Teks Khutbah Jumat Singkat

Musim Jawah

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Dinten- dinten punika sampun wonten seperangan papan ing sekitar kula lan panjenengan ingkang turun jawah. Jawah ingkang Allah turunaken sejatosipun pinangka rahmat lan rejeki tumrap kula lan panjenengan. Ngendika Allah:

 

وَمِنْ آيَاتِهِ يُرِيكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَطَمَعًا وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَيُحْيِي بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا إِنَّ فِي ذَلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ

“Lan saka saweneh tanda yekti Kuwasane Allah yaiku Panjenengane nuduhake kilat marang sira kabeh kelawan nuwuhake rasa khawatir lan rasa pangarep- arep, Lan Panjenengane nurunake banyu saka langit, Panjenegane nuli nguripake bumi sawuse matine. Sanyata kang mengkono dadi tanda yektine Allah tumrap wong- wong kang duweni akal.” (QS Ruum: 24).

Ayat ing nginggil pinangka dalil bilih namung Allah piyambak ingkang kuwaos nurunaken jawah utawi nahan jawah. Boten wonten setunggal makhluk wonten alam donya punika ingkang saget nurunaken utawi nahan jawah. Allah kuwaos nurunaken jawah pinangka sarana kagem nggesangaken bumi ingkang sak waunipun garing utawi mati. Kanthi gesangipun bumi banjur tuwuh maneka warna tetanemanan, bumi dados ijo royo- royo, asri endah lan ngedalaken sedaya sumber pangan ingkang dipun betahaken para makhluk kalebet kewan lan manungsa. Perkawis punika menawi dipun penggalih estu dados tanda yektinipun Allah SWT. Ing ayat sanes Allah SWT ngendika:

وَهُوَ الَّذِىۡ يُنَزِّلُ الۡغَيۡثَ مِنۡۢ بَعۡدِ مَا قَنَطُوۡا وَيَنۡشُرُ رَحۡمَتَه ؕ وَهُوَ الۡوَلِىُّ الۡحَمِيۡدُ

“Lan Panjenengane Allah kang wus nurunake udan, sawuse wong padha kepedotan udan, lan Panjenegane anggelar rahmat, Panjenegane iku kang Maha Kawasa tur ingkang pinuji”. (QS. Asy- Syura:28).

Jaamah jumah rahimakumullah

Kadospundi sejatosipun tuntunan islam magepokan ngadepi musim jawah ingkang estu badhe rawuh punika?

1.     Kedah syukur

Kula lan panjenengan kedah syukur awit paringipun toya jawah saking ngarsanipun Allah SWT. Menawi boten saking welas asihipun Allah dhumateng para makhlukipun tentu Allah boten badhe paring jawah. Allah SWT paring toya jawah kagem nggesangaken bumi ingkang sakwaunipun garing ugi nuwuhaken tetuwuhan sedaya wau awit kawelasanipun Allah dhumateng kula lan panjenegan. Ngendika Allah:

أَفَرَأَيْتُمْ الْمَاءَ الَّذِي تَشْرَبُونَ* أَأَنْتُمْ أَنْزَلْتُمُوهُ مِنَ الْمُزْنِ أَمْ نَحْنُ الْمُنْزِلُونَ * لَوْ نَشَاءُ جَعَلْنَاهُ أُجَاجاً فَلَوْلا تَشْكُرُون

“Apa sira wus nggatekake banyu kang sira ombe?. Apa sira kang nurunake banyu iku saka langit apa Ingsun?. Menawa keparenge karsa Ingsung gawe banyu mau dadi asin mesti kelakon asin, geneya sira ora padha syukur?”. (Waqiah:68-70).

2.     Kedah donga

Nalika jawah kula lan panjenengan dipun dhawuhi ndedonga dhumateng Allah nyuwun kesaenan, berkah lan manfaat saking toya jawah punika. Saking hadits ingkang dipun riwayataken Umul mukminin ‘Aisyah radhiyallahu ‘anha ngendika:

إِنَّ النَّبِىَّ -صلى الله عليه وسلم- كَانَ إِذَا رَأَى الْمَطَرَ قَالَ  اللَّهُمَّ صَيِّباً نَافِعاً

“Satemene nabi Muhammad SAW menawa pirsa jawah panjenegane ndonga: “Allahumma shoyiban nafi’an” (Ya Allah mugi Panjenegan nurunaken jawah ingkang manfaat)”. 

Jamah jumah rahimakumullah

Kanthi rahmat agung punika sumangga kula lan panjenengan tansah syukur lan nyaket dhumateng Allah kanthi ngatah- ngatahi amal ibadah. Mugi Allah SWT tansah andadosaken kula lan panjenegan tiyang- tiyang ingkang gesangipun bahagia minulnya ing donya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama