Teks Khutbah Jumat Singkat

Rukun Agawe Santoso,

Crah Agawe Bubrah

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kalebet piwucal pokok ing agami islam inggih punika dhawuh njagi kerukunan ing masyarakat. Rukun punika ageng sanget manfaatipun amargi saget nuwuhaken katentreman lan kemakmuran. Mila leres sanget menawi wonten unen- unen “rukun agawe santosa, crah agawe bubrah”. Islam dhawuh supados kula lan panjenegan tansah njagi kerukunan sae ing keluarga, masyarakat lan negara. Ngendika Allah SWT:

وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْاۖ

“Lan sira padha nyekelana kelawan taline (agama) Allah kanthi kukuh, lan aja padha pepisahan…” (QS. Ali Imran:103).

Ing ayat punika Allah SWT dhawuh supados sedaya kaum muslimin tansah cecepengan agami islam kanthi guyup rukun, tulung tinulung tansah nresanani setunggal kalawan sanesipun. Allah ugi ngawisi padudon, drengki, sengit- sengitan napa malih memengsahan amargi saget nyebabaken kaum muslimin ringkih gampil dipun jajah dening musuh lan tebih saking rahmatipun Allah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Akhir- akhir punika kawontenan ing masyarakat nembe kirang sekeca, pundi- pundi wonten kerusuhan. Akibat saking kerusuhan punika ngrugekaken sedaya warga masyarakat, wonten korban jiwa ugi korban material harta benda ingkang boten sekedik. Menawi dipun penggalih kanthi wening, sejatosipun sedaya permasalahan punika saget dipun padosi solusi. Sauger sedaya warga saget ngendaleni hawa nafsu lajeng pirembagan kanthi damai lan rukun.

Ngendika Allah SWT :

وَاللّٰهُ يَدْعُوْٓ اِلٰى دَارِ السَّلٰمِۚ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ

“Lan Allah iku nimbali marang negara kang damai (surga), lan Panjenegane nuduhaken wong kang dikersaake marang dalan kang bener (islam).” (QS Yunus: 25).

Jamaah jumah rahimakumullah

Kadospundi tata lampah supados saget kagayuh guyup rukun ing masyarakat bangsa lan nagari. Mila wonten mimbar khutbah siang punika kepareng khatib aturakeh kalih perkawis ingkang saget nuwuhaken gesang guyup rukun.

1.     Nebihi tumindhak egois.

Egois inggih punika namung mentingaken kesenenganipun piyambak, boten kagunggan raos empati lan perduli kaliyan tiyang sanes. Tumindhak egois punika kalebet perilaku awon ingkang dipun awisi dening islam. Menawi wonten warga masyarakat ingkang perilakunipun egois mila saget ngrugekaken tiyang sanes. Punapa malih dados pejabat kok watakipun egois, namung aji mumpung, namung purun gajinipun tanpa menggalih nasib rakyat punika dados penyebab rusakipun setuggal nagari. Oknum pejabat ingkang boten empati lan perduli dateng nasib rakyat punika kalebet pejabat ingkang dzalim, ingmangka dzalim punika kalebet perilaku ingkang dipun haramaken Allah SWT. Ngendika rasulullah SAW:

اتَّقوا الظُّلمَ . فإنَّ الظُّلمَ ظلماتٌ يومَ القيامةِ

“Sira kabeh padha wedia marang tumindhak dzalim. Amarga dzalim iku dadi dosa kang peteng ana ing dina kiyamat”. (HR. Bukhari lan Muslim).

2.     Peduli dhumateng tiyang sanes.

Rasulullah paring piwucal dhumateng sedaya umatipun kadospundi sifat, perilaku lan tindhak lampah tiyang muslim punika. Islam punika sanes sekedar ucapan lisan utawi identitas KTP, ananging kedah dipun praktekan wonten ing tataran panggesangan saben dinten. Ngendika rasulullah:

لا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ

“Durung bisa disebut iman sira kabeh, nganti deweke nresnani sedulure kayadene nresnani badane dewe”. (HR. Bukhari lan Muslim).

Wekdal sakpunika ekonomi nembe boten sae, rakyat alit badhe tumbas beras kagem dahar kemawon binggung boten gadah arto. Mila kula lan panjenegan kedahipun kagungan raos empati lan perduli syukur- syukur saget caos pambiyantu. Menawi dereng saget caos pambiyantu arupi bandha utawi meteri nggih paling boten dongaaken nasib sanak sederek ingkang nembe susah. Boten wicaksana wonten ing kondisi ingkang kadospunika malah wonten tiyang flexing = pamer bandha lan pamer sanesipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Akhiripun sumangga kula lan panjenegan tansah njagi kerukunan panggesangan kanthi nebisi sifat egois lan netepi sifat perduli dhateng tiyang sanes. Mugi Allah SWT tansah andadosaken nagari punika ayem, tentrem, gemah ripah loh jinawi. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama