Teks Khutbah Jumat Singkat
Nuladhani Dakwahipun
Nabi Isa ‘Alaihissalam
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا
أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ
عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدّيْن, عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ
فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى,يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten ing kalodhangan punika, kula lan panjenegan badhe mendhet
piwucal saking gesangipun salah satunggal Rasul Ulul Azmi, inggih punika Nabi Isa alaihissalam. Minangka umat
Islam, kula
lan panjenegan wajib nresnani lan
nggadhahi iman bilih Nabi Isa as. punika utusanipun Allah ingkang
mbeta piwucal tauhid sarta akhlak ingkang luhur.
Wonten tigang perkawis utama
saking dakwah Nabi Isa as. ingkang kedah kula lan panjenegan tuladani:
Sepindah: Sifat Welas Asih lan Bekti dhateng Tiyang
Sepah.
Nabi Isa as. dipun kenal
minangka nabi ingkang kebak kasih sayang lan mboten nate gumunggung (sombong).
Allah SWT nyariosaken babagan punika wonten ing Surat Maryam ayat
32:
وَبَرًّۢا بِوَٰلِدَتِى وَلَمْ يَجْعَلْنِى جَبَّارًا
شَقِيًّا
“Lan (Allah ndadekake aku) bekti marang ibuku, lan
Panjenengane ora ndadekake aku dadi wong kang sombong lan cilaka.”
Saking ayat punika, kula lan panjenegan saged mendhet
piwucal bilih dhasaripun dakwah lan gesang ingkang barokah punika kawiwitan
saking bekti dhumateng tiyang sepah sarta nilar sifat sombong dhumateng sesami
manungsa.
Kaping kalih: Tauhid minangka Dhasaripun Dakwah.
Nabi Isa as. nate
negasaken bilih ibadah punika namung katur dhumateng Allah SWT semata.
Punika saged kita pirsani wonten ing Surat Maryam ayat 36:
وَإِنَّ
ٱللَّهَ رَبِّى وَرَبُّكُمْ فَٱعْبُدُوهُ ۚ هَٰذَا صِرَٰطٌ مُّسْتَقِيمٌ
“Satemene Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, mula
padha nyembaha marang Panjenengane. Iki dalan kang lurus.”
Menika paring piwucal bilih ing kahanan punapa
kemawon, tauhid utawi nunggalaken Allah kedah dados dhasar ingkang kiyat wonten
ing manah kula lan panjenegan, supados mboten gampil ketilar dening godha
kedonyan.
Kaping tiga: Kesabaran ngadhepi Ujian.
Nabi Isa as. dipun paringi mukjizat dening Allah,
nanging ugi dipun paringi ujian ingkang awrat saking kaumipun ingkang mboten
pitados. Ananging, Panjenenganipun tetep sabar lan mbalas kanthi kasaenan.
Allah SWT dhawuh wonten ing Surat Al-Ahqaf ayat 35:
فَٱصْبِرْ
كَمَا صَبَرَ أُو۟لُوا۟ ٱلْعَزْمِ مِنَ ٱلرُّسُلِ
“Mula sabara sira (Muhammad), kaya sabare para Rasul
Ulul Azmi.”
Nabi Isa as. kalebet salah satunggal saking Rasul Ulul
Azmi. Punika dados pepeling kagem kula lan panjenegan bilih saben pacoban
gesang kedah dipun adhepi kanthi sabar lan tetep istiqomah wonten ing margi
ingkang leres.
Jamaah Sidang Jumat ingkang
Minulya,
Mugi-mugi kanthi nuladani akhlak lan dakwahipun Nabi
Isa as., kula lan panjenegan saged dados pribadi ingkang langkung sae, pribadi
ingkang remen tetulung, saged njagi lisan, lan tansah sabar ngadhepi sedaya
pepasten saking Allah SWT.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

إرسال تعليق