![]() |
source : pexels.com |
Teks
Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Cara Sukses Nggulawentah Putra
Ust.
Sadmonodadi
اَلسَّـــلاَمُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.
اَلْحَمْدُ ِللهِ حَقَّ حَمْدِهِ
وَنَشْكُرُهُ حَقَّ شُكْرِهِ. أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ
لاَشَرِ يْكَ لَهُ, وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
الْهَادِىْ بِهِدَايَةِ اللهِ إِلَى صِرَاطِ اللهِ رَبِّهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ
وَسَــلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍوَّعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. قَالَ
تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ
وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّابَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ!
أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Jama’ah Jum’at
ingkang bagya mulya!
Mangga kita ngunjukaken syukur dhumateng Allah
sesarengan kaliyan lumeberipun nikmat-Ipun Allah. Shalawat saha salam mugi
tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, dhumateng
keluarganipun, dhumateng para sahabat lan sumrambahipun dhumateng para
pendherekipun ngantos akhir zaman.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Saben-saben
tanggal 23 Juli masyarakat Indonesia mengeti dinten Anak Nasional. Pengetan
punika ngemutaken perlunipun njamin hak-hakipun putra lan ngemutaken tanggel
jawabibun tiyang sepuh kangge nyawisaken sedaya ingkang dipun perloaken kangge
kesaenan masa depan para putra. Pengetan
punika ugi ngemutaken ngengingi kewajiban lan tanggung jawab anak dhumateng
tiyang sepuh, masyarakat, bangsa lan negari.
Jama'ah
Jum'at rahimakumullah!
Ing dalem Islam, putra mujudaken
rahmat-Ipun Allah dhumateng manungsa. Dipun sebat ing surah al-Kahfi ayat 46
bilih putra punika pepaes donya :
اَلۡمَالُ وَ
الۡبَـنُوۡنَ زِيۡنَةُ الۡحَيٰوةِ الدُّنۡيَا
"Arta-bandha
lan anak-anak iku mujudake pepaes urip ing donya".
Ing dalem ayat 74 saking surah al-Furqan
kaserat bilih putra menggahing kulawargi mujudaken setunggal ingkang endah ing
paningal (qurrata a'yun).
Mboten ngemungaken
ngremenaken lan damel gumbira ing donya, putra ugi ndumugeaken kesaenan tumrap
tiyang sepuh ing akherat samangke. Rasulullah shallallahu ‘alaihi
wa sallam ngendika :
إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ
عَنْهُ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ إِلَّا مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ أَوْ
عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ
"Menawa
sawiji wong tinggal donya, mangka kabeh amale bakal pedhot kejaba telu perkara
yaiku sedekah jariyah, ilmu kang manfaat lan anak shalih kang ndongaake wong
tuwane". (HR.
Muslim: 1631).
Ing dalem hadits riwayat Imam Ahmad
dipun kabaraken bilih samangke ing akhirat wonten kawula-kawula ingkang ta'ajub
amargi kapapanaken ing papan ingkang inggil kamangka rumaosipun amalipun mboten
sepintena. Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam ngendika :
إِنَّ اللَّهَ عَزَّ وَجَلَّ لَيَرْفَعُ الدَّرَجَةَ
لِلْعَبْدِ الصَّالِحِ فِي الْجَنَّةِ فَيَقُولُ يَا رَبِّ أَنَّى لِي هَذِهِ
فَيَقُولُ بِاسْتِغْفَارِ وَلَدِكَ لَكَ
“Saktemene Allah ta'ala bakal ngangkat
drajate sawiji kawula kang shalih ing swarga. Sabanjure dheweka bakal pitakon,
: Duh Rabb kawula, kados pundi ingkang makaten saged kedadosan tumrap kawula?.
Mangka Allah paring pangandikan, "Kang mankono iku amarga do'a kang
diaturake dening anakmu supaya salah lan luputmu diapura".
Lan mboten anamung do'a kemawon
ingkang saged ndumugeaken kesaenan tumrap tiyang sepuh, malah-malah sedaya amal
shalih putra kesaenanipun badhe ugi badhe dipun tampi dening tiyang sepuhipun.
Ingkang punika amargi sedaya ingkang dipun amal shalihipun putra punika wonten andil saking tiyang
sepuhipun,
Jama'ah Jum'at rahimakumullah!
Ananging mboten saben-saben putra
punika ujug-ujug badhe damel bagya lan gumbiranipun tiyang sepuh. Kathah putra
ingkang ndumugeaken piawon lan panandhang dhumateng tiyang sepuh : donya lan
akhiratipun. Putra-putra makaten inggih
punika putra ingkang duraka dhumateng Allah lan duraka dhumateng tiyang sepuh.
Lare-lare wau langkung remen nindaaken maksiyat tinimbang niti margi
thaat.
Jama'ah Jum'at rahimakumullah!
Murih putra-putra saged dados lare
shalih lan ndumugekaken kesaenan dhumateng tiyang sepuhipun, Allah paring
dhawuh dhumateng sedaya tiyang sepuh supados nggulawentah putranipun kanthi
sae. Allah ta’ala ngendikan ing surat At Tahrim ayat 6 :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ
وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ
“He wong-wong kang padha iman, jaganen awakmu lan
kulawargamu saka geni neraka kang urub-urube kedadeyan saka manungsa lan
watu".
Shahabat
Ali bin Abi Thalib radhiyallahu ‘anhu nalikanipun paring tafsir – quu anfusakum wa ahliikum naaran
(jaganen awakmu lan kulawargamu saka geni neraka) ngendika :
عَلِّمُوْا
أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيْكُمْ خَيْرًا
“Ajarana awakmu lan keluargamu kanthi
kebecikan". (Dipun riwayataken dening Al-Hakim)
Wigatosing pendidikan tumrap lare
ugi dipun tandhesaken dening Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam. Ing dalem
hadits Al-Hakim Rasulullah ngendika :
مَا نَحَلَ وَالِدٌ
وَلَدَهُ أَفْضَلَ مِنْ أَدَبٍ حَسَنٍ
“Ora ana paweh kang luwih utama saka wong
tuwa marang anake kejaba penggulawentah kang becik".
Nggulawentah
lare temtu mujudaken pedamelan ingkang awrat. Ing khutbah siang punika badhe
kaaturaken sawatawis margi ingkang saged mbiyantu murih kasilipun panggulawentah dhumateng
lare. Ing antawipun margi wau inggih punika :
Sepisan,
mucalaken ilmu agami dan ilmu kadonyan.
Mucalaken
ilmu agami mujudaken pendidikan utami menggahing lare. Kados ingkang sampun
kita mangertosi, hukum nyinau ilmu agami (ilmu syar’i) punika mujudaken
kewajiban tumrap sedaya muslim (fardhu ‘ain). Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam,
طَلَبُ
الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ
”Ngudi
ilmu agama iku wajib mungguhing saben-saben musli".(HR. Ibnu Majah)
Nggulawentah
lare kanthi sae lan sabar murih lare-lare wau mangertos lan nresnani Allah,
Dzat ingkang nyipta lare-lare wau lan sedaya alam. Mucal lare murih kenal lan
nresnani Rasulullah shallallaahu ‘alaihi wa sallam, ingkang ing dalem
pribadhinipun Nabi wonten tuladha mulya. Mucal lare murih mangertosi lan faham
agami perlunipun dipun amalaken : mucalaken tauhid, mucalaken sholat lan ibadah
tuwin akhlaqul karimah
Sasanesipun
ilmu syar'i, lare ugi kedah dipun sangoni kanthi ilmu donya. Ingkang makaten
amargi ilmu-ilmu donya punika dipun betahaken kangge makmuripun manungsa lan
nggampilaken gesangipun manungsa; sae gesang pribadi, kulawarga, umat Islam lan
sedaya manungsa. Ingkang kedah dipun fahamaken inggih punika nalikanipun nyinau
ilmu-ilmu donya punika kedah dipun niyati kangge ndumugeaken manfaat dhumateng
muslimin lan kangge ningkataken derajatipun umat Islam.
Kaping
kalih, paring tuladha sae
Lare-lare
punika remenipun tiru-tiru. Lare-lare wau ningali tiyang sepuh punika pinangka
tuladha. Pramila murih lare-lare saged dados sae, tiyang sepuh kedah saged
dipun tuladha kesaenanipun.
Nggulawentah
kanthi paring tuladha langkung numusi tinimbang anamung wicantenan. Ingkang
makaten nyocogi kaliyan ungel-ungel ing basa Arab "Lisanul
hal, afdholu min lisanil maqal – tumindak iku luwih numusi tinimbang
pangucap".
Wigatosing
tiyang sepuh dados tuladha menggahing lare ugi dipun ngendikaaken Allah ta’ala ing dalem pangandikanipun :
ذُرِّيَّةً بَعْضُهَا مِنْ بَعْضٍ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
“Anak turun iku sabageyane mujudake
turun saka liyane". (Q.S. Ali Imran: 34).
Tegesipun tiyang sepuh ingkang sae
badhe ngasilaken turun ingkang sae ugi.
Jama'ah
Jum'at Rahimakumullah!
Kaping
tiga, milihaken
lingkungan ingkang sae.
Pepenget
perlunipun milih lingkungan ingkang sae kanggenipun lare sampun dipun
dhawuhaken dening Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ing dalem
hadits ingkang dipun riwayataken Imam Abu Dawud, Imam At-Tirmidzi, Imam Ahmad
dan Imam al-Hakim :
اَلرَّجُلُ عَلَى
دِيْنِ خَلِيْلِهِ، فَلْيَنْظُرْ أَحَدُكُمْ مَنْ يُخَالِلُ
“Sawiji wong iku gumantung marang amaga
kancane. Mula prayoga padha digateake karo sapa dheweke kekancan".
Lingkungan
makaten nglimputi lingkungan kulawargi, lingkungan rerencang ugi lingkungan
sekolah.
Jama'ah Jum'at
rahimakumullah!
Kaping
sekawan, tansah ndedonga kangge kesaenan
putra.
Nggulawentah
punika mujudaken ihktiaripun manungsa ndadosaken anak shalih. Ananging ingkang
kuwaos ndadosaken kawontenan sae punapa mbotenipun inggih punika Allah subhanahu
wa ta'ala. Mangka prayogi tiyang sepuh sami nyenyuwun dhumateng Allah murih
dipun gampilaken. Saestu do'a tiyang sepuh kangge kesaenan putra punika
mustajabah. Saking shahabat Anas bin Malik radhiallahu’anhu,
Rasulullah Shallallahu’alaihi
wa sallam ngendika:
ثَلاَثُ
دَعَوَاتٍ لاَتُرَدُّ دَعْوَةُ الْوَالِدِ وَدَعْوَةُ الصَّائِمِ وَدَعْوَةُ
الْمُسَافِرِ
“Ana telu
do'a tak ora ditolak : doane wong tua (kanggo anake), dongane wong pasa,
lan dongane wong kang lagi lelungan ”
(HR. Al Baihaqi)
Ing antawisipun
do'ado'a ingkang sae ingkang sinebat ing Qur'an inggih punika :
رَبَّنَا هَبْ لَنَا
مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
“… Yaa Rabb kawula, mugi panjenengan kersa
ndadosaken pasangan kawula lan anak turun kawula sami minangka panglipur manah
kawula, lan dadosna kawula sami minangka pimpinan tiyang-tiyang ingkang
taqwa" .[QS. Al-Furqaan ayat 74]
Jama'ah Jum'at
rahimakumullah!
Estunipun
putra punika investasi donya lan akhirat. Sok sintena sukses ing dalem ndidik
putranipun, piyambakipun badhe pikantuk kabahagyan donya lan kesaenan geasang
ing akhirat. Kosok wangsulipun sok sintena gagal ing dalem ndidik putranipun,
tiyang wau ing donya badhe nampi kathahing pannandhang - ing akhirat badhe pikantuk siksa awit lampah
awon putranipun.
Mugi-mugi Allah
kepareng ndadosaken putra-putri kula penjenengan sami sarta lare-lare bangsa
Indonesia sae lair-batosipun.
أَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ
الَّذِيْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ.
Khutbah
II
اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ
اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ.
اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ
وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا
صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا
صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنا وَأَصْلِحْ لنا دُنْيَانا الَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لنا آخِرَتنا الَّتِي فِيهَا مَعَادُنا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَّنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لنا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا.
اَللهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا
صَلاَتَنَا وَصِيَامَنَا وَأَعْمَالَنَا وَجَمِيِعَ عِبَادَاتِنَا بِرَحْمَتِكَ
يَا أرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النار.
سُبْحَانَ
رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ
وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ الصَّلاَةَ.
إرسال تعليق