Teks Khutbah Jumat Singkat
Piwucal Saking Panasipun
Konflik Timur Tengah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan
wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Sakpunika, mripat donya
nembe tumuju dhumateng benteripun politik lan perang ing Timur Tengah,
mliginipun memala antawisipun Iran, Israel, lan Amerika. Kahanan ingkang mboten
menentu punika kedah kula lan panjenengan dadekaken piwucal (ibrah) ingkang
lebet, supados iman kula lan panjenengan mboten goyah nanging malah tansah
kiyat.
Sepisan, kula lan panjenengan
kedah sadar bilih donya punika kebak pacoban lan mboten wonten ingkang
langgeng. Peperangan punika nuduhaken bilih kakuwatan manungsa lan teknologi
gegaman ingkang canggih mboten saged nandingi kersanipun Gusti Allah. Gusti
Allah sampun dhawuh ing Al-Qur'an Surah Al-Baqarah ayat 155:
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ
وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ ۗ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ
"Lan sayekti Ingsun bakal nyoba marang sira kabeh
kanthi sethithik rasa wedi, keluwen, kurang bandha, jiwa, lan woh-wohan. Lan
kabarana bebungah wong-wong kang padha sabar." (Surah
Al-Baqarah ayat 155).
Saking
ayat punika, kula lan panjenengan dipun emutaken bilih rasa ajrih lan
kekirangan punika sunnatullah. Ingkang paling wigati sanes sepinten agengipun
pacoban punika, nanging sepinten kiyatipun kesabaran lan tawakal kula lan
panjenengan ngadhepi kahanan donya ingkang tansah gingsir.
Kaping kalih, ing tengahing memala perang punika, kula lan
panjenengan minangka umat Islam kedah njagi lathi lan emosi. Ing jaman medsos
kados sakpunika, kathah pawarta (berita) ingkang mboten jelas sumberipun (hoax)
ingkang saged damel perpecahan. Ampun ngantos kula lan panjenengan gampil
kasinggul lan malah tukar padu kaliyan sederek piyambak amargi benten pemanggih babagan politik internasional. Rasulullah SAW
paring pepeling:
المُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ المُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ
"Wong Muslim iku yaiku wong kang wong Muslim
liyane ngrasa slamet saka gangguan lathi lan tangane." (HR. Bukhari).
Njagi
lathi lan jempol kula lan panjenengan saking komentar ingkang saged ngrusak
ukhuwah punika ugi kalebet bageyan saking jihad njagi katentreman.
Kaping tiga, kakuwatan ingkang paling
ageng kagem tiyang mukmin ing kahanan pancabaya (bahaya) punika inggih Donga.
Donga punika as-silahul mukmin, senjatanipun tiyang mukmin. Nalika tangan kula
lan panjenengan mboten saged nggayuh papan peperangan, nalika raga kula lan
panjenengan kacek jarak ingkang tebih, donga saged nembus langit lan nggayuh
Arasyipun Allah tanpa alangan.
Donga punika wujud saking
raos kamanungsan lan akidah. Kula lan panjenengan kedah nyuwun dhumateng Allah
supados para sederek muslim, mliginipun warga sipil, bocah-bocah, lan para
sepuh ing Timur Tengah tansah dipun paringi pangayoman. Donga kula lan panjenengan
dhumateng sedulur Muslim saking kadohan punika donga ingkang mustajab. Kados
hadits Nabi, bilih donga kagem sedulur tanpa kaweruhan tiyangipun bakal dipun
amini dening malaikat. Mula, ampun nate remehaken kakuwatan donga ing
sujud-sujud kula lan panjenengan, amargi Allah Maha Kuwaos mbalikke kahanan
ingkang mboten mungkin dados mungkin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Minangka
panutup, mangga kula lan panjenengan tansah nyenyuwun dhumateng Gusti Allah,
mugi-mugi benteripun konflik ing Timur Tengah punika mboten ngrisak tatanan
kamanungsan lan mboten nular dados perpecahan ing negari kita piyambak. Mugi
Allah paring kekiyatan dhumateng para sederek Muslim ing pundi kemawon, sarta
paring hidayah dhumateng para pemimpin donya supados langkung nengenaken
katentreman tinimbang peperangan. Amargi mboten wonten kakuwatan ingkang saged
ngasoraken kersanipun Allah, lan namung dhumateng Panjenenganipun kula lan
panjenengan pasrah sumarah.
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
.png)

Posting Komentar