Teks Khutbah Jumat Singkat
Ramadhan Sampun Celak,
Punapa Panjenengan sampun Siap?
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan
wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mboten dangu malih, tamu ingkang agung, wulan
Ramadhan, badhe rawuh. Pitakonipun: "Punapa kula lan panjenegan sampun siap?" Jamaah ingkang minulya, persiapan ingkang paling utami inggih menika
persiapan Iman lan Taqwa. Allah SWT dhawuh wonten Al-Qur'an:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ
الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Artosipun: "He wong-wong kang iman, den fardlukake
marang sira kabeh pasa, kaya dene den fardlukake marang wong-wong sadurunge
sira kabeh, supaya sira kabeh padha dadi wong kang takwa." (QS. Al-Baqarah: 183)
Jamaah
jumah rahimakumullah
Kangge nggayuh derajat
takwa kasebat, wonten persiapan ingkang kedah kula lan panjenegan tindakaken.
Ingkang
kapisan, kedah nindakaken Persiapan Ilmu utawi Fiqh Pasa.
Perkawis menika wigati sanget amargi ibadah tanpa dipun dhasari ilmu saged
dados muspra lan mboten sampurna. Kula lan panjenegan kedah nyinaoni malih
babagan syarat lan rukunipun pasa, punapa kemawon perkawis ingkang mbatalaken
ganjaran siyam, sarta sunnah-sunnah ingkang saged nambah mulyanipun ibadah
siyam. Kanthi ilmu ingkang jembar, kula lan panjenegan saged nindakaken siyam
kanthi leres manut tuntunan syariat, saéngga mboten namung angsal kesel lan
luwe mawon.
Ingkang
kaping kalih, inggih menika Persiapan Ruhiyah kanthi dalan
ngresiki manah. Saderengipun Ramadhan rawuh, mangga kita mratobat saking
sedaya dosa lan nyuwun pangapura dhumateng sesami manungsa supados boten wonten
ganjelan nalika nindakaken ibadah. Kanthi manah ingkang resik lan suci, kula
lan panjenegan badhe rumaos entheng lan bingah nampi rawuhipun Ramadhan.
Rasulullah SAW sampun paring kabar gembira (Targhib) bilih nalika Ramadhan
dumugi, lawang-lawang suwarga dipun bikak lan setan-setan dipun krante:
إِذَا جَاءَ رَمَضَانُ فُتِحَتْ أَبْوَابُ
الْجَنَّةِ، وَغُلِّقَتْ أَبْوَابُ النَّارِ، وَصُفِّدَتِ الشَّيَاطِينُ
(Hadits Riwayat Bukhari lan Muslim)
Ingkang kaping tiga, kedah nggadhahi Persiapan
Niyat ingkang Ikhlas amargi niyat menika dados dhasaripun sedaya amal. Kula
lan panjenegan kedah nata niyat bilih siyam menika namung karana pados ridha
saking Allah SWT, sanes karana kepengin dipun alem utawi tumindak amargi
pakewuh kaliyan sesami. Kanthi niyat ingkang tulus, kula lan panjenegan badhe
pikantuk jaminan pengapuran dosa saking Allah kados dhawuhipun Nabi Muhammad
SAW:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ
مِنْ ذَنْبِهِ
Artosipun: "Sapa
wonge sing pasa Ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep ganjaran (ikhlas), mula
bakal dingapura dosa-dosane sing wis kepungkur." (Hadits Riwayat
Bukhari)
Jamaah
jumah rahimakumullah
Saderengipun mungkasi
khutbah menika, mangga kula lan panjenengan tekadaken wonten ing manah kagem
ngginakaken sisa wekdal ing sasi Sya'ban menika kagem gladi resik utawi
latihan. Mboten namung nyiapaken fisik kagem ngempet luwe, nanging ugi miwiti
nggadhahi pakulinan maos Al-Qur'an, nindakaken sholat sunnah, lan njagi lisan
saking tumindak ingkang muspra. Mangga kula lan panjenengan sambut wulan
Ramadhan kanthi rasa syukur lan gembira, amargi mboten sedaya tiyang pinaringan
kalodhangan saged kepanggih malih kaliyan wulan ingkang mulya menika. Mugi-mugi
kanthi persiapan ingkang sae, Ramadhan taun menika saged dados sarana kagem
kula lan panjenengan sedaya hijrah dados pribadi ingkang langkung sae lan
langkung celak dhumateng ngarsanipun Allah SWT.
Mugi-mugi Allah SWT paring
panjang yuswa ingkang barokah, kesehatan, lan kekiyatan saéngga kula lan
panjenengan saged nindakaken ibadah Ramadhan saking awal ngantos paripurna
kanthi sampurna. Mugi-mugi sedaya amal kula lan panjenengan dipun trami lan kula
lan panjenengan sedaya kalebet golongan tiyang-tiyang ingkang pikantuk derajat
takwa lan kawilujengan ing donya sarta akhirat.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
%20(2).png)

Posting Komentar