Teks Khutbah Jumat Singkat

Qurban ingkang

Ditampi Allah Ta’ala

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

Khutbah Awal

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.

Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Allah Subhanahu Wata’ala  andamel syariat agami pinangka sarana supados umat manungsa saget nyaket ing Allah. Kanthi taat lan ngugemi sedaya pranata agami arupi ibadah, muamalah lau ugi aqidah kula lan panjenengan saget nggayuh derajat ingkang utama inggih punika manungsa ingkang caket dhumateng Allah Subhanahu Wata’ala . Mila salah setunggal tanda katampinipun ibadah ingkang kula lan panjenegan tindhakaken punika menawi saget andadosaken kula lan panjenegan tansaya taat lan nyaket dhumateng Allah Subhanahu Wata’ala .

Mekaten ugi ibadah qurban ingkang sekedap malih badhe dipun tindhakaken, tujuanipun supados kula lan panjenegan saget nyaket dhumateng Allah Subhanahu Wata’ala . Mila wonten ing Al- Quran Allah Subhanahu Wata’ala  paring kabar:

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ ابْنَيْ آدَمَ بِالْحَقِّ إِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ أَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْآخَرِ قَالَ لَأَقْتُلَنَّكَ قَالَ إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِينَ

Artosipun: “He Muhammad, sira macakna marang umat ira bab sejarahe putrane loro nabi Adam (Qabil lan Habil) kalawan bukti sejarah kang bener. Yaiku nalika sakarone padha cahos qurban mangka kang siji katampa lan sijine ora katampa. Deweke kang ora katampa iku ngucap: “satemene aku mesti mateni kowe” Dheweke kang katampa mangsuli: “satemene Allah hamung anampa qurban saka amale wong kang padha taqwa marang Panjenengane.” ( Al Maidah; 27)  

Jamaah jumah rahimakumullah

Miterat Imam Thabari wonten tafsiripun bilih qurban ingkang katampi inggih punika qurbanipun Habil awit Habil cahos qurban saking kewan ternakipun ingkang paling sae. Qurbanipun Qabil mboten katampi Allah amargi piyambakipun cahos qurban saking hasil panen pertanian ingkang  mboten sae.

Miterat Ibnu Asyur wonten tafsiripun bilih Allah Subhanahu Wata’ala  mboten nampi qurbanipun Qabil amargi piyambakipun mboten taat dumateng Allah Subhanahu Wata’ala . Ibnu Asyur njelasaken bilih Allah Subhanahu Wata’ala  nampi qurbanipun tiyang ingkang taqwa tegesipun tiyang ingkang ngamal kanti ikhlas. Mila qurbanipun Qabil mboten katampi amargi Qabil mboten ikhlas rikala nindakaken dawuhipun Allah Subhanahu Wata’ala .

Imam As- Syatibi njelasaken bilih ruh utawi inti sedaya amal injih punika taqwa. Mila tujuan qurban inggih punika supados manungsa tansaya taat dumateng Allah Subhanahu Wata’ala  lan perduli dumateng sesami. (Al- Muwafaqat).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten ugi Allah ngendika wonten ing Al quran surat Al Haj ayat 37:

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ

Artosipun : “ora bakal katampa ing Allah daginge lan getihe qurban, ananging kang bakal katampa dening Allah iku taqwanira kabeh . . .(Al Haj: 37)

Ibnu Katsir ngendika: “ayat iku pinangka dalil menawa kang nyebabake qurban iku katampa ing Allah amarga ikhlase lan taqwane shahibul qurban” (Tafsir Al- Quranul Aziim)

Kanthi punika sumangga kula lan panjenegan mendet piwucal bilih inti ibadah qurban lan ibadah sanesipun inggih punika taqwa. Artosipun ibadah ingkang kula lan panjenengan lampahi kedahipun tansaya ndadosaken ajrih lan taat dumateng Allah Subhanahu Wata’ala .

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken siang punika, mugi- mugi Allah tansah paring taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan panjenegan satemah saget tansaya taat lan istiqamah wonten ing margi ingkang dipun ridhai Allah Subhanahu Wata’ala . Aamiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini 


Post a Comment

أحدث أقدم