Teks Khutbah Jumat Singkat
Kamardikan Ingkang Hakiki
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ﷺ ingkang
tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Saben tanggal 17 Agustus
kula lan panjenengan sareng- sareng mengeti dinten kamardikan Indonesia.
Mardika punika artosipun bebas saking kungkungan kaum penjajah. Awit rahmatipun
Allah lajeng perjuangan para pahlawan nagari punika saget kalis saking
perbudakan lan kungkungan bangsa- bangsa penjajah. Mila pinangka raos syukur
awit nugraha punika saben wulan agustus kula lan panjenengan sesarengan mengeti
dinten agung punika.
Jamaah jumah rahimakumullah
Miterat sejarah nagari
punika sampun mardika, ananging menawi dipun keparengaken nyuwun pirsa, sejatosipun
kula lan panjenengan punapa estu sampun mardika?. Mila wonten ing khutbah jumat
siang punika kepareng khatib aturaken makna kamardikan ingkang hakiki. Ngendika
Allah Subhanahu Wata’ala :
يآٰ أَهْلَ الْكِتٰبِ قَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلُنَا
يُبَيِّنُ لَكُمْ كَثِيْرًا مِّمَّا كُنْتُمْ تُخْفُوْنَ مِنَ الْكِتٰبِ وَيَعْفُوْا
عَنْ كَثِيْرٍەۗ قَدْ جَاۤءَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ نُوْرٌ وَّكِتٰبٌ مُّبِيْنٌۙ
“He
para wong ahli kitab, yekti wus rawuh ing sira Utusan Ingsun kang anerangake
sak akehe saka sira kabeh samubarang kang sira umpetake saka al- kitab, lan
panjenengane Rasul mau tansah angapura saka lupute sira kabeh. Yekti wus teka
marang sira kabeh saka Ngasane Ingsun Qur’an Cahya lan Kitab kang anerangake”. (QS. Al- Maidah; 15).
Mitera ahli tafsir ayat
punika pinangka dalil rawuhipun utusan Allah Nabi Muhammad SAW pinangka nabi
lan rasul ingkang mbebasaken lan nylametaken sedaya umat manungsa saking
penjajahan kekufuran, penjajahan kemusyrikan, saking kesesatan tumuju nur
cahaya ilahi.
Mendet piwucal saking ayat
ing nginggil kamardikan ingkang hakiki punika menawi saget bebas saking: 1. Penjajahan
kekufuran lan kemusyrikan, 2. Penjajahan hawa nafsu,
1)
Bebas saking kekufuran lan
kemusyrikan.
Kamardikan ingkang hakiki
punika menawi kula lan panjenengan saget nebihi kekufuran lan kemusyrikan.
Kekufuran lan kemusyrikan punika perkawis ingkang paling awrat dosanipun lan
saget andadosaken umat manungsa cilaka ing donya lan akhirat. Mila kula lan
panjenengan saget dipun sebat tiyang mardika menawi saget nebihi lampah kufur
lan musyrik.
Ngendika Allah:
اِنَّ اللّٰهَ لَا يَغْفِرُ اَنْ يُّشْرَكَ بِه
وَيَغْفِرُ مَا دُوْنَ ذٰلِكَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۚ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدِ
افْتَرٰٓى اِثْمًا عَظِيْمًا
“Satemene
Allah iku ora karsa paring pangapura menawa Panjenengane disekutokake, ananging
Panjenegane ngapura saliyane dosa syirik tumrap wong kang dikarsaake Allah. Lan
sapa kang tumindhak syirik mula deweke wus tumindhak dosa kang gede”. (QS. An- Nisa:48).
2)
Bebas saking kungkungan
hawa nafsu
Hakikat kamardikan ingkang
hakiki saklajengipun inggih punika menawi kula lan panjenengan saget nebihi
sedaya hawa nafsu ingkang awon. Tiyang ingkang tasih dipun jajah hawa nafsu
ingkang awon punika gesangipun dereng mardika, amargi hawa nafsu bade andamel
kacilakan panggesanganipun ing donya lan akhirat. Ngendika Allah:
وَلَا تَتَّبِعِ الْهَوٰى فَيُضِلَّكَ
عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ
“Lan
sira aja anggugu hawa nafsu, amarga bisa nyasarake sira saka dalane Allah…” (QS. Shad: 26).
Jamaah jumah rahimakumullah
Cekak aosipun kamardikan
ingkang hakiki punika menawi kula lan panjenegan saget nyaket manembah ing
Allah kanthi estu, tebih saking tumindhak musyrik, kufur lan saget nebihi
sedaya hawa nafsu ingkang awon. Akhiripun
sumangga kula lan panjenengan tansah ndedonga dhumateng Allah mugi Panjeneganipun Allah andadosaken
kula lan panjenengan tiyang- tinyang ingkang mardika, kanthi kamardikan ingkang
hakiki. Aamiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
إرسال تعليق