Teks Khutbah Jumat Singkat
Gesang Ingkang Ngremenaken
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ
اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ
اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ﷺ ingkang
tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wekdal sakpunika kula lan panjenengan asring sanget mireng utawi manggihi
tiyang- tiyang ingkang ngeluh, sambat
sebut bilih gesangipun rekaos. Wonten ing pasrawungan, wonten ing tempat umum
lan wonten ing media sosial isinipun sambat sebut lan keluh kesah sanak sederek
kula lan panjenengan. Ingmangka sejatosipun gesang punika gumantung kadospundi
anggen kula lan panjenengan ngraosaken. Menawi dipun raosaken kanthi susah,
awrat, rekaos nggih gesang punika estu awrat lan rekaos. Ananging menawi anggen
kula lan panjenengan ngraosaken gampil, sekeca lan ngremenaken mila gesang
punika nggih estu ngemenaken . Setunggal wekdal Rasulullah ngendika, bilih
Allah Subhanahu Wata’ala ngendika
wonten ing hadits hudsi:
أَنَا عِنْدَ ظَنِّ عَبْدِى بِى
“Ingsung iku gumantung panyakra bawane kawulaningsung marang ingsung” (Muttafaqun ‘alaih).
Hadits punika suka dhawuh wigatosipun husnudzan dhumateng Allah Subhanahu
Wata’ala. Menawi kula lan panjenengan pitados bilih Allah badhe paring
panggesangan ingkang ngremenaken mila estu Panjeneganipun Allah badhe paring
panggesangan ingkang sae dhumateng kula lan panjenengan.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Allah Subhanahu Wata’ala sampun
janji badhe paring panggesangan ingkang ngremenaken dhumateng kula lan
panjenengan, ngendika Allah :
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ
فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ
مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
“Sing sapa nindhake laku becik padha uga pria utawa Wanita lan deweke iku
iman, mesti Ingsun bakal maringi panguripan kan kepenak ana ing donya, sarta
ingsun bakal nyampurnaake ganjarane kalawan kang luwih becik tinimbang karo
barang kang wus tau ditindhakake”. (QS. An- Nahl: 97).
Miterat Ibnu Katsir wonten ing tafsiripun bilih ingkang dipun maksud amal
shalih punika sedaya tindhak lampah ingkang miderek tata aturanipun Allah
wonten ing al- quran lan miderek tuntunan nabinipun wonten ing as- sunnah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mendet piwucal saking ayat 97 surat an- nahl wonten ing nginggil bilih estu
Allah Subhanahu Wata’ala janji
badhe maringi panggesangan ingkang sekeca lan ngremenaken dhumateng kula lan
panjenengan kanthi kali syarat:
Syarat ingkang sepisan: Yakin dhumateng takdiripun Allah
Kula lan panjenengan saget pinaringan panggesangan ingkang ngremenaken
menawi yakin dhumateng Allah. Maksudipun kula lan panjenengan kedhah yakin
bilih punapa kemawon ingkang Allah takdiraken punika sae lan cocok dhumateng
kula lan panjenengan. Allah Subhanahu Wata’ala punika sampun milihaken nasib ingkang palin
sae dhumateng kula lan panjenengan. Pilihanipun Allah ing bab pakaryan,
keluarga, lan punapa kemawon punika sampun paling pas lan paling sae. Menawi
kula lan panjenengan saget nampi perkawis punika kanthi lila legawa mila estu
raosipun ayem lan ngremenaken.
Syarat kaping kalih: kedhah miderek al- quran ugi as- sunnah.
Syarat saklajengipun kagem nggayuh panggesangan ingkang sekeca lan ngremenaken
punika kanthi miderek tuntunan al- quran ugi tuntunan as- sunnah. Sauger kula
lan panjenengan boten nalingsir saking pedoman al- quran ugi as- sunnah mila
dipun jamin gesang punika sekeca lan ngremenaken. Ngendika Allah Subhanahu
Wata’ala :
وَمَن يُطِعِ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُۥ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا
عَظِيمًا
“Lan sapa kang nderek marang temen deweke oleh kabegjan kang agung” (QS. Al- Ahzab:71).
Jamaah jumah rahimakumullah
Akhiripun sumangga kula lan panjenengan tansah njagi kapitadosan
dhumateng Allah lan miderek punapa kemawon dhawuh al- quran ugi as- sunnah,
mugi kanthi punika Allah tansah paring panggesangan ingkang minulya wonten ing donya lan akhirat.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا
اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
Posting Komentar