Teks Khutbah Jumat Singkat

Ngiyataken Kabecikan

ing Wulan Syawal

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ


Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos dumugi akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wulan Syawal punika asring dipun sebat minangka wulan kagem mbuktekaken bilih takwa kula lan panjenegan boten namung wonten ing lisan, nanging ugi wonten ing pakarti (akhlaq). Sasampunipun kula lan panjenegan nempa dhiri wonten ing madrasah Ramadhan, pranyata tugas salajengipun inggih punika njagi laku becik dhumateng sesami, utamanipun dhumateng keluarga lan tangga tepalih.

Mila wonten ing mimbar khutbah jumat siang punika kepareng khatib aturaken seperangan dhawuh islam ing bab ngiyataken kabecikan ing keluarga lan masyarakat.

1.     Ngiyataken Sesambetan ing Keluarga

Keluarga punika tiyang-tiyang ingkang paling caket lan paling gadhah hak nampi kabecikan saking kula lan panjenegan sedaya. Ampun ngantos kula lan panjenegan katingal saé ing jawi, nanging malah kasar utawi boten nggatekaken keluarga piyambak. Allah SWT paring pepemut:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا

"He wong-wong kang iman, reksanen awakmu lan keluargamu kabeh saka geni neraka." (QS. At-Tahrim: 6)

Rasulullah SAW ugi paring sabda bilih ukuran tiyang ingkang saé punika dipun tingali saking caranipun piyambakipun mulyaken keluarganipun. Ngendika Rasulullah SAW:

خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ وَأَنَا خَيْرُكُمْ لِأَهْلِي

"Sing paling apik ing antaramu yaiku wong sing paling apik marang keluargane, lan aku iki wong sing paling apik marang keluargaku." (HR. Tirmidzi)

Tuladha saking ngiyataken kabecikan dhumateng keluarga saged kula lan panjenegan wujudaken mawi perkawis-perkawis ingkang prasaja nanging ageng paedahipun. Kadosta nggadhahi lathi ingkang alus nalika ngendikan kaliyan garwa lan putra-putri, mboten gampil duka, sarta mratelakaken raos asih lumantar wekdal ingkang mentes kagem kempal sesarengan sanadyan namung sakedhap. Kanthi mbiasakaken paring puji dhumateng saénipun keluarga lan mbiyantu pakaryan griya kanthi lila legawa, punika sampun dados bukti bilih kula lan panjenegan saestu nindakaken dhawuhipun agami kagem mulyaken baiti jannati utawi griya ingkang kados dene suwarga

2.     Ngiyataken Sesambetan kaliyan Tangga Tepalih

Tangga tepalih punika sederek ingkang paling caket menawi kula lan panjenegan nembe nandhang reribet. Agami Islam nggatosaken sanget babagan hak-hak tangga. Malah, imanipun satunggaling tiyang punika dipun kaitaken kaliyan cara piyambakipun mulyaken tangga. Rasulullah SAW dhawuh:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ

"Sapa wae sing iman marang Allah lan dina akhir, mangka dheweke kudu mulyake tanggane." (HR. Bukhari & Muslim)

Ngiyataken sesambetan kaliyan tangga saged dipun lampahi kanthi cara:

a)       Saling paring pambiyantu nalika tangga nembe kesusahan.

b)      Njagi lisan saking ngrasani utawi nglarani penggalih tangga.

c)       Saling paring hantaran utawi dhaharan sanadyan namung sekedhik.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga kula lan panjenengan dadosaken wulan Syawal punika minangka kesempatan kagem ngguyubaken malih sesambetan kaliyan tangga tepalih ing sakubenging griya. Kanthi mbiasakaken sapa aruh, paring pitulungan kanthi ikhlas, sarta nebihi tumindak ingkang saged damel risaking paseduluran, ateges kula lan panjenegan sampun mujudaken kesalehan sosial ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti Allah. Amargi saénipun sesambetan kaliyan tangga boten namung nggadhahi nilai kamanungsan, nanging ugi dados dhasar sampurnaning iman ingkang badhe mbeta katentreman wonten ing dunya sarta kamulyan wonten ing akhirat mangke.

Pungkasaning atur, mugi-mugi Allah SWT tansah paring hidayah lan kekiyatan dhumateng kula lan panjenegan sedaya supados saged istiqomah njagi kerukunan, saé punika wonten ing njeronipun keluarga sarta wonten ing madyaning masyarakat. Mugi-mugi sedaya laku becik ingkang sampun kula lan panjenegan rintis wiwit wulan Ramadhan saged terus lumampah lan saya kiyat wonten ing wulan Syawal punika, saéngga kula lan panjenegan sedaya kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang nggadhahi akhlaqul karimah.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini.



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama