Teks Khutbah Jumat Singkat

Dzulqa’dah Wulan Katentreman

lan Persatuan

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos dumugi akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sakpunika kula lan panjenengan sampun lumebet wonten ing wulan Dzulqa'dah. Wulan punika kalebet salah satunggaling Asyhurul Hurum, nggih punika wulan ingkang dipun mulyaken lan dipun sucekaken dening Allah SWT. Wonten ing jaman rumiyin, para leluhur lan para sahabat ngetingalaken kamulyan wulan punika kanthi mungkasi sedaya cecongkrah utawi peperangan.

Pramila, wonten ing tengahing gesang bebrayan punika, prayoginipun kula lan panjenengan njagi katentreman lan kerukunan. Gusti Allah sampun paring pepeling bilih sesami tiyang mukmin punika sedherek. Kados ingkang sinebat wonten Al-Qur’an Surat Al-Hujurat ayat 10:

إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ

Tegesipun: "Satemene wong-wong mukmin iku sadulur, mula rukunna (dandano) antarané sadulurmu mau, lan padha takwaa marang Allah supaya panjenengan kabeh antuk rahmat."

Jamaah jumah rahimakumullah

Menawi wonten ing tengahing masyarakat wonten perkawis ingkang kirang saé, mbok bilih wonten salah faham utawi benten pamanggih, sumangga dipun rampungaken kanthi manah ingkang adhem. Amargi, memungsuhan punika namung badhe andamel karugen, boten namung rugi bandha nanging ugi rugi iman.

Supados katentreman lan kerukunan menika boten namung dados wacana, wonten tigang perkawis ingkang saged kula lan panjenengan lampahi ing gesang bebrayan:

Sepisan, Njagi Lisan saking Ghibah lan Fitnah. Kathah cecongkrah menika sumberipun saking lisan ingkang boten dipun jaga. Ing jaman sakpunika, lisan ugi awujud tulisan wonten ing HP utawi media sosial. Sumangga kula lan panjenengan ngginakaken lisan kagem ngendika ingkang sae, utawi bilih boten saged, prayoginipun mendel. Kados dhawuhipun Kanjeng Nabi: "Sapa wae kang iman marang Allah lan dina akhir, mula ngucapa sing becik utawa menenga."

Kaping kalih, nggadhahi Sifat "Tasamuh" utawi Tepa Selira. Wonten ing tengahing masyarakat, mesthi wonten benten pamanggih utawi benten pilihan. Nanging benten menika ampun ngantos dados benter (panas). Kula lan panjenengan kedah saged nampi bilih saben tiyang nggadhahi watak ingkang mboten sami. Kanthi sifat tepa selira, kula lan panjenengan badhe gampang paring pangapura lan mboten gampang nesu dhumateng tangga teparo.

Kaping tiga, Ngiyataken Silaturahmi lan Tulung-tinulung. Kerukunan badhe tuwuh bilih kula lan panjenengan asring sapa aruh lan kersa mbiyantu kabetahanipun sedherek sanesipun. Ampun nunggu dipun paringi bantuan, nanging sumangga kula lan panjenengan ingkang miwiti paring pambiyantu dhumateng sesami, senadyan namung awujud tenaga utawi panyengkuyung donga. Menika ingkang badhe nggandhengaken manah ingkang nate rengka.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun paring pepeling wonten ing Hadits Shahih bilih memungsuhan langkung saking tigang dinten punika dipun larang:

لَا يَحِلُّ لِمُسْلِمٍ أَنْ يَهْجُرَ أَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثِ لَيَالٍ

Tegesipun: "Ora halal tumrap wong Muslim menowo mutus paseduluran (ora sapa aruh) klawan sedulure luwih soko telung bengi." (HR. Bukhari lan Muslim).

Wulan Dzulqa'dah punika wektu ingkang saé kagem kula lan panjenengan sami-sami paring pangapura. Sampun ngantos perkawis sepele ndadosaken kula lan panjenengan boten rukun. Katentreman ing lingkungan badhe ndadosaken ibadah kula lan panjenengan langkung khusyuk lan gesang langkung barokah.

Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pituduh dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados saged njagi lisan, njagi tumindak, sarta njagi paseduluran wonten ing wulan Dzulqa'dah punika lan saterusipun.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

Khutbah Kaping Kalih

 الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini.



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama