Teks Khutbah Jumat Singkat
Jawah Punika Berkah &
Rahmat Saking Allah SWT
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah
rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Sampun sawatawis wekdal,
utaminipun ing papan kula lan panjenegan, jawah dados salah satunggaling
prakawis ingkang dipun tengga-tengga. Sawetawis wekdal kepengker, bumi kraos
bentèr, toya radi kirang. Ananging sakmenika, Allah SWT sampun paring
kanugrahan, jawah sampun tumurun.
Nanging, punapa kula lan
panjenegan namung ningali jawah minangka fénoména alam biasa? Ing pandangan
Islam, jawah punika ageng sanget tegesipun, inggih punika minangka rahmat lan
berkah ageng saking Allah SWT.
Allah SWT ngendika wonten
ing Kitab Suci Al-Qur'an, Surah Qaaf ayat 9:
وَنَزَّلْنَا
مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً مُّبٰرَكًا فَاَنْۢبَتْنَا بِه جَنّٰتٍ وَّحَبَّ الْحَصِيْدِۙ ٩
Artosipun: “Lan Ingsun
(Allah) nurunake banyu (jawah) saka langit kanthi ukuran kang barokah. Banjur
kanthi banyu iku, Ingsun thukulake kebon-kebon lan biji-bijian kang bisa
dipanen.”
(QS. Qaaf: 9).
Ayat punika cetha ngaturaken
bilih jawah saking langit punika "ماء مباركاً" ingkang tegesipun
toya ingkang dipunberkahi. Kanthi toya berkah punika, Allah nguripaken bumi
ingkang sedèrèngipun pejah, numbuhi tetuwuhan, dados sumber pangan, lan sumber
toya kagem sedaya titah ingkang gesang.
Jama'ah Jum'ah
rahimakumullah,
Jawah punika bukti saking
agungipun Kuwaos Allah lan Welas Asih-Nipun dhumateng para kawulanipun. Kajawi
punika, wonten hadits ingkang mulya saking Nabi Muhammad SAW, ingkang
ngaturaken bilih wekdal jawah tumurun punika minangka wekdal ingkang mustajab
kagem ndonga. Punika nuduhaken bilih jawah punika rahmat ageng. Saking Ummu
Mukminin, Sayyidah Aisyah radhiyallahu 'anha, wonten Hadits Riwayat Al-Bukhari:
عَنْ
عَائِشَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهَا: أَنَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ
وَسَلَّمَ كَانَ إِذَا رَأَى الْمَطَرَ قَالَ: اللَّهُمَّ صَيِّباً نَافِعاً
Artosipun: Saking 'Aisyah
radhiyallahu 'anha, bilih satunggaling wekdal Nabi shallallahu 'alaihi wa
sallam mirsani jawah, panjenenganipun ngendika: "Ya Allah, (mugi dados)
jawah ingkang manfaat." (HR. Al-Bukhari no. 1032).
Saking hadits punika, kula
lan panjenengan saged mendhet piwucal:
1. Donga
Kanthi Sae: Rasulullah SAW ndawuhi supados kula lan panjenengan ndonga
mugi-mugi jawah punika dados "صَيِّباً نَافِعاً" (jawah ingkang
manfaat), sanès malah dados musibah utawi bencana.
2. Syukur
Ampun Kufur: Kedahipun kula lan panjenengan syukur dhumateng nikmat jawah
punika, sanès malah ngeluh utawi kufur.
Jama'ah Jum'ah
rahimakumullah,
Bilih jawah punika mbeta
berkah, mila prayoginipun kula lan panjenegan:
1) Sumangga
tansah rsyukur: Tansah syukur dhumateng Allah kanthi ngucap Alhamdulillah, lan
ngginakaken toya jawah kanthi wicaksana.
2) Sumangga
tansah Ndonga: Ngginakaken wekdal mustajab punika kagem ndonga dhumateng Allah,
nyuwun kaslametan, rejeki, lan ampunan.
3) Sumangga
tansah njagi lingkungan: Berkah jawah saged ical menawi kula lan panjenengan
boten njaga lingkungan, saengga jawah saged mbeta banjir lan longsor. Menika
amargi kaluputanipun manungsa, sanès lepatipun jawah.
Mugi-mugi Allah SWT tansah
paring hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah saget dados tiyang
ingkang syukur lan saged mundhut hikmah saking saben tumuruning jawah.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

Posting Komentar