Teks Khutbah Jumat Singkat
Nggayuh Kamulyan
ing Wulan Dzulqa’dah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung
Muhammad ﷺ ingkang
tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir. Aamin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Islam
sampun paring piwucal dhumateng kula lan panjenengan menggah tata cara nggayuh
kamulyan panggesangan. Piwucal islam punika lengkap lan sampurna maringi
tatacara ibadah, adab lan muamalah ingkang prayogi kula lan panjenegan
gatosaken saben dintenipun. Punapa malih kula lan panjenengan wekdal sapunika
sampun mlebet wonten wulan dzulqa’dah, kalebet 4 wulan ingkang dipun mulyaaken
Allah SWT. Mila wonten ing mimbar khutbah jumat siang punika kepareng badhe
khatib aturaken seperagan amalan ingkang saget andadosaken mulyanipun
panggesangan kula lan panjenegan.
1.
Sengkuyung sinau
al- quran.
Sinau
al- quran punika amal ingkang agung lan istimewa tumrap kula lan panjenegan
sedaya. Al- quran punika sumber hukum, sumber pitedah ingkang dipun turunaken
Allah SWT pinangka margi keslametan tumrap sedaya umat manungsa. Ngendika Allah SWT:
قَدْ
جَاءَكُمْ مِنَ اللَّهِ نُورٌ وَكِتَابٌ مُبِينٌ
“…
Yekti wus teka marang sira kabeh kelawan iki Quran cahaya saka ngarsane Allah
lan kitab kang nerangake” (QS. Al- Maidah:15)
Wonten
ing kitab Aisarut Tafâsîr dipun ngendikaaken: “Wong- wong kang pada temen
anggone cecekelan marang al- quran yekti bakal pinaringan rahmat saka ngarsane
Allah. Lan ana ing dina kiyamat bakal dislametake saka neraka sarta dilebokake
marang surga, kang mengkono iku kabegjan kang agung”.
Sinau
al- quran saget dipun lampahi kathi cara:
1) Sinau tatacara maos ayat- ayat al-quran,
misalipun kanthi TPA lan sanesipun.
2) Sinau isi kandungan al- quran, saget kanthi
ngrawuhi kajian al-quran kadosdene kajian tafsir ugi sanesipun.
3) Sinau hukum- hukum ingkang wonten ing al- quran,
saget kanthi ngrawuhi majelis taklim, pengajian umum lan sanesipun.
Jamaah jumah rahimakumullah
Jaman sapunika sampun tansaya majeng, badhe sinau al- quran tansaya
gampil. Menawi jaman rumiyin nembe wonten metode turutan juz amma, lha sapunika
sampun katahah sanget metode ingkang tansaya nggampilaken tata cara maos al-
quran saget kanthi metode iqra’, metode tsaqifa lan sanesipun. Mekaten ugi
wonten saben masjid sampun umum lan lumrah dipun wonteni forum- forum sinau
tata cara maos al- quran, sahingga boten wonten malih alesan tumrap kula lan
panjenegan kok boten saget maos al- quran.
2.
Istiqamah njagi salat berjamaah
Sarana ingkang saklajengipun kagem nggayuh kamulyan panggesangan inggih
punika kanthi njagi salat berjamaah. Salat berjamaah punika ibadah ingkang
agung sanget kautamanipun. Sinten kemawon ingkang saget istiqamah njagi salat
berjamaah badhe dipun jamin pinaringan kamulyan panggesangan ing dunya lan
akhirat. Wonten ing katah hadits Rasulullah paring pangandikan menggah
kautaman- kautaman njagi salat berjamaah. Ngendika Rasulullah SAW:
“Para malaikat iku padha ndogaake sira kabeh menawa isih ana ing papan
salat berjamaah lan durung berhadats (durung batal wudhune): Dongane malaikat:
“Ya Allah mugi panjenegan paring pangapura dhumateng tiyang punika, Ya Allah
mugi panjenegan paring rahmat dhumateng tiyang punika..” (HR. Bukhari).
Hadits punika paring piwucal bilih sinten kemawon ingkang istiqamah
nindhakaken salat bejamaah wonten papan dipun kumandangaken azan (wonten
masjid) mila para malaikat badhe ndogaaken kesaenan tumrap sedaya jamaah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mila sumangga kula lan panjenegan istiqamah njagi sedaya amal kesaenan
wonten ing wulan dzulqa’dah punika. Mugi kanthi istiqamah ing margi kesaenan
Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
Posting Komentar