![]() |
img: pixabay.com |
Teks
Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Shiyam Asy Syura Lan Tasua
Ust.
Sadmonodadi
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ .يَاأَيّهَا
الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Jamaah
Shalat Jumat rahimakumullah!
Syukur lan pangalembana kita konjukaken dhumateng Allah
Ta'ala ingkang sampun kersa paring nikmat dhumateng kita sami arupi nikmat iman
lan Islam. Nikmat iman lan Islam punika mujudaken peparing ingkang paling agung
menggahing kawula. Mugi-mugi kita tansah ing dalem kawontenan iman lan Islam
ngantos pungkasing yuswa kula panjenengan sami.
Mangga kita sami ngiyataken taqwa kita dhumateng Allah subhanahu
wa ta'ala netepi dhawuhipun Allah Ta'ala ing dalem serat Ali Imran ayat 102
:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
“He
wong-wong kang padha iman, padha taqwaa sira kabeh marang Allah kanthi taqwa
kang sabenere takwa; lan aja sepisan-sepisana
sira mati kejaba ing kahanan ngrasuk agama Islam.” (QS. Ali Imran:
102)
Shalawat saha salam mugi
tansah kaparingna dhumateng kanjeng
Rasul shallallahu 'alaihi wassalam ingkang dados tuladha utami
menggahipun tiyang-tiyang iman.
Kaum muslimin rahimakumullah!
Estunipun Allah sampun
nyawisaken kathah margi murih tiyang-tiyang ingkang iman saged nyaket dhumateng
Allah. Margi-margi punika arupi mapinten-pinten ibadah ingkang kasyariataken
agami. Kanthi nindaaken ibadah-ibadah wau para mukmin saged nggayuh
ganjaranipun Allah lan ngicali dosa-dosa.
Ing antawisipun margi tumuju
ridha Allah inggih punika mapinten-pinten
ibadah ingkang kasyareataken ing wulan Muharam. Saestu Allah sampung
ngegungaken wulan Muharam. Wulan ingkang sinebat secara khusus ing dalem Qur'an
minangka Al Fajr utawi fajaripun warsa. Allah SWT ngendika ing dalem serat Al
Fajr ayat 1-2 :
وَالْفَجْرِۙ (1) وَلَيَالٍ عَشْرٍ) 2)
Artinya: "Demi wektu fajar,
demi bengi kang sepuluh,"
Ing wulan ingkang mulya
punika dipun dhawuhaken mapinten-pinten ibadah ingkang setunggal saking ibadah
wau inggih punika ngathah-athahaken shiyam ; sae ing awal, tengah utawi
pungkasaning wulan. Rasulullah shallallahu ’alaihi wa sallam ndhawuhaken
para mukmin supados nindaaken shiyam:
أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ
شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلاَةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلاَةُ
اللَّيْلِ
“Pasa
kang paling utama sakwue pasa Ramadhan yaiku pasa ing sasine Allah – (sasi Muharram).
Lan shalat kang paling utama sakwuse sholat
wajib yaiku sholat bengi". (HR. Muslim no. 1163, saking Abu
Hurairah)
Sinaosa
ngathah-athahaken shiyam punika sae katindaaken sadangune setunggal wulan,
ananging wonten dinten ingkang pikantuk kawigatosan syariat, inggih punika
dinten ingkang kaping sedasa ingkang sinebat yaum asy-syura. Rasulullah
sampun ninddaken shiyam punika wiwit jaman jahiliyah lan teras katindaaken
nalika sampun hijrah dhateng Madinah. Ingkang makaten dipun terangaken ing
hadits riwayat Imam Bukhari :
عَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهَا
قَالَتْ كَانَ يَوْمُ عَاشُورَاءَ تَصُومُهُ قُرَيْشٌ فِي الْجَاهِلِيَّةِ وَكَانَ
النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَصُومُهُ فَلَمَّا قَدِمَ
الْمَدِينَةَ صَامَهُ وَأَمَرَ بِصِيَامِهِ)
Artosipun : “Dipun
riwayataken saking Aisyah r.a. piyambakipun ngendika : Biyen ing dina
Asy-Syura wong-wong Quraisy nindakke
pasa ing jaman jahiliyyah, lan Nabi SAW (wektu ana Makkah) uga wus nindaake pasa. Nalikane tumeka Madinah,
Nabi tetep nindaake pasa as-Syura malah-malah ndhawuhake marang para shahabate
uga padha pasa".
Ibnu Abbas radhiyallahu 'anhu
nate ngendikaaken ngengingi kados pundi shiyamipun Rasulullah Shallallaahu
'Alaihi Wasallam :
مَا رَأَيْتُ النَّبِيَّ صَلَّى اللَّهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَتَحَرَّى صِيَامَ يَوْمٍ فَضَّلَهُ عَلَى غَيْرِهِ إِلَّا
هَذَا الْيَوْمَ يَوْمَ عَاشُورَاءَ وَهَذَا الشَّهْرَ يَعْنِي شَهْرَ رَمَضَانَ
“Aku ora nate meruhi Nabi
shallallaahu 'alaihi wasallam anggone semangat nindaake pasa sawiji dina kang
luwih Nabi utameake tinimbang pasa
liyane kejaba dina iki, yaiku dina asy-Syura lan ing sasi iki, yaiku sasi
Ramadhan". (HR. Al-Bukhari dan
Muslim)
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Ing antawisipun hikmah shiyam asy-Syura inggih punika
ngicali dosa-dosa alit setunggal tahun kapngker. Abu Qotadah Al Anshoriy ngendika,
سُئِلَ عَنْ صَوْمِ يَوْمِ
عَاشُورَاءَ فَقَالَ : يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ
“Nabi shallallahu ’alaihi wa sallam dipundhuti
priksa ngenani istimewane pasa asy-Syura? Piyambake Nabi njawab : Pasa
asy-Syura bakal ngilangi dosa setahun kang uwis.” (HR. Muslim no. 1162)
Jama'ah Jum'at rahimakumullah!.
Kejawi ngicali dosa setahun,
kados dene amal-amal sunnah sanesipun, shiyam asy-Syura ugi dados panyempurna
shiyam wajib. Kados dene hadits ingkang dipun riwayataken dening Imam
Al-Bukhari, Rasūlullāh shallallāhu 'alayhi wa sallam ngendika:
اُنْظُرُوْا ! هَلْ لِعَبْدِيْ مِنْ تَطَوُّعٍ
؟
"Padha gatekna
marang kawula-Ku apa padha duwe amalan-amalan sunnah?".
فَيُكَمَّل بِهَا مَا انْتَقَصَ مِنْ
الْفَرِيضَة
"Mangka padha sampurnakna kanthi
ibadah sunnah iku, apa kang kurang saka ibadah-ibadah kang fardhu.
ثُمَّ يَكُونُ سَائِرُ عَمَلِهِ عَلَى
ذَلِكَ
"Mangkono uga amalan-amalan liyane."
Jama'ah rahimakumullah!
Dipun sunnahaken nambah
shiyam asy-Syura kanthi shiyam ing tanggal sanga Muharram ingkang kawastanan
dinten Tasu'a. Tujuanipun kangge nyulayani kebiasaan shiyamipun ahlul Kitab.
Ibnu Abbas radhiyallahu
’anhuma ngendika bilih nalikanipun Nabi shallallahu ’alaihi wa sallam
nindaaken shiyam asy-Syura lan dhawuhaken supados kaum muslimin nindaaken
shiyam, ing wekdal punika wonten shahabat ingkang ngendika,
يَا رَسُولَ اللَّهِ إِنَّهُ يَوْمٌ
تُعَظِّمُهُ الْيَهُودُ وَالنَّصَارَى.
"He Rasulullah, dinten
punika adinten ingkang dipun agungaken dening Yahudi lan Nasrani".
Salajengipun Kanjeng Rasul ngendika :
فَإِذَا كَانَ الْعَامُ الْمُقْبِلُ -
إِنْ شَاءَ اللَّهُ - صُمْنَا الْيَوْمَ التَّاسِعَ
"Menawa tumeka
tahun sesuk – Insya Allah- awake dhewe pada ing tanggal sanga". Ibnu
Abbas ngendika :
فَلَمْ يَأْتِ الْعَامُ الْمُقْبِلُ
حَتَّى تُوُفِّىَ رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم-.
'Durung
tekan ing tahun ngarepe,
Nabi shallallahu ’alaihi wa sallam wus keselak seda". (HR. Muslim
no. 1134)
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Mungkasi khtbah punika, khatib ngajak jama'ah sami mangga
sampun ngatos kecalan kesem-patan ingkang aji punika. MAngga kita kanthi kebak
semangat ikhtiar metik wohipun kamulyan wulan Muharam kanthi utaminipun
nindaaken shiyam asy-Syura lan shiyam Tasu'a. Kanthi nindaaken ibadah-ibadah
punika badhe katetepna ganjaran ingkang sakalangkung kathah, dipun apunten
sedya dosa lan katambah-tambah kasampurnaning ibadah wajib kita sami. Semoga
Allah memberi taufik dan hidayah.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kedua
اَلْحَمْدُ
لِلّٰهِ وَكَفَى، وَنُصَلِّيْ وَنُسَلِّمُ عَلَى مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى
اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ
وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
يَاأَيّهَا
الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ
وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ
كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ.
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا
بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ
سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا
وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ
وَالغِنَى
للَّهمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِينَنَا الَّذي هُوَ عِصْمَةُ
أَمْرِنا ، وأَصْلِحْ لنا دُنْيَانا التي فِيهَا مَعَاشنا ، وَأَصْلِحْ لنا آخِرَتنا
الَّتي فِيهَا مَعَادُنا، وَاجْعلِ الحيَاةَ زِيادَةً لنا في كُلِّ خَيْرٍ ،
وَاجْعَلِ المَوتَ راحَةً لنا مِنْ كُلِّ شَرٍ
رَبنا أَدْخِلْنا مُدْخَلَ صِدْقٍ وَأَخْرِجْنا مُخْرَجَ
صِدْقٍ وَاجْعَلْ لنا مِنْ لَدُنْكَ سُلْطَانًا نَصِيرًا
اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا
وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا
قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ
حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى تَبِيِّنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
أَجْمَعِيْنَ.سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ.
وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ.
وَالْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Posting Komentar