Teks Khutbah Jumat Singkat

Omahku Surgaku

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

 

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing kalodhangan khutbah punika, kula badhe ngaturaken babagan wigatosipun "Omahku Surgaku" utawi bilih dipunwastani kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, wa rahmah. Griya punika boten namung wujud saking tembok, gendhèng, utawi design ingkang mewah, ananging papan panggénan kanggé ngasilaken katentreman, katresnan, lan kawelasan ingkang saged dados dalan tumuju dhateng Surga-nipun Allah.

Allah Ta'ala sampun paring dhawuh wonten ing Al-Qur'an, Surah Ar-Rum, Ayat 21

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةًۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ

Artosipun: “ Lan saka saweneh tanda Yekti Kuasane Allah yaiku Panjenegane wus nitahake tumrap sira kabeh jodo saka awakira, supaya sira padha tentrem kalawan deweke. Lan Panjenegane andamel kasenengan lan asih. Satemene kang mengkono iku dadi tanda Yektine Allah marang wong kang gelem mikir”. (QS. Ar-Ruum:21).

Ayat punika njlèntrèhaken bilih dhasaripun Bale Griya Islam inggih punika Sakinah, Mawaddah, lan Rahmah.

1.      Sakinah (Katentreman): Griya kedah dados papan kangge ngaso, papan kangge ngraosaken tentrem lan nyaman saking sayahipun padamelan lan rèmèh-tèmèhipun dunya.

2.      Mawaddah (Katresnan): Inggih punika raos tresna ingkang asring diiringi déning gairah lan bungah nalika ningali pasangan.

3.      Rahmah (Kawelasan): Inggih punika raos welas asih ingkang tetep wonten sanajan tresna sampun suda, utawi nalika pasangan nembé ngalami kasusahan. Punika raos ingkang ndadosaken tiyang tetep badhé mbiyantu pasanganipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Lajeng, kados pundi caranipun ndadosaken "Omahku Surgaku"? Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu 'alaihi wa Sallam sampun paring tuladha ingkang sampurna. Saking Hadits riwayatipun Imam Muslim:

لاَ يَفْرَكْ مُؤْمِنٌ مُؤْمِنَةً إِنْ كَرِهَ مِنْهَا خُلُقًا رَضِيَ مِنْهَا آخَرَ

Artosipun: "Aja pisan-pisan wong mukmin iku benci marang wong mukminah (bojone). Yèn dèwèké ora seneng marang sawijining tumindaké, mesthi dèwèké bakal seneng marang tumindak liyané." (Hadits Riwayat Muslim, No. 1469).

Saking hadits punika kula lan panjenegan saget mendet piwucal:

1)     Tansah ngginakaken 'Kacamata' Positif: Dados tiyang ingkang mukmin, kula lan panjenegan boten kénging namung ningali kekurangan utawi lepatipun garwa. Ananging kedah tetep eling lan waspada bilih tiyang punika kathah kurangé.

2)     Saling Nutupi Kekurangan: Menawi garwa gadhah sipat ingkang kirang saé, sumangga kula lan panjenegan titèni ugi keutamaan lan kasaénan sanèsipun. Kedahipun saged saling nutupi, kados déné sandhangan (pakaian) ingkang nutupi badan.

Jamaah jumah rahimakumullah

Cekak aosipun sumangga kula lan panjenegan tansah estu anggenipun mbimbing keluarga kanthi miderek piwucal islam. Mugi kanthi punika Allah tansah andadosaken keluarga kula lan panjenegan begja ing dunya lan akhirat. Aamiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ



Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini

Post a Comment

أحدث أقدم