Teks Khutbah Jumat Singkat

Ngisi Kamardikan Indonesia

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

  Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kamardikan punika mujudaken rahmat lan nikmat agung saking Allah Ta’ala amargi donga lan kesabaran ugi ikhtiyar pejuang lan rakyat indonesia. Mila wonten ing pambuka UUD 1945 dipun wedaraaken bilih kamardikan punika rahmatipun Allah. Ngendika Allah:

إِنَّ رَحْمَتَ ٱللَّهِ قَرِيبٌ مِّنَ ٱلْمُحْسِنِينَ

“Sanyatane, rahmate Allah iku celak banget marang wong- wong kang tumindak becik”.

(Al- A’raf: 56).

Rahmat agung ingkang kaparingaken dhumateng kula lan panjenengan punika kedahipun dipun syukuri. Nyukuri nikmat kamardikan punika kedah kanthi tata tumindhak ingkang positif kagem ngisi kamardikan. Mila punapa kemawon ingkang kedahipun kula lan panjenengan lampahi kagem ngisi kamardikan?.

1.     Ndongaaken lan nuladhani perjuangan para pahlawan kamardikan.

Salah setunggal kewajiban kula lan panjenegan pinangka raos syukur inggih punika ndoaaken para pahlawan. Ndongaaken para pahlawan ingkang sampun sowan dhateng ngarsanipun Allah mugi tansah pikantuk piwales arupi kanikmatan ing alam kuburipun lan keslametan ing dinten akhir benjang. Ngendika Rasulullah:

مَا مِنْ عَبْدٍ مُسْلِمٍ يَدْعُو لِأَخِيهِ بِظَهْرِ الْغَيْبِ إِلا قَالَ الْمَلَكُ وَلَكَ بِمِثْلِ رَوَاهُ مُسْلِمٌ

“Ora ana sawiji wong muslim kang deweke ndongaake sedulure, kejaba Malaikat paring donga marang deweke: semono uga sira bakal oleh apa kang sira suwun” (HR.Muslim).

Saksanesipun ndongaaken, kewajiban kula lan panjenegan inggih punika nuladhani semangat pengorbanan para pahlawan. Pahlawan kamardikan sampun berjuang tanpa pamrih ngorbanaken jiwa raga kagem ngrebut nagari menika saking kungkungan penjajah. Mila kula lan panjenegan kedahipun ugi semangat ngisi kamardikan ingkang sampun dipun warisaken punika.

2.     Nindakaken sedaya kesaenan kagem kemajengan nagari

Sampun dados kewajiban sedaya warga masyarakat Indonesia bilih cara syukur awit kaparingan kamardikan inggih punika kanthi nindakaken sedaya kesaenan kagem kemajengan Masyarakat lan bangsa. Para sesepuh lan pahlawan sampun ngorbanaken sedaya gesangipun kagem sedaya putra wayah Indonesia. Mila putra wayah ingkang sae kedahipun nglajenganken pangorbanan para sesepuh kanthi njagi kamardikan lan majenganken pembangunan Indonesia. Katitahaken dados Punapa kemawon kita wonten ing nagari Indonesia menika kedhah tumindak sae, menawi dados rakyat nggih kedhah dados rakyat ingkang sae, menawi dados pimpinan kedhahipun ugi pimpinan ingkang sae. Mekaten ugi, punapa kemawon pakaryan ingkang kita lampahi kedhah dipun niyati kagem kemajengan bangsa lan tumindak sae dhumateng sesami. Menawi sedaya warga masyarakat saget guyup rukun mekaten, insyaalah kita sedaya badhe tansaya pinaringan kaberkahan lan kemakmuran. Allah ngendika:

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ . . .

“Mangka saumpama wong- wong penduduking Negara mau gelem iman lan taqwa ing Allah, sayekti deweke ingsun bukaake rejeki saka langit lan bumi . . . (QS. Al A’raf:96).

Jamaah jumah rahimakumullah

Akhiripun sumangga kula lan panjenengan tansah sengkut sesarengan ngisi kamardikan Indonesia kanthi tindhak lampah ingkang positif. Mugi Allah Subhanahu Wata’ala tansah andadosaken nagari punika nagari ingkang Makmur sejahtera ayem tentrem, baldatun thayibatun warabbun ghafur. Aamiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 



Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini

Post a Comment

أحدث أقدم