Teks Khutbah Gerhana Bulan

Pepadhang ing Manah

Nalika Rembulan Peteng

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.

Jamaah Shalat Khusuf ingkang dipun mulyaaken Allah,

Wonten ing kalodhangan ingkang kebak berkah punika, saderengipun rembulan wangsul padhang, sumangga kula lan panjenengan sesarengan nambahi raos takwa dhumateng Allah SWT. Alhamdulillah, ing wulan Ramadhan ingkang suci punika, Allah paring tanda kekuasaanipun awujud Gerhana Bulan. Kedadosan punika mboten namung fenomena alam biasa, nanging minangka "pepeling" saking Allah kagem kula lan panjenengan sedaya.

Allah SWT paring dhawuh wonten ing Al-Qur'an:

وَمِنْ ءَايَٰتِهِ ٱلَّيْلُ وَٱلنَّهَارُ وَٱلشَّمْسُ وَٱلْقَمَرُ ۚ لَا تَسْجُدُوا۟ لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَٱسْجُدُوا۟ لِلَّهِ ٱلَّذِى خَلَقَهُنَّ إِن كُنتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ

 

"Lan sebagéyan saka tandha-tandha kekuasaan-Ne yaiku anané wengi, rina, srengéngé lan rembulan. Ojo sira sujud marang srengéngé lan ojo uga marang rembulan, nanging sujuda marang Allah kang nyiptakaké sakabèhané, yèn pancèn sira mung nyembah marang Panjenengané." (QS. Fussilat: 37)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Gerhana punika sanes amargi wontenipun raseksa ingkang nguntal rembulan, sanes ugi amargi wontenipun tiyang agung ingkang sedo utawi lair. Rasulullah SAW sampun negasaken:

إِنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللَّهِ ، لاَ يَنْخَسِفَانِ لِمَوْتِ أَحَدٍ وَلاَ لِحَيَاتِهِ

"Satemene srengéngé lan rembulan iku rong tandha saka tandha-tandha kekuasaané Allah. Lelakon gerhana iku dudu merga matiné utawa lairé wong siji-sijia." (HR. Bukhari & Muslim)

 Wonten ing wulan Ramadhan punika, kedadosan gerhana kedahipun dados momentum kagem Muhasabah utawi ndandani dhiri. Nalika rembulan ingkang padhang saged dadi peteng krana kersanipun Allah, punika nggambaraken bilih gesang kula lan panjenengan wonten ing donya nggih saged dipun malik kapan kemawon miturut kersane Gusti Allah.

Mila saking punika, Rasulullah SAW maringi tuntunan bilih nalika kula lan panjenengan nyipati gerhana, kula lan panjenengan kedah enggal-enggal nindakaken amal shaleh:

فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذَلِكَ فَادْعُوا اللَّهَ وَكَبِّرُوا وَصَلُّوا وَتَدَصَّقُوا

"Mula, yèn sira nyipati gerhana, ndedongaa marang Allah, maca takbir, nindakna shalat, lan mènèha sedekah."

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Sumangga kula lan panjenengan gunakaken wekdal punika kagem nyuwun ngapura dhumateng Allah. Ampun ngantos manah kula lan panjenengan peteng kados rembulan ingkang ketutup ayang-ayang bumi, amargi kakehan duso lan maksiat. Mumpung kula lan panjenengan taksih dipun paringi umur dumugi Ramadhan taun punika, sumangga kula lan panjenengan hijrah saking sipat ingkang awon dhateng sipat ingkang sae.

Mugi-mugi kanti wasilah ibadah kula lan panjenengan dalu punika, Allah paring pepadhang wonten ing manah kula lan panjenengan sanadyan kahanan ing jawi nembe peteng. Mugi Allah njaga kula lan panjenengan saking sedaya balak lan nampi siyam kula lan panjenengan sedaya dumugi dinten riyaya mangke.

 

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah Gerhana berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini.




 

 


Post a Comment

أحدث أقدم