Teks Khutbah Jumat Singkat

Mlebet Surga Sesarengan Keluarga

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kula lan panjenengan sami punika dipunparingi kenikmatan ingkang ageng inggih punika gadhah kulawarga. Kulawarga ingkang ayem tentrem, tansah rukun, punika dados angen-angen saben tiyang. Nanging, kesaenan kulawarga ingkang sejati boten namung saged dipunukur saking kesenangan donya kemawon. Puncak kabagyan inggih punika menawi samangke saged mlebet Jannatul Na'im sesarengan kaliyan sedaya anggota kulawarga ingkang dipun tresnani.

Allah subhanahu wa ta'ala sampun paring janji dhumateng tiyang-tiyang ingkang iman lan sae anggenipun nggulawentah kulawarganipun, bilih piyambakipun saged kempal malih kaliyan kulawarga ing surga, sanajan derajating amalipun benten.

Allah paring dhawuh ing Kitab Suci Al-Qur'an, Surah At-Thuur ayat 21:

وَالَّذِينَ آمَنُوا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُم بِإِيمَانٍ أَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَا أَلَتْنَاهُم مِّنْ عَمَلِهِم مِّن شَيْءٍ ۚ كُلُّ امْرِئٍ بِمَا كَسَبَ رَهِينٌ

Artosipun: "Lan para wong mukmin kang duwe anak turun uga mukmin, temen sesuk bakal Ingsun kumpulake ana ing surga, Ingsun ora bakal ngurangi saka amal becike wong- wong iku. Satemene saben- saben wong iku gumantung saka amale dewe- dewe”.  (QS. At-Thuur: 21)

Ayat punika dados bukti bilih Allah boten namung nglebetaken tiyang sepuh utawi anak ingkang amalanipun kathah ing derajat inggil piyambak. Nanging, kanthi rahmat saking Allah, sanajan amalan anak utawi tiyang sepuh punika langkung sakedhik, saged dipun kempalaken sesarengan ing surga. Syaratipun namung satunggal: sedaya kedah sami-sami kagungan Iman lan Islam.

Pramila, tanggel jawab kula lan panjenengan ingkang paling ageng inggih punika njagi kulawarga saking siksa neraka, kados dhawuh Allah ing Surah At-Tahrim ayat 6:

 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا

Artosipun: “He para wong mukmin jaganen badanira lan keluarganira saka geni neraka…”

Kados pundi caranipun?

Sepisan: Nandur Iman lan Ta'at ing Kulawarga. Tiyang sepuh kedah dados teladan utawi conto ingkang sae. Kedah memulang, ndhidhik, lan merintah kulawarga nindakaken shalat, dzikir, amar ma'ruf, lan nebihi munkar.

Kaping Kalih: Nyuwunaken Pangapura (Istighfar) Tiyang Sepuh. Hadits saking Kanjeng Nabi shallallahu 'alaihi wa sallam riwayat Imam Ahmad, dipun shahihaken dening Al-Albani, lan wonten penguatipun saking Hadits Riwayat Imam Muslim (No. 1631) bab Anak Sholeh, nyebataken:

إِنَّ الرَّجُلَ لَتُرْفَعُ دَرَجَتُهُ فِي الْجَنَّةِ فَيَقُولُ: أَنَّى هَذَا؟ فَيُقَالُ: بِاسْتِغْفَارِ وَلَدِكَ لَكَ

Artosipun: "Satemene ana wong mukmin kang diangkat derajate ana ing surga, banjur deweke takon marang malaikat penjaga surga: 'Saking pundi punika?' Dipun wangsuli: 'iki amarga istighfare anakira marang sira."

Hadits punika nedahaken bilih anak ingkang shalih lan purun ndongakaken tiyang sepuhipun, punika dados wasilah kangge ngangkat derajat tiyang sepuhipun ing Surga. Mila, wigatos sanget anggen kita ndhidhik putra-putri dados anak ingkang shalih ingkang tansah eling dhumateng tiyang sepuhipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Cekak aosipun sumangga kula lan panjenegan tansah estu anggenipun mbimbing keluarga kanthi miderek piwucal islam. Mugi kanthi punika Allah tansah andadosaken keluarga kula lan panjenegan begja ing dunya lan akhirat. Aamiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ



Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama