Teks Khutbah Jumat Singkat
Piwucal Agung Saking
Gempa Bumi lan Kobongan Hutan
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
.
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Bencana
alam ingkang saweg dipunadhepi dening nagari kula lan panjenengan punika boten
namung saderma warta ing media, nanging minangka prastawa nyata ingkang
nggegirisi sarta dados pacoben ingkang awrat kagem sedherek-sedherek kula lan
panjenengan. Prastawa gempa bumi ing Nusa Tenggara Timur (NTT) ingkang
ngoyagaken lemah sarta ngrusak panggenan padunungan, sarta kobongan hutan ing
Kalimantan ingkang nimbulaken kabut asap lan karusakan lingkungan, punika
sasmita lan pèngetan tumrap kula lan panjenengan sedaya supados tansah emut
dhumateng Pangeran sarta njaga kelestarian alam.
Pramila
saking punika, sumangga kula lan panjenengan boten namung saderma prihatin,
nanging ugi nggadhahi manah ingkang tinarbuka kagem mundhut piwucal ingkang
sakelangkung lebet saking prastawa menika. Awit saking musibah ing NTT lan
Kalimantan punika, wonten piwucal agung ingkang saged dados bahan evaluasi
sarta refleksi diri kagem kula lan panjenengan sedaya, supados saged ngingkataken
iman, ndandosi tumindak marang alam, sarta ningkataken raos katresnan dhumateng sesami.
1. Piwucal Sepisan: Gempa NTT pinangka pepemut supados
kula lan panjenengan enggal tobat
Kedadosan gempa bumi ing NTT ingkang ngoyagaken tanah
lan bangku-bangku panguripan punika minangka bukti kekiatan Allah SWT ingkang
mboten saged katandingi. Menawi bumi ingkang semanten kiyatipun saged
kaguncangaken ing sajeroning sekedhap mripat, punika minangka pepemut langsung
saking Allah supados atinipun kula lan panjenengan ingkang sakmenika mbok bilih
saweg garing lan kaku saged kaguncangaken supados eling lan tobat.
Allah SWT paring dhawuh wonten ing Al-Qur'an:
وَمَا نُرْسِلُ بِالْآيَاتِ إِلَّا
تَخْوِيْفًا
"Lan Ora Ingsun (Allah) ngutus tanda-tanda
kekuasaan puniku kajaba kagem paring rasa wedi (supaya manungsa eling lan
tobat)." (QS. Al-Isra': 59)
Lumantar gempa ing NTT punika, kula lan panjenengan
dipuntuntut nindakaken refleksi diri: punapa kula lan panjenengan sampun kathah
nglampahi dosa, utawi saestu sampun njaga shalat lan taqwa dhumateng Allah?
2. Piwucal kaping kalih: kobongan hutan ing Kalimantan
pinangka dawuh evaluasi diri
Bencana kobongan hutan lan lahan ing Kalimantan
ingkang njalar dumugi nimbulaken kabut asap lan ngganggu kasahatan jutaan warga
minangka wujud nyata karusakan ingkang kasababaken dening keserakahan tangan
manungsa. Wit-witan ingkang katutup asring dipunrampas lan dipunobong tanpa
mikiraken dampakipun tumrap lingkungan lan titah sanesipun.
Allah SWT sampun ngelingaken kanthi cetha wonten ing
sajroning Al-Qur'an:
ظَهَرَ الْفَسَادُ
فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِي النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ
الَّذِيْ عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ
"Wis nyata kerusakan ing daratan lan ing segara
amarga saka panggawene tangane manungsa, supaya Allah ngrasakake marang dheweke
sebagian saka (dampak) panggawene, supaya dheweke kabeh bali (ing margi kang
leres)." (QS. Ar-Rum: 41)
Prastawa ing Kalimantan punika dados evaluasi agung
tumrap kula lan panjenengan supados mungkasi tumindak ingkang ngrusak alam,
sarta nilar sipat serakah lan kepingin nggayuh kauntungan pribadi kanthi
ngorbanaken kelestarian bumi.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Pramila
saking punika, sumangga kula lan panjenengan sami tobat lan nilaraken sedaya
tumindak dosa sarta maksiat ingkang mboten dipunremani dening Allah SWT. Swawi
kula lan panjenengan nyaketaken diri dhumateng Allah kanthi ngatah- ngatahi
amal kabecikan, sarta njagi karukunan gesang lan kelestarian alam ing sakiwa tengen
kula lan panjenengan. Kanthi manah ingkang resik lan raos peduli marang sesami, mugi-mugi Allah SWT
tansah paring rahmat lan nglindungi nagari kula lan panjenengan saking
mawarni-warni bencana lan musibah.
Pinutuping
atur, mugi-mugi prastawa gempa ing NTT sarta kobongan hutan ing Kalimantan
punika saged dados obor pitedah ingkang madhangi manah kula lan panjenengan
sedaya. Mugi Allah SWT paring kekiatan lan kesabaran tumrap para korban, sarta
paring hidayah dhumateng kula lan panjenengan supados dados hamba ingkang
tansah eling, tobat, lan njagi alam
punika kanthi amung ngupadi ridha-Nipun.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

إرسال تعليق