Teks Khutbah Jumat Singkat
Nagari Tentrem lan Makmur
Ananging dadi Rusak, Mlarat lan Susah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ﷺ ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Nagari
kula lan panjenengan sampun mardika 80 tahunan, ananging dumugi sakpunika tasih
katah perkawis ingkang kedah sesarengan dipun penggalihaken kadosdene
katentreman lan kemakmuran. Wonten pundi panggenan tasih katah kemiskinan,
penggangguran ugi perkawis hukum ingkang dereng adil. Mila boten lepat menawi
seperangan sanak sederek tasih ngeluh lan ngresula amargi dereng saget
ngraosken kamardikan wonten nagarinipun piyambak.
Allah
nate paring kabar wonten ing al- quran:
وَضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا قَرْيَةً
كَانَتْ آَمِنَةً مُطْمَئِنَّةً يَأْتِيهَا رِزْقُهَا رَغَدًا مِنْ كُلِّ مَكَانٍ فَكَفَرَتْ
بِأَنْعُمِ اللَّهِ فَأَذَاقَهَا اللَّهُ لِبَاسَ الْجُوعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوا
يَصْنَعُونَ
“Lan Allah andamel sanepa ing sawijining negara kang kahanane biyen aman
ayem lan tentrem, rejekine jembar tekane saka ngendi- ngendi panggonan.
Ananging para warganing negara mau pada kufur marang nikmate Allah, banjur
Allah angicipake marang wong- wong mau kemiskinan, kasusahan amarga saka
tumindhake” (QS. An- Nahl: 112).
Sanepan
ingkang dipun maksud wonten ayat punika injih nagari Makkah nalika warganipun
ingkar lan nolak dakwahipun rasulullah SAW. Rumiyin makkah punika nagari
ingkang makmur sejahtera ananging nalika Allah ngutus Muhammad SAW pinangka
nabi lan rasul ingkang pungkasan seperangan warganipun ingkar lan mengsahi
Muhammad, mboten kersa taat, mboten kersa ngibadah lan sewena- wena ugi dzalim
dhateng tiyang sanes. Amargi masyarakat Makkah kufur lan dzalim Allah andamel
paceklik lan kathah musibah sahingga umat manungsa ngraosaken rekaos susah lan
menderita.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mendet
piwucal saking ayat ing nginggil wonten kalih perkawis ingkang dados sebab
icalipun katentreman lan kemakmuran setunggal nagari:
Sebab
ingkang saget andadosaken setunggal nagari punika rusak, mlarat lan menderita
inggih punika kufur dhumateng Allah. Kufur punika artosipun mboten anggadahi
raos maturnuwun dhumateng Allah ingkang sampun paring nikmat lajeng mboten
angginaaken kanikmatan punika wonten margi ingkang leres. Dipun paring rejeki
kesupen kaliyan ingkang maringi rejeki, kepara malah dipun ginaaken kagem
maksiyat. Dipun paring jabatan malah kumalungkung, boten Amanah kepara malah
korupsi. Menawi warga masyarakat tumindhakipun kadospunika mila nagari kula lan
panjenegan badhe nampi kacilakan lajeng ingkang ngraosaken susah rekaos sedaya
warga masyarakat tanpa pilah pilih malah ingkang paling rekaos dados korbanipun
inggih kawula alit kados kula lan panjenengan. Ngendika Allah:
وَاتَّقُوْا فِتْنَةً لَّا تُصِيْبَنَّ
الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْكُمْ خَاۤصَّةًۚ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ
“Lan sira pada wedia marang musibah kang ora mung bakal ngenani marang
wong kang zalim wae, lan mangertia satemene siksane Allah iku pancen abot
temenanan” (QS. Al- Anfal:25).
2.
Zalim dhateng sesami
Mboten
namung wonten ing kitab suci al- quran, ananging ugi wonten kitab- kitab sanes
dipun kabaraken bilih sampun katah umat- umat jaman rumiyin ingkang dipun azab
Allah SWT amargi pendudukipun zalim dhateng sesami. Kadosdene namrud ingkang
zalim dhateng rakyatipun, fir’aun ingkang sewenang- wenang dhateng rakyatipun
ugi. Nagarinipun namrud ugi firaun rumiyin nagari ingkang aman lan makmur
ananging amargi zalim dhateng rakyatipun mila Allah paring azab, lan siksa ingkang
awrat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mila sumangga kula lan
panjenegan tansah nebihi tumindhak kufur lan zalim. Mugi kanthi punika Allah
SWT enggal maringi kesaenan kaberkahan dhumateng nagari kula lan panjenengan
Indonesia punika. Aamiin
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Posting Komentar