Teks Khutbah Jumat Singkat

Ramadhan Wulan Al Qur’an

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Perlu dipun-mangertosi bilih Ramadhan mboten namung wulan siyam (pasa), nanging ugi dipunsebat minangka Syahrul Qur'an utawi Wulan Al-Qur'an.

Kenging punapa dipun-sebat wulan Al-Qur'an? Awit wonten ing wulan punika Allah SWT sepisanan nurunaken wahyu suci Al-Qur'an dhumateng Nabi Muhammad SAW pinangka pepadhang dunya. Kados ingkang dipu Ngendikaaken Allah wonten ing Al-Qur'an Surat Al-Baqarah ayat 185:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ الْهُدَىٰ وَالْفُرْقَانِ

"Wulan Ramadhan iku wulan kang ing njerone diturunake Al-Qur'an minangka pituduh (hidayah) kanggo manungsa, lan dadi penjelasan ngenani pituduh mau sarta dadi pembeda (antarane bener lan luput)."

Mila saking punika, gayutan antawisipun Ramadhan lan Al-Qur'an punika raket sanget. Wonten ing sasi punika, Rasulullah SAW paring tuladha supados kula lan panjenengan ngathah-athahaken tadarrus. Dipun-riwayataken dening Imam Bukhari:

كَانَ جِبْرِيلُ يَلْقَاهُ فِي كُلِّ لَيْلَةٍ مِنْ رَمَضَانَ فَيُدَارِسُهُ القُرْآنَ

Malaikat Jibril nemoni Nabi Muhammad SAW ing saben dalu sasi Ramadhan, banjur (Nabi lan Jibril) tadarrusan Al-Qur'an. (HR. Bukhari).

Saking hadits punika, saged kula lan panjenengan pundhut hikmah bilih wulan Ramadhan punika wekdal ingkang paling utami kanggé sesambungan kaliyan Al-Qur'an. Amargi mboten wonten amalan ingkang langkung sae ing wulan Ramadhan sak-sampunipun shiyam, kejawi ngginakaken wekdal kanggé maos Kalamullah.

Mboten namung pikantuk ganjaran ingkang tikel-matikel, Al-Qur'an lan pasa ingkang kula lan panjenengan lampahi badhe dados pembela wonten ing dinten kiamat mangke. Rasulullah SAW nate ngendika:

الصِّيَامُ وَالْقُرْآنُ يَشْفَعَانِ لِلْعَبْدِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ، يَقُولُ الصِّيَامُ: أَيْ رَبِّ، مَنَعْتُهُ الطَّعَامَ وَالشَّهَوَاتِ بِالنَّهَارِ، فَشَفِّعْنِي فِيهِ، وَيَقُولُ الْقُرْآنُ: مَنَعْتُهُ النَّوْمَ بِاللَّيْلِ، فَشَفِّعْنِي فِيهِ، قَالَ: فَيُشَفَّعَانِ

"Pasa lan Al-Qur'an iku bakal menehi syafaat (pitulungan) kanggo sawijining hamba ing dina kiamat. Pasa matur: 'Dhuh Gusti, kula sampun nyegah piyambakipun saking dhaharan lan hawa nepsu ing wekdal siyang, mila mugi Paduka kersa paring syafaat kula kagem piyambakipun.' Al-Qur'an ugi matur: 'Kula sampun nyegah piyambakipun saking tilem ing wekdal dalu (amarga maos Al-Qur'an), mila mugi Paduka kersa paring syafaat kula kagem piyambakipun.' Rasulullah SAW ngendika: 'Banjur sakloron (pasa lan Al-Qur'an) paring syafaat (ditampa dening Allah)." (HR. Ahmad).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila saking punika, sumangga kula lan panjenengan tata niat wiwit sakpunika. Menawi sampun mlebet wulan Ramadhan, ampun ngantos wekdal kula lan panjenengan telas namung kanggé tilem utawi dolanan gadget. Sumangga dipun-isi kanthi maos, nyimak, lan mahami isi Al-Qur'an.

Mugi-mugi Allah SWT paring kekiyatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya kanggé nresnani Al-Qur'an, saéngga urip kula lan panjenengan tansah pikantuk pituduh lan pepadhang ing donya tuwin akhirat. Aamin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini.



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama