Teks Khutbah Jumat Singkat
Tiyang Ingkang Dipun Mulyaaken Allah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung
Muhammad ﷺ ingkang tansah kula lan
panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Estu
kula lan panjenengan mesthi ngersaaken pinaringan gesang ingkang minulya. Lajeng
kadospundi sejatosipun tanda- tanda gesang ingkang minulya punika?. Seperangan
tiyang kagungan pemanggih nalika jabatanipun inggil, utawi bandanipun katah
punika tanda pinaringan kamulyan. Menawi mekaten lajeng napa bentenipun kaliyan
firaun, haman lan qarun? Tiyang- tiyang kasebat mboten kirang bandanipun,
jabatanipun, ananging punapa fir’aun, haman lan qarun dipun mulyaaken Allah?.
Temtu jawabanipun mboten, malah firaun, haman lan qarun punika kalebet ingkang pinaringan
kacilakan saking ngarsanipun Allah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mila
wonten mimbar khutbah jumat siang punika badhe khatib aturaaken seperangan
tanda menawi manungsa punika dipun mulyaaken Allah.
1. Dipun dadosaken tiyang ingkang paham agami
Paham
tuntunan agami mujudaken salah setunggal tanda bilih tiyang kasebat dipun
tresnani lan dipun mulyaaken Allah. Ngendika Rasulullah ﷺ:
مَن
يُرِدِ اللهُ به خيرًا يُفَقِّهْه في الدينِ
“Sapa
wonge dikersaake Allah kebecikan ing deweke, mula dipahamake ing urusan agama”
(HR. Bukhari lan Muslim)
Salah
setunggal tanda bilih Allah pingin mulyaaken manungsa saget katitik tiyang
kasebat sregep sinau ilmu agami, remen dhumateng majlis- majlis ilmu, ugi remen
srawung kaliyan tiyang- tiyang ingkang ngudi ilmu. Sahingga kanti remen ngudi
ilmu tiyang kasebat paham dawuh lan laranganipun Allah, paham perkawis ingkang
halal lan haram lan paham perkawis ingkang haq ugi bathil. Allah ngendika ing
Al- quran:
يَرْفَعِ
اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ
“Allah bakal ngluhurake para wong mukmin saka sira kabeh, apa dene wong kang kaparingan ilmu kalawan pirang- pirang derajat…”. (Al Mujaadilah: 11)
2. Tansah remen koreksi diri/ mawas diri
kula
lan panjenegan punika namung makhluk alit ingkang ringkih, sedaya sarwa
winates. Sejatosipun kula lan panjenegan punika sanes sinten- sinten lan boten
saget punapa- punapa, kejawi menawi dipun paring pitulungan dening Allah SWT.
Mila
boten perlu rumaos sombong amargi boten wonten ingkang saget dipun sombongaken.
·
Badan/
fisik punika namung titipan.
·
Akal
fikiran ugi namung titipan.
·
Bandha
napa malih, sedaya namung titipan.
Mila
punapa pantes tiyang ingkang namung nampi titipan kok malah sombong?
Amirul
mukminin Umar bin Khatab nate paring wejangan:
حَاسِبُوا
أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوا
“sira
pada hisaben badanira (pada koresia diri), sakdurunge sira dihisab (ana ing
dina kiyamat).”
Tiyang
ingkang saget koreksi diri estu mujudaken ciri tiyang ingkang dipun kersaaken
Allah mulya panggesanganipun. Lan kosok wangsulipun tiyang ingkang boten saget
koreksi diri, boten saget mawas diri ciri tiyang ingkang sampun gagal
gesangipun.
Jamaah jumah rahimakumullah
Cekak aosipun sumangga kula lan panjenengan tansah remen sinau ilmu
agami lan remen koreksi diri, mugi kanthi punika Allah tansah paring kamulya
panggesangan ing dunya ngantos dumugi akhirat.
Aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dala bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
إرسال تعليق