Teks Khutbah Jumat Singkat

Amalan Ingkang Dipun

Tresnani Allah

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos dumugi akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Saben manungsa temtu nggadhahi kekajengan supados dipun tresnani dening Allah SWT. Amargi bilih Allah sampun tresna, mila sedaya urusan badhe dipun gampilaken. Wonten ing satunggaling hadits, Rasulullah SAW paring dhawuh babagan amalan ingkang dipun tresnani Allah SWT:

أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ

"Amalan kang paling ditresnani dening Allah yaiku amalan kang langgeng (istiqomah), senajan sithik." (HR. Bukhari lan Muslim).

Saking hadits punika, saged dipun pundhut piwucal bilih Allah mboten naming mirsani sepinten agengipun amalan, nanging sepinten anggenipun kula lan panjenengan nggadhahi niat ingkang tulus lan ajeg (istiqomah).

Jamaah ingkang dipun mulyaken Allah,

Wonten sawetawis amalan ingkang sanget dipun tresnani dening Allah kados ingkang dipun dhawuhaken dening Rasulullah SAW:

Sepisan: Sholat ing Wektunipun.

Allah paring dhawuh wonten ing Al-Qur'an:

إِنَّ الصَّلَاةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ كِتَابًا مَوْقُوتًا

"Saktemene sholat iku dadi kewajiban kang wis ditentokake wektune tumrap wong-wong kang iman." (QS. An-Nisa: 103).

Nalika Rasulullah SAW dipun suwunipirsa: "Amalan punapa ingkang paling dipun tresnani Allah?" Nabi paring wangsulan: الصَّلاةُ عَلَى وَقْتِهَا  (Sholat ing dalem wektune). Punika nuduhaken bilih disiplin nindakaken sholat minangka wujud katresnan kula lan panjenengan dhumateng Allah.

Kaping kalih: Berbakti dhumateng Tiyang Sepuh (Birrul Walidain).

Allah SWT dhawuh wonten surat Al-Isra ayat 23:

وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا

"Lan Pangeranmu wis netepake supaya sira kabeh aja nyembah liyane Panjenengane, lan supaya sira kabeh tumindak becik marang wong tuwa kanthi becik-becike."

Kados pundi saged kula lan panjenengan ngajeng-ajeng tresnanipun Allah, bilih kula lan panjenengan taksih asring damel sedhihipun tiyang sepuh? Rasulullah SAW nate dhawuh bilih ridho Allah punika gumantung ridhonipun tiyang sepuh.

Kaping tiga: Jihad ing Marginipun Allah.

Jihad ing mriki tegesipun nggih punika temen-temen nglawan hawa nepsu lan karsaning setan. Allah SWT paring dhawuh:

وَالَّذِينَ جَاهَدُوا فِينَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَا

"Lan wong-wong kang jihad (ngupaya kanthi temenan) ing dalan-Ku, temen-temen bakal Ingsun paringi pituduh marang dalan-dalan-Ku." (QS. Al-Ankabut: 69).

Mugi-mugi, kanthi wekdal ingkang sekedhap wonten ing donya punika, kula lan panjenengan saged nindakaken amalan-amalan punika kanthi istiqomah supados pikantuk katresnanipun Allah SWT.

Jamaah jumah rahimakumullah

Pramila saking punika, sumangga kula lan panjenengan sesarengan niyataken kanthi tulus wonten ing manah, supados saged nindakaken amalan-amalan ingkang dipun tresnani Allah punika. Mboten perlu nunggu wekdal ingkang sampurna, nanging sumangga dipun wiwiti saking dinten punika, saking babagan ingkang alit, kados dene njagi sholat jamaah, paring esem lan kabecikan dhumateng tiyang sepuh, sarta jihad nglawan rasa males ingkang wonten ing dhiri kula lan panjenengan. Mugi-mugi kanthi ikhtiar punika, Allah tansah paring pitedah lan nglebetaken kula lan panjenengan wonten ing golonganipun hamba ingkang dipun tresnani.

Pungkasaning atur, mugi-mugi ibadah Jumat punika mbeta berkah kagem gesang kula lan panjenengan sedaya. Sumangga kula lan panjenengan tansah njagi kerukunan, nindakaken dhawuhipun agami kanthi istiqomah, lan muga-muga nalika tilar donya mangke, kula lan panjenengan sedaya pinaringan kahanan Husnul Khotimah. Amin ya Rabbal 'Alamin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kaping Kalih

 الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini.



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama