Teks Khutbah Jumat Singkat
Sapa Jujur Bakal Mujur
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten ing wekdal sakpunika
sampun awis sanget kula lan panjenengan manggihi priyantun ingkang jujur kepara
kathah-kathahipun sami gampil tumindak awon saha gampil nglampahi dora. Kepara
katindakaken kanthi terang-terangan dipun umbar mboten rumaos klentu saha ajrih
dosa.
Setunggalipun priyantun
utawi masyarakat lan bangsa ingkang sampun mboten nggadhahi kejujuran temtu
badhe gampil nindakaken dora saha apus kagem nutupi ingkang leres sahingga
samangkihipun badhe pikantuk karisakan.
Jujur miturut Bahasa Arab
inggih punika as-shidqu ingkang artosipun leres utawi nyata. Pinangka kosok
wangsul saking al-kidzbu ingkang artosipun dora utawi goroh. Sahingga jujur
inggih punika lampah ingkang leres sak pas kaliyan kasunyatan saha nyingkiri
sifat goroh. Ngendika Allah SWT:
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا
“He para wong mukmin, sira
pada taqwaa marang Allah lan pada ngucapa kalawan ucapan kang bener”. (QS. Al-Ahzab;70).
Ayat ing nginggil paring
piwucal bilih tiyang ingkang jujur punika kalebet tiyang ingkang tunduk,
manembah lan takwa marang Gusti Allah. Kanthi taqwa saget dados jalaran slamet dunya lan akhiratipun. Kosok
wangsulipun tiyang ingkang remen dora, nulayani janji, ngapusi, berarti
piyambakipun ingkar dumateng Allah lan badhe nemahi kacilakan ing donya lan
akhiratipun.
Jamaah jumah rahimakumullah
Pramila kadospundi caranipun
supados kula lan panjenegan saget netepi lampah tindhak jujur?
1.
Kedah yakin bilih kula lan panjenegan dipun awasi
dening Allah.
Ngendika Allah SWT:
مَّا
يَلْفِظُ مِن قَوْلٍ إِلَّا لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ
“Ora ana sawiji wae tembung
kejaba ditulis dening malaikat raqib lan atid” (QS. Qaf; 18).
Ibnu Katsir ngendika:
“Malaikat sijine lungguh ana ing sisih tengen manungsa lan sijine lungguh ana
ing sisih kiwane. Tansah ngawasi apa wae kang diucap lan ditindhakake manungsa,
sahingga ora ana sawiji wae tembung utawa tindhak lampah kejaba mesti diawasi
lan ditulis”.
2.
Srawung kaliyan tiyang- tiyang jujur.
Kalebet tatacara kagem njagi
lampah jujur inggih punika remen srawung kaliyan tiyang shalih, tiyang ingkang
jujur. Ngendika Rasulullah SAW:
الْمَرْءُ
عَلَى دِينِ خَلِيلِهِ فَلْيَنْظُرْ أَحَدُكُمْ مَنْ يُخَالِلُ
“Wong iku gumantung agama
kancane, mula delengen salah siji saka sira marang sapa kang disrawungi”. (HR. Ahmad lan Tirmidzi).
Hadits punika paring piwucal
bilih rencang punika ageng sanget pengaruhipun dhumateng kepribadian kula lan
panjenengan. Menawi kagungan rencang ingkang jujur mila saget mbekta kula lan
panjenegan dhateng lampah kejujuran. Ananging menawi kagungan rencang ingkang
remen dora, remen ngapusi mila dangu- dangu kula lan panjenegan ugi saget
terpengaruh dados tiyang ingkang remen ngapusi.
Jamaah jumah rahimakumullah
Akhiripun sumangga kula lan
panjenegan tansah njagi sifat jujur wonten panggesangan saben dinten. Mugi
Allah SWT andadosaken kula lan panjenegan tiyang ingkang manggih kamulyan
panggesangan ing donya lan akhirat, aamiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

Posting Komentar