Teks Khutbah Jumat Singkat
Tasyrik Dinten Dhahar lan Ngunjuk
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan
khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos
dumugi akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten ing swasana sasi Dzulhijjah punika, kula lan
panjenengan pinanggih malih kaliyan dinten riyaya Idul Adha lan ugi Dinten
Tasyrik. Dinten Tasyrik inggih punika tanggal 11, 12, lan 13 sasi
Dzulhijjah.
Wonten ing dinten-dinten punika, umat Islam
dipun-awisi (dipun-larang) nindakaken ibadah siyam (pasa). Napa sebabipun?
Amargi dinten Tasyrik punika minangka dinten kagem dhahar lan ngunjuk, minangka
raos syukur dhumateng peparingipun Allah SWT.
Rasulullah SAW sampun dhawuh wonten ing hadits shahih:
أَيَّامُ التَّشْرِيقِ أَيَّامُ
أَكْلٍ وَشُرْبٍ وَذِكْرٍ لِلَّهِ
"Dinten-dinten Tasyrik iku minangka dinten kanggo
dhahar, ngunjuk, lan eling (dzikir) marang Allah." (HR. Muslim).
Saking hadits punika, kula lan panjenengan saged
mendhet piwucal bilih Islam punika agami ingkang mboten namung nuntut umatipun
ibadah ritual kemawon, nanging ugi nggatosaken kabingahan lan kabetahan
jasmani. Allah paring wekdal mligi (khusus) kagem kula lan panjenengan sedaya
supados saged ngraosaken nikmatipun rejeki mawi dhahar lan ngunjuk daging
kurban.
Jamaah Jumat ingkang minulya,
Wonten setunggal perkawis ingkang kedah kula lan
panjenengan gatosaken. Sanadyan dinten Tasyrik punika dipun-sebat dinten dhahar
lan ngunjuk, mboten teges kula lan panjenengan saged tumindak sesuka ati,
boros, utawi keladuk (berlebihan). Bab punika jumbuh kaliyan dhawuhipun Allah
SWT wonten ing Al-Qur'an Surat Al-A'raf ayat 31:
...وَكُلُوا وَاشْرَبُوا وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا
يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ
"Lan mangana sira kabeh sarta ngombea, nanging
aja nganti leluwihan,. Satemene Allah iku ora seneng marang wong kang leluwihan."
(QS. Al-A'raf ayat 31)
Pramila, wonten tigang adab ingkang kedah kula lan
panjenengan jagi nalika ngadhepi dinten Tasyrik punika:
- Pisanan:
Ndadosaken Dhahar lan Ngunjuk minangka Sarana Ibadah. Kula lan panjenengan sedaya dhahar lan ngunjuk
supados badan punika gadhah kekiyatan kagem nindakaken ketaatan dhumateng
Allah. Ampun ngantos dhahar lan ngunjuk kasebat malah ndadosaken kula lan
panjenengan sedaya kesed nindakaken shalat utawi ibadah sanesipun.
- Kaping Kalih:
Nindakaken Dzikir. Kados
dhawuhpun Nabi SAW, dinten Tasyrik punika ugi dinten kagem dzikrullah
(eling marang Allah). Pramila, kula lan panjenengan sedaya
dipun-sunnahaken maos takbir (takbir muqayyad) saben-saben mungkasi shalat
fardhu ngantos lingsiripun srengenge tanggal 13 Dzulhijjah. Ugi maos
basmalah nalika badhe dhahar lan hamdalah sak-sampunipun.
- Kaping Tiga:
Nglairaken Raos Syukur lan Dumdum (Berbagi). Daging kurban ingkang kula lan panjenengan
sedaya tampi utawi dipun-tilaraken kagem kulawarga kedah dipun-syukuri.
Menawi gadhah kaluwihan, sumangga dipun-paringaken dhumateng tangga
tepalih utawi sedhèrèk ingkang mbetahaken, supados sedaya saged ngraosaken
kabingahan dinten riyaya.
Jamaah Jumat ingkang dipun-mulyaken Allah,
Wusana, sumangga kula lan panjenengan sedaya
ngginakaken dinten Tasyrik punika kanthi kebak raos syukur, mboten namung mawi
dhahar lan ngunjuk kemawon, nanging ugi dipun-bumboni mawi dzikir sarta
ngiyataken pasedhèrèkan dhumateng sesami. Mugi-mugi, kanthi berkahing dinten
riyaya lan dinten Tasyrik punika, Allah SWT tansah ngiyataken iman kula lan
panjenengan, njagi kawilujengan badan, sarta paring jembaring rejeki ingkang
halalan thayyiban kagem sangu ngabekti dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Amin Ya
Rabbal Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

إرسال تعليق