening. Mumpung kula lan panjenengan taksih dipunparingi wekdal wonten ing wulan Al Muharram punika, sumangga dipungunakaken kagem nindakaken siyam sunnah kanthi ikhlas, minangka tanda syukur dumateng ngarsanipun Allah Swt.

2. Ngathah-ngathahi Amal Shalih lan Nilar Maksiat

Amal ingkang kaping kalih inggih punika mupangataken wulan suci punika kagem ngathah-ngathaken kesaenan lan nilar kemaksiatan. Saben amal shalih badhe dipun tikelaken ganjarannipun, kosok wangsulipun tumindak dosa ugi langkung awrat dosanipun tinimbang wulan sanes. Rasulullah saw. ngendika:

اتَّقِ الْمَحَارِمَ تَكُنْ أَعْبَدَ النَّاسِ

"Adhohana perkara-perkara sing diharamake, mesti sira bakal dadi sakapik-apike wong kang ibadah." (HR. Tirmidzi, dipunshahihaken dening Al-Albani).

Wulan Al Muharram punika momentum ingkang trep kagem kula lan panjenegan nindakaken hijrah batiniyah. Sumangga kula lan panjenegan nilaraken kemaksiatan kadosdene raos meri, drengki, sarta ngendika ingkang mboten pantes. Mangga dipun agem dinten-dinten kula lan panjenegan kagem maos Al-Quran, dzikir, lan tetulung dumateng sesami kanthi ikhlasing manah.

3. Ngathah-ngathaken Sedekah lan Nyantuni Anak Yatim

Amal ingkang kaping tiga inggih punika nggadhahi raos welas asih dumateng sesami kanthi loman ngedalaken sedekah, utamanipun kagem lare-lare yatim sarta tiyang ingkang dhuafa.

Rasulullah saw. ngendika:

أَنَا وَكَافِلُ الْيَتِيمِ فِي الْجَنَّةِ كَهَاتَيْنِ، وَأَشَارَ بِأُصْبُعَيْهِ السَّبَّابَةِ وَالْوُسْطَى

"Aku lan wong sing nanggung (nyukupi kabutuhan) anak yatim iku ana ing swarga kaya mangkene," lan Nabi paring isyarat nganggo driji telunjuk lan driji tengahe. (HR. Bukhari).

Hadirin, wonten ing sakupengipun kula lan panjenegan mbok bilih kathah lare-lare yatim utawi sederek ingkang kekirangan. Nalika kula lan panjenegan ngusap sirahipun lare yatim kanthi raos tresna, sarta paring bantuan kagem gesangipun, sajatosipun kula lan panjenegan saweg mbukak lawang swarga lan miyaraken rejeki kula lan panjenegan piyambak. Ampun pelit dumateng bandha, amargi menapa ingkang kula lan panjenegan sedekahaken, punika ingkang badhe mbelani kula lan panjenegan wonten ing dinten kiamat mangke.

Hadirin Jamaah Jumat ingkang dipunmulyaken Allah,

Wulan Al Muharram sampun lumampah. Umur kula lan panjenegan tansah berkurang, nanging dinten kiamat lan pejah tansah nyelaki. Sumangga momentum wulan Muharram punika dipungunakaken kanthi sak saé-saénipun lumantar 3 amal utama wonten ing nginggil. Mugi-mugi Allah Swt. tansah paring hidayah, kekiyatan, sarta bimbingan dumateng kula lan panjenegan sedaya, saéngga saged dados hamba ingkang istiqomah.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

  Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم