Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Akibat Ngrusak Alam
Ust.Wismanto
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ
اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ
اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Ing wekdal-wekdal punika, kula
lan panjenengan asring mireng pawartos utawi malah ngraosaken piyambak maneka
warni musibah bencana alam. Banjir bandhang, tanah longsor, kekeringan, ngantos
hawa panas ingkang mboten limrah. Menapa sejatosipun ingkang dados sabab
musababipun? Menapa punika murni kersanipun Alam, utawi wonten
"andil" tangan-tangan manungsa?
Kanthi tegas, Allah SWT
sampun paring peling ing salebeting Al-Qur'an, bilih kerusakan alam punika
sejatosipun akibat saking ulah perbuatan manungsa piyambak. Allah SWT ngendika
wonten ing Surat Ar-Rum ayat 41:
ظَهَرَ ٱلْفَسَادُ فِى ٱلْبَرِّ
وَٱلْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِى ٱلنَّاسِ لِيُذِيقَهُم بَعْضَ ٱلَّذِى
عَمِلُوا۟ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Artosipun: "Wis cetha
wela-wela kerusakan ing daratan lan ing segara amarga saka tumindake
tangan-tangan manungsa, supaya Allah ngraosake marang dheweke saperangan saka
(akibat) tumindake, supaya dheweke padha bali (marang dalan sing bener)."
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Ayat menika cetha sanget.
Gusti Allah negasaken bilih bencana menika "bimaa kasabat aydin-naas"
(amarga tumindake tangan manungsa). Nalika wit-witan ing alas ditegori tanpa
itungan, nalika sampah dibuwang ing kali saengga toya mampet, nalika tanah
dieksploitasi tanpa mikir kelestarian, mila akibatipun badhe wangsul dhumateng manungsa
piyambak.
Wonten tigang (3) akibat
ageng saking ngrusak alam miturut pandangan Islam:
1. Tekanipun
Bencana lan Musibah Banjir
Banjir punika amargi toya
ingkang bingung mboten gadhah dalan lan papan parkir (resapan). Longsor menika
tanah ingkang mboten gadhah "cekelan" (akar wit). Menika sunnatullah.
Sapa nandur bakal ngundhuh. Sapa ngrusak bakal rusak.
2. Dicabut
Berkahi pun Rejeki.
Rasulullah SAW ngemutaken
bilih donya punika ijo lan manis, nanging kedah dipun kelola kanthi amanah.
Menawi khianat (ngrusak), rejeki ingkang kula lan panjenegan tampi saged ical
berkahipun. Wonten ing Hadits Riwayat Muslim, Rasulullah SAW dhawuh:
إِنَّ الدُّنْيَا حُلْوَةٌ
خَضِرَةٌ ، وَإِنَّ اللَّهَ مُسْتَخْلِفُكُمْ فِيهَا فَيَنْظُرُ كَيْفَ
تَعْمَلُونَ
Artosipun: "Satuhune
donya iki manis lan ijo (nyenengake). Lan satuhune Allah dadekake sira kabeh
minangka khalifah (pemimpin) ing bumi, banjur Allah mirsani kepriye sira kabeh
tumindak." (HR. Muslim).
Menawi kula lan panjenengan
tumindak ngrusak, ateges kita gagal dados Khalifah. Akibatipun, asil bumi suda,
penyakit gampil nyebar, lan urip dados mboten tentrem.
3. Dosa
Jariyah (Dosa ingkang Terus Ngalir).
Menika ingkang paling
medeni. Menawi kula lan panjenengan buwang sampah plastik ing kali, lajeng
sampah menika nyebabaken banjir lan nyusahaken tiyang kathah, utawi ngracuni
toya ngantos atusan taun, mila dosanipun saged terus ngalir dhumateng anak putu,
sanajan kita sampun seda. Na’udzubillahi min dzalik.
Jamaah Sidang Jumat ingkang
Minulya,
Pramila, sumangga sesarengan
tobat saking dosa ngrusak lingkungan. Ampun ngantos kula lan panjenengan
kalebet golongan ingkang cilaka. Sumangga wiwiti saking dhiri pribadi. Jaga
kebersihan, nandur wit-witan sanajan namung setunggal, lan ngrumat sumber toya.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
اَلْحَمْدُ
لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا
اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ
وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا
عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ
تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا
الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا
هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا
لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

Posting Komentar