Teks Khutbah Jumat Singkat

3 Amalan Ingkang Ditresnani Allah

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis salat jumat kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Setunggal wekdal sahabat Abdullah bin mas’ud nyuwun pirsa dhumateng rasulullah magepokan amalan ingkang dipun tresnani Allah SWT. Ngendika Abdullah bin mas’ud:

سَأَلْتُ النَّبِيَّ – صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ – : أَيُّ الْعَمَلِ أَحَبُّ إلَى اللَّهِ ؟ قَالَ : الصَّلاةُ عَلَى وَقْتِهَا . قُلْتُ : ثُمَّ أَيُّ ؟ قَالَ : بِرُّ الْوَالِدَيْنِ , قُلْتُ : ثُمَّ أَيُّ ؟ قَالَ : الْجِهَادُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ

“Aku nyuwun pirsa marang Panjeneganipun Nabi, amal punapa ingkang dipun tresani dening Allah? Ngendika Nabi: salat ana ing wektune, kula nyuwun pirsa malih, lajeng napa malih?, panjeneganipun ngendika: bekti marang wong tua, kula nyuwun pirsa malih, lajeng punapa?, Panjeneganipun ngendika: jihad ana ing dalane Allah.” (HR. Bukhari lan Muslim).

Hadits punika paring piwucal utama bilih kalebet tanda leresipun iman kula lan panjenengan kedahipun kagungan kepinginan caket dhumateng Allah lan dipun tresnani Allah SWT. Wonten kathah hadits rasulullah ngabaraken menawi Allah punika sampun tresna dhumateng kawulanipun mila Allah badhe paring panggesangan ingkang sekeca dhumateng kawula kasebat. Mila wigatos sanget tumrap kula lan panjenegan ngupadi tresnanipun Allah kanthi nindhakaken amalan- amalan kasebat.

1.     Salat wonten wekdalipun.

Amalan ingkang paling dipun tresnani Allah inggih punika nindhakaken salat pas wonten wekdalipun. Maksudipun menawi sampun dumugi wayahipun salat, azan sampun kumandang mila kedah enggal- enggal tumuju salat. Sedaya aktifitas,  pakaryan lan acara punapa kemawon kedah dipun tilar. Amargi boten wonten ingkang langkung wigatos kejawi ngestoaken panggilan salat.

Boten sakmestinipun kula lan panjenengan nalika dumugi wayah salat malah damel acara utawi damel kegiatan ingkang nabrak wekdal salat. acara punapa kemawon ing masyarakat kadosdene; acara rapat, acara hajatan lan acara- acara- acara sanes boten pareng nerak utawi nubruk wekdal salat. Menawi kula lan panjenengan tasih wonten ingkang wantun nglirwaaken salat amargi acara wonten ing masayarakat, mila kedah insyaf lan tobat mugi mboten dipun murkai Allah.

 2.     Bekti marang wong tua

Amalan ingkang saklajengipun inggih punika bekti dhumateng tiyang sepuh, bapak lan ibu. Wonten kathah ayat ing al- quran Allah punika asring nyebataken dhawuh ibadah kaliyan dhawuh bekti dhumateng tiyang sepuh Kathi gandingan. Artosipun bekti dhumateng tiyang sepuh punika amalan ingkang minulya sanget wonten ing islam. Ngendika Allah:

وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ اِحْسَانًاۗ

“Lan Ingsun wus dhawuh marang manungsa supaya pada tumindhak becik marang wong tuane…” (QS. Al- Ahqaf:15).

3.     Jihad ana ing dalane Allah

Amalan ingkang saklajengipun inggih punika jihad wonten ing marginipun Allah SWT. Jihad punika amalan agung ingkang ganjaranipun surga, ananging wekdal sakpunika jihad kanthi senjata utawi budhal wonten medan perang kedhah mawi tata aturan ingkang leres. Amargi wonten ing nagari kula lan panjenegan kondisinipun aman, nindhakaken syariat agami ugi dipun keparengaken lan dipun lindungi undang- undang. Mila jihad kula lan panjenegan ingkang paling leres kanthi thalabul ilmi, nyinaoni piwucal agami lan mbiwaraaken syiar- syiar islam. Ngendika Rasulullah:

مَنْ دَخَلَ مَسْجِدَنَا هَذَا لِيَتَعَلَّمَ خَيْرًا أَوْ يُعَلِّمَهُ كَانَ كَالْمُجَاهِدِ فِي سَبِيلِ اللَّهِ

“Sing sapa mlebu ana ing masjidku kanggo sinau kabecikan utawa mulangke kabecikan yekti bakal oleh derajat mujahid kang jihad ana ing dalane Allah (HR. Ibnu Hibban).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenegan tansah nindhakaken 3 amalan kasebat, mugi Allah tansah andadosaken kula lan panjenegan kawulanipun ingkang dipun tresnani. Aamiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

 

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama