![]() |
img : pexels.com |
Teks
Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Mahargya Warsa Enggal 1444 H
Ust.
Sadmonodadi
إِنّ الْحَمْدَ
لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ
شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ
لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْـهَدُاَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ
هَدَى مَنْ شَـاءَ اِلَالصِّـرَاطِ الْمُسْـتَقِيْمِ, وَاَشْـهَدُاَنَّ مُحَمَّدًا
رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُدَاعٍ اِلَىالطَّـرِيْقِ الْقَوِيْمِ. اَللّهُـمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ.
اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىبِتَقْوَى اللهِ
لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا
اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Jama'ah Jum'at ingkang minulya!
Alhamdulillah, sedaya puji
lan pangalembana kunjuk dhumateng Ngarsa Dalem Allah. Shalawat saha salam mugi
katetepna dhumateng Rasulullah, dhumateng keluarganipun, dhumateng para sahabat
lan sumrambahipun dhumateng kita sami.
Mangga kita sami tansah ngepenaken anggen kita ngibadah dhumateng Allah murih
kita sami cinathet minangka ewonipun tiyang-tiyang ingkang taqwa.
Kaum muslimin ingkang dipun rahmati
Allah!
Mboten dangu malih kita
sami badhe lumebet ing warsa enggal 1444
H. Warsa enggal punika prayogi kapahargya kanthi kebak
pangajeng-ajeng, kanthi kebak raos optimis. Kita sami gadhah panyuwunan, tahun
1444 hijriyah mugiya mbekta kathah-kathahipun kesaenan tumrap sedaya manungsa
umumipun lan umat Islam khususipun.
Mboten anamung mbetahaken
pangajeng-ajeng sae kemawon, wekdal ingkang badhe dumugi kedah dipun rencana
murih ndumugeaken bebathen menggahing gesang kita donya akhirat. Ing bab
pentingipun nggadhahi rencana Allah ngendika ing dalem ayat 18 saking serat
al-Hasyr :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا
اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا
قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا
اللَّهَ إِنَّ
اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
“He wong-wong kang padha iman, padha taqwaa ing Allah dan
saben-saben pribadhi padha gatekna apa kang wus sira tindaake kanggo dina sesuk
(akherat). Padha bektia ing Allah, saktemene Allah iku Maha Priksa marang samubarang kang padha sira lakoni”.
Midherek Imam Ibnu Katsir
ayat punika nggadhahi pangertosan : hisaben pribadhimu sakdurunge dihisab
dening Allah ing akherat sesuke lan padha gatekna amal shaleh kang wus sira
kumpulake kanggo sangu bali marang Allah.
Kaum muslimin rahimakumullah!
Saking pangandikan Imam
Ibnu Katsir saged kita pendhet pangertosanipun bilih wonten kalih perkawis
ingkang kedah kita tindaaken ing wekdal gantosing warsa. Kalih perkawis kasebat
inggih punika :
Sepisan,
muhasabah.
Muhasabah utawi mawas diri
mujudaken perkawis ingkang wigatos
tumrap sedaya muslim. Awit kanthi mawas diri, saben-saben muslim saged
mirsani kekirangan lan kalepatanipun. Kanthi priksa kekirangan lan
kalepatanipun, saben-saben muslim saged ikhtiar kangge njangkepi kekirangan,
ngleresaken ingkang lepat, munggel
ingkang kepanjangen, nyambung ingkang cupet.
Mawas diri punika saged
nyekedhikaken kalepatanipun manungsa. Soksintena tiyang ingkang ngetang-etang
amalipun sak derengipun dipun hisab (etang) dening malaikat, soksintena tiyang purun nimbang amalipun sak derengipun dinten
panimbangan amal (kiamat), mangka piyambakipun kalebet tiyang ingkang beja.
Wondene sinten lirwa ing mawas diri, badhe pikantuk kacilakan. Sayyidina Ali
r.a. nate ngendika :
مَنْ حَا سَبَ
نَفْسَهُ رَبِحَ وَمَنْ غَفَلَ عَنْهَا خَسِرَ
“Sapa
kang mawas dhiri bakal bathi. Sapa kang nglirwaake bakal tuna”.
Menggah wigatosing mawas dhiri, wonten
satunggal kalodhangan Amirul Mu’minin Sayyidina Umar r.a. ngemutaken :
حَاسِبُوا
أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوا وَزِنُوهَا قَبْلَ أَنْ تُوزَنُوا
وَتَأَهَّبُوا لِلْعَرْضِ الْأَكْبَرِ عَلَى اللهِ يَومَئِذٍ تُعْرَضُونَ لَا
يَخْفَى مِنْكُمْ خَافِيَة.
“Padha
pepetunga kowe kabeh sak durunge kowe padha dipetung. Timbangen amalmu sak
durunge amalmu ditimbang. Lan padha
cecawisa sangu kanggo patemon gedhe. Dina nalikane bakal diketokke apa wae saka
sira lan ora ana kang ketutupan”.
Miterat Imam al-Ghazali
muhasabah dipun tindaaken ing tigang papan. Tiga papan wau inggih punika : mawas diri ing babagan nindaaken
kewajiban-kewajiban ingkang sampun dipun dhawuhaken dening Allah (al-faraidh),
mawas diri ing babagan tumindak ingkang
nyebabaken dosa (al-ma’ashi) lan mawas diri ngengingi umur ingkang
sampun kelampahan
Kaum Muslimin rahimakumullah!
Kaping kalih,
ayat 18 saking serat al-Hasyr ngemutaken supados saben-saben muslim
nyiapaken sangu kangge perlunipun gesang akhirat.
Midherek
kanjeng Rasul, donya punika papan kangge tetanem, panenipun wonten akhirat (ad-dunya mazraatul aakhirah – donya iku sawahe
akhirat). Allah ndadosaken donya punika
pinangka margi tumuju dhumateng akhirat. Donya punika sanes akhiring gesang
kita, ananging amanung mujudaken margi sakderengipun kita nglampahi gesang
ingkang saestu, gesang ingkang langgeng ingkang mboten wonten akhiripun.
Sok
sintena tiyang ngisi gesang punika kangge thaat dhumateng Allah kanthi nyawijeaken ing Allah,
lan netepi sunnah Rasulullah,
piyambaaken badhe pikantuk kesaenan gesang ing akherat. Kosok wangsulipun,
tetiyang ingkang ngginaaken gesang donyanipun kangge nuruti hawa nefsu lan
ajakanipun syetan, tetiyang wau badhe wangsul dhumateng ngarsanipun Allah
kanthi mustaka tumungkul. Tiyang wau badhe pikantuk gesang ingkang awrat lan mboten nyekecaaken.
Pramila
penting menggahing mukmin-muslim sami nindaaken amal shalih. Ngisi
wekdal-wekdal ing dalem gesangipun kanthi kathah-kathahipun kesaenan.
Kaum muslimin rahimakumullah!
Estunipun Allah sampun paring
pitedah murih tiyang iman mboten tuna gesangipun. Ing dalem serat al-Ashr ayat
1 ngatos 3 Allah ngendika :
وَالْعَصْرِۙ. اِنَّ
الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍۙ. اِلَّا
الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ
وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.
"Demi wektu, temen, manungsa iku
tansah ana ing kahanan tuna, kejaba wong kang iman lan nindaake kebecikan lan
padha ajak-ajak marang bebener lan padha
ngajak-ajak marang sabar".
Menawi mboten kepengin
pikantuk kapitunan ing dalem gesangipun, tiyang iman kedah tansah nindaaken
amal shalih, ngajak-ajak dhumateng tumindak leres lan ngajak-ajak sabar ing dalem nindaaken thaat.
Jama'ah
Jum'at rahimakumullah!
Ing ndalem ngginaaken
wekdal murih pikantuk bebathen, Kanjeng Rasul kepareng paring pemut :
اغْتَنِمْ خَمْسًا قبلَ خَمْسٍ: شَبابَكَ
قبلَ هِرَمِكَ، وصِحَّتَكَ قبلَ سَقَمِكَ، وغِناكَ قبلَ فَقْرِكَ، وفَرَاغَكَ قبلَ
شُغْلِكَ، وحَياتَكَ قبلَ مَوْتِكَ
"Manfaatna limang perkara sak
durunge limang perkara : Enommu sak durunge tumeka tuamu, kahanan sehatmu sak durunge tumeka
kahanan laramu, kahanan sugihmu sakdurunge kahanan fakirmu, kahanan lodhangmu
sakdurunge kahanan rupekmu lan uripmu sakdurung tumeka patimu".
Makaten khutbah ing Jum'at
dinten punika. Mugi-mugi warsa enggal 1444 H dados sarana tumuruning kabegjan
ingkang kebak rahmat dhumateng kita sami. Mugi-mugi ing tahun 1444 kita dipun
paring kasantosan iman, kasarasan lan dipun
gampilaken nindaaken kathah-kathahipun ibadah lan amal shalih.
أَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ
الَّذِيْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ.
Khutbah 2
اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ
أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ
عَلَىخَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ
وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ
مُّسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدّعَوَاتِ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا
وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي
قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا
وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ. رَبَّنَا لَا
تُؤَاخِذْنَا إِن نَّسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا
إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا
تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ ۖ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا
وَارْحَمْنَا ۚ أَنتَ مَوْلَانَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ. رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي
اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد
تسليمًا كَثيْرًا وَالْحَمْدُ
لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ..
إرسال تعليق