Teks Khutbah Jumat Singkat
Musim Jawah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Dinten-
dinten punika sampun wonten seperangan papan ing sekitar kula lan panjenengan
ingkang turun jawah. Jawah ingkang Allah turunaken sejatosipun pinangka rahmat
lan rejeki tumrap kula lan panjenengan. Ngendika Allah:
وَمِنْ آيَاتِهِ
يُرِيكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَطَمَعًا وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً
فَيُحْيِي بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا إِنَّ فِي ذَلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ
يَعْقِلُونَ
“Lan saka saweneh tanda yekti Kuwasane Allah yaiku
Panjenengane nuduhake kilat marang sira kabeh kelawan nuwuhake rasa khawatir
lan rasa pangarep- arep, Lan Panjenengane nurunake banyu saka langit,
Panjenegane nuli nguripake bumi sawuse matine. Sanyata kang mengkono dadi tanda
yektine Allah tumrap wong- wong kang duweni akal.” (QS Ruum: 24).
Ayat ing nginggil pinangka dalil bilih namung Allah
piyambak ingkang kuwaos nurunaken jawah utawi nahan jawah. Boten wonten
setunggal makhluk wonten alam donya punika ingkang saget nurunaken utawi nahan
jawah. Allah kuwaos nurunaken jawah pinangka sarana kagem nggesangaken bumi
ingkang sak waunipun garing utawi mati. Kanthi gesangipun bumi banjur tuwuh
maneka warna tetanemanan, bumi dados ijo royo- royo, asri endah lan ngedalaken
sedaya sumber pangan ingkang dipun betahaken para makhluk kalebet kewan lan manungsa.
Perkawis punika menawi dipun penggalih estu dados tanda yektinipun Allah SWT.
Ing ayat sanes Allah SWT ngendika:
وَهُوَ الَّذِىۡ يُنَزِّلُ الۡغَيۡثَ مِنۡۢ بَعۡدِ مَا
قَنَطُوۡا وَيَنۡشُرُ رَحۡمَتَه ؕ وَهُوَ الۡوَلِىُّ الۡحَمِيۡدُ
“Lan Panjenengane Allah kang wus nurunake udan, sawuse
wong padha kepedotan udan, lan Panjenegane anggelar rahmat, Panjenegane iku
kang Maha Kawasa tur ingkang pinuji”. (QS. Asy-
Syura:28).
Jaamah
jumah rahimakumullah
Kadospundi sejatosipun
tuntunan islam magepokan ngadepi musim jawah ingkang estu badhe rawuh punika?
1. Kedah
syukur
Kula lan panjenengan kedah syukur awit paringipun
toya jawah saking ngarsanipun Allah SWT. Menawi boten saking welas asihipun
Allah dhumateng para makhlukipun tentu Allah boten badhe paring jawah. Allah
SWT paring toya jawah kagem nggesangaken bumi ingkang sakwaunipun garing ugi
nuwuhaken tetuwuhan sedaya wau awit kawelasanipun Allah dhumateng kula lan
panjenegan. Ngendika Allah:
أَفَرَأَيْتُمْ
الْمَاءَ الَّذِي تَشْرَبُونَ* أَأَنْتُمْ أَنْزَلْتُمُوهُ مِنَ الْمُزْنِ أَمْ
نَحْنُ الْمُنْزِلُونَ * لَوْ نَشَاءُ جَعَلْنَاهُ أُجَاجاً فَلَوْلا تَشْكُرُون
“Apa sira wus nggatekake banyu kang sira ombe?. Apa
sira kang nurunake banyu iku saka langit apa Ingsun?. Menawa keparenge karsa
Ingsung gawe banyu mau dadi asin mesti kelakon asin, geneya sira ora padha
syukur?”. (Waqiah:68-70).
2. Kedah
donga
Nalika jawah kula lan panjenengan dipun dhawuhi
ndedonga dhumateng Allah nyuwun kesaenan, berkah lan manfaat saking toya jawah
punika. Saking hadits ingkang dipun riwayataken Umul mukminin ‘Aisyah
radhiyallahu ‘anha ngendika:
إِنَّ النَّبِىَّ -صلى الله عليه وسلم- كَانَ إِذَا
رَأَى الْمَطَرَ قَالَ اللَّهُمَّ
صَيِّباً نَافِعاً
“Satemene nabi Muhammad SAW menawa pirsa jawah
panjenegane ndonga: “Allahumma shoyiban nafi’an” (Ya Allah mugi Panjenegan
nurunaken jawah ingkang manfaat)”.
Jamah
jumah rahimakumullah
Kanthi rahmat agung punika sumangga kula lan
panjenengan tansah syukur lan nyaket dhumateng Allah kanthi ngatah- ngatahi
amal ibadah. Mugi Allah SWT tansah andadosaken kula lan panjenegan tiyang-
tiyang ingkang gesangipun bahagia minulnya ing donya lan akhirat. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

إرسال تعليق