Teks Khutbah Jumat Singkat

Bencana Alam

Pepeling Saking Langit

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wekdal menika, manah kula lan panjenengan dipun damel trenyuh lan prihatin. Pawartos saking sedherek-sedherek ing Sumatera Barat dertengeling talingan kula lan panjenengan. Musibah banjir bandang, banjir lahar dingin, sarta tanah longsor (galodo) sampun nrajang, ngrisak griya, lan mendhet nyawa.

Nalika ningali musibah kados makaten, pitakenan ingkang kedah tuwuh ing manah inggih menika: "Menapa bencana menika namung kadadosan alam biasa, menapa punika wujud 'pepeling' saking Langit?" lan "Menapa kula lan panjenengan sampun cukup anggenipun bersyukur?"

Allah SWT sampun paring janji ingkang cetha wonten ing Al-Qur'an, bilih syukur menika kunci saking katentreman lan tambahing nikmat. Allah SWT paring dhawuh ing Al-Qur'an Surah Ibrahim ayat 7:

وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ

Artosipun: "Lan (elinga) nalika Pangeranmu paring wara-wara: 'Satemene yen sira padha syukur, mesthi Ingsun bakal nambahi (nikmat) marang sira, nanging yen sira kufur (mungkir marang nikmat-Ku), satemene siksa-Ku iku banget pedhihe'." (QS. Ibrahim: 7).

Jamaah jumah rahimakumullah

Ayat menika ngemutaken kula lan panjenengan. Bencana ingkang dumados saged dados pratandha bilih manungsa sampun wiwit "kufur nikmat". Kufur nikmat boten namung ateges boten ngucap Alhamdulillah. Nanging, ngrisak alam, negor wit-witan tanpa itungan, bucal sampah sembarangan, lan maksiat ing nginggilipun bumi, menika ugi wujud kufur nikmat.

Bumi ingkang kedahipun dados papan ibadah lan gesang tentrem, dipun risak keseimbanganipun. Pramila, nalika bumi "murka" kanthi banjir lan longsor, menika sejatine "pepeling" supados kula lan panjenengan wangsul dhumateng Allah lan ndandani lampah gesang.

Lajeng kados pundi sikep kula lan panjenengan minangka tiyang Mukmin nalika mireng utawi ngraosaken musibah?

Rasulullah SAW paring tuladha ingkang endah sanget babagan sikepipun tiyang mukmin. Panjenenganipun boten gampang ngresula, nanging tansah wonten ing antawisipun Sabar lan Syukur. Wonten ing Hadits Shahih Riwayat Muslim (No. 2999), Rasulullah SAW ngendika:

عَجَبًا لأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لأَحَدٍ إِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

Artosipun: "Nggumunake banget uripe wong mukmin iku. Satemene kabeh urusane iku apik, lan kang kaya mangkono iku ora diduweni dening sapa wae kajaba wong mukmin. Menawa dheweke pikantuk kabungahan (nikmat), dheweke bersyukur, mula iku dadi kabecikan kanggone. Lan menawa dheweke kataman kasusahan (musibah), dheweke sabar, mula iku dadi kabecikan kanggone." (HR. Muslim)

Jamaah Sidang Jumat ingkang Minulya,

Saking hadits menika, kita saged mendhet ibrah (wulangan):

1)     Kagem Sedherek ing Sumatera Barat: Mugi-mugi dipun paringi kasabaran. Musibah menika ujian. Menawi sabar, insya Allah dados panglebur dosa lan nginggahaken drajat ing ngarsanipun Allah.

2)     Kagem Kula lan panjenengan ingkang Slamet: Kita kedah Bersyukur. Kita taksih dipun paringi papan ingkang aman. Nanging, syukur menika boten cekap namung meneng.

a.      Syukur kanthi Lisan: Kathah-kathah maos istighfar lan hamdalah.

b.     Syukur kanthi Tumindak: Tumut mbiyantu sedherek ingkang kenging musibah. Nyisihaken rejeki kangge donasi, utawi paling sakedhik ngirimaken donga tulus kangge para korban.

Bencana menika "alarm" saking langit. Menawi kita taksih saged tilem nyenyak, dhahar eco, nanging boten tergerak manahipun kangge tobat lan tetulung, ateges dereng estu-estu bersyukur.

Mugi-mugi Allah SWT ngreksa negari punika, ngangkat musibah saking Sumatera Barat, lan ndadosaken kula lan panjenengan hamba ingkang pinter bersyukur lan sabar.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama