Teks Khutbah Jumat Singkat
Istiqamah Punika Awrat
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan
khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos
dumugi akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Istiqamah punika artosipun
jejeg utawi ajeg ing marginipun Allah. Istiqamah pancen awrat, amargi godha
saking hawa nafsu lan dunya punika mboten nate kendel. Ananging, Allah SWT
sampun paring janji kagem tiyang ingkang kersa istiqamah, kados ingkang kasebat
ing Al-Quran:
إِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ثُمَّ
اسْتَقَامُوْا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ أَلَّا تَخَافُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا
وَأَبْشِرُوْا بِالْجَنَّةِ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ
"Satemene
wong-wong kang matur: 'Pangeran kula punika Allah', banjur wong-wong mau istiqamah,
mula malaikat bakal mudhun marang dheweke (kanthi ngucap): 'Aja wedi lan aja
sedhih; lan nampa kabar gembira kanthi (oleh) swarga kang wus dijanjekake Allah
marang kowe'." (QS. Fussilat: 30).
Ayat
punika negasaken bilih kautaman istiqamah punika ageng sanget tumrap kula lan panjenengan.
1. Ingkang angka sepisan
inggih punika kautaman nalika wonten ing dunya, ing pundi Allah SWT badhe
paring kanugrahan awujud katentreman manah ingkang sejati. Kanthi sikap istiqamah,
kula lan panjenengan mboten badhe gampil ngrasa kuwatir utawi khauf dhumateng
perkawis ingkang badhe dateng, sarta mboten gampil sedhih utawi huzn ngadhepi
pinten-pinten pacoban panggesangan, amargi saklebetipun manah sampun wonten
kapitayan bilih Allah tansah paring pitulungan.
2. Dene ingkang angka kalih
inggih punika kautaman wonten ing akhirat, ingkang dados tujuan pungkasaning
manungsa. Allah SWT sampun njanjekaken swarga ingkang kebak kanikmatan minangka
piwales saking sedaya kesabaran sarta jerih payah kula lan panjenengan nalika
njaga ibadah lan nahan hawa nafsu kanthi ajeg. Janji punika dados bukti bilih
mboten wonten kesabaran ingkang muspra ing ngarsanipun Allah tumrap
hamba-hamba-Ipun ingkang saged istiqamah ngantos pungkasaning hayat.
Jamaah jumah
rahimakumullah
Kejawi punika, Rasulullah SAW ugi nate paring dhawuh bilih amalan ingkang paling dipun tresnani Allah punika mboten amargi katahipun utawi agengipun, ananging amargi ajegipun. Nabi SAW dawuh:
أَحَبُّ الأَعْمَالِ
إِلَى اللَّهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ
"Amalan
kang paling ditresnani Allah yaiku amalan kang langgeng (istiqamah), senajan
sithik." (HR. Muslim).
Hadits
punika paring piwucal bilih Gusti Allah mboten namung mirsani sepinten agengipun
amalan ingkang dipun tindakaken, ananging langkung mirsani dhumateng katekunan
lan keajeganipun hamba kasebat. Tumrap kula lan panjenengan, nindakaken ibadah
sanadyan sekedhik ananging rutin saben dinten punika langkung utami tinimbang nindakaken
amal ingkang kathah sanget nanging namung sepisan banjur mboten dipun lampahi
malih. Amargi kanthi amalan ingkang ajeg punika, manah saged tansah kumanthil
dhumateng Allah sarta saged mbentuk pakulinan sae ingkang dados benteng saking
tumindak maksiat.
Kejawi
punika, istiqomah ing amalan ingkang sekedhik ananging ajeg badhe nuwuhaken
raos ikhlas ingkang langkung lebet wonten ing manah kula lan panjenengan.
Nalika wulan Ramadhan sampun dangu nilaraken kula lan panjenengan, lan wulan
Syawal punika ugi badhe pungkasan, amalan-amalan alit kados sholat sunnah,
tadarus Al-Quran senajan namung sak lembar, utawi sedekah saben dinten, badhe
dados bukti bilih kula lan panjenengan punika hamba ingkang saestu madosi
ridhanipun Allah, mboten namung madosi pujian utawi semangat musiman kemawon.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Minangka
pungkasaning atur, sumangga wulan Syawal punika kula lan panjenengan dadosaken
momentum kagem nancepaken niat istiqamah
wonten ing salebetipun manah. Mugi-mugi sedaya amalan ingkang sampun dipun
lampahi mboten ucul makaten kemawon, nanging saged terus lestantun lan
ndadosaken kula lan panjenengan pribadi ingkang langkung sae ing ngarsanipun
Allah SWT ngantos dinten pungkasan mangke.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
.png)

إرسال تعليق