Teks Khutbah Jumat Singkat
Dinten Dahar lan Ngunjuk
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung
Muhammad ﷺ ingkang
tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir. Aamin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Dinten
agung, dinten minulya lan dinten riyayanipun kaum muslimin ingkang kula lan
panjenengan tengga estu sampun rawuh. Siang punika kula lan panjenengan estu
sampun pinanggih lan ngraosaken agungipun dinten riyaya idul adha 1446 H. Penetapan
diten idul adha tahun punika saget sesarengan ing antawisipun Muhammadiyah, NU
ugi Kemenag, satemah nambahi raos agung lan nikmatipun suasana dinten riyaya.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten
ing dinten riyaya punika prayogi sanget kula lan panjenengan mangertosi
tuntunan adab- adab lan amalan ingkang dipun anjuraken dening islam. Salah
setunggal amalan ingkang dipun anjuraken wonten ing dinten idul adha lan dinten
tasyrik inggih punika ngatah- ngatahi raos syukur. Rumiyin Rasulullah SAW
ndawuhi para sahabat ngginaaken dinten idul adha lan dinten tasyrik kagem dahar
ngunjuk lan dzikir pinangkan raos syukur dhumateng Allah SWT. Ngendika
Rasulullah SAW :
أَيَّامُ التَّشْرِيقِ
أَيَّامُ أَكْلٍ وَشُرْبٍ
“Dina-
dina tasyrik iku dina kanggo mangan lan ngombe”
(HR. Muslim).
Wonten
Riwayat sanes Rasulullah ngendika:
أَيَّامُ التَّشْرِيقِ
أَيَّامُ أَكْلٍ وَشُرْبٍ وَزَادَ فِي رواية وَذِكْرٍ لِلَّهِ
“Dina-
dina tasyrik iku dina kanggo mangan ngombe (lan ana tambahan redaksi) lan
dzikir marang Allah ” (HR. Muslim).
Jamaah
jumah rahimakumullah
Prayogi
dipun penggalih kanthi estu, bilih kula lan panjenengan kadhang kala sampun
tumindhak dzalim dhateng badanipun piyambak- piyambak. Kula lan panjenegan
kadhang kala ngantos kesupen dahar, kesupen istirahat amargi pedamelan,
sahingga badan punika rusak, asring gerah amargi dipun forsir.
Mila
Islam paring piwucal ingkang utama supados kula lan panjenengan wicaksana
anggenipun ngginaaken wekdal ugi ngginaaken badan punika. Salah setunggalipun
kanthi paring piwucal dahar ngunjuk wonten ing idul adha lan dinten tasyrik. Sumangga
dipun atur wekdalipun, ampun dipun forsir kagem makaryo terus- terusan ananging
dipun longgaraken kagem menikmati dahar lan ngunjuk. Kanthi dahar ngunjuk
ingkang eca lan sekeca mugi- mugi ndayani lan dados jalaran sehatipun badan
kula lan panjenengan, tebih saking penyakit, pinaringan keberkahan satemah
saget ngraosaken panggesangan ingkang ayem tentrem, bahagia lahir lan bathin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken, mugi Allah SWT tansah
paring hidayah, taufik, Kesehatan ketentreman lan kamulyan panggesangan ing
dunya ngantos dumugi akhirat. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
Posting Komentar